Senin, 19 Oktober 2020

 https://youtu.be/kGg6b6dVXB4 Gandrung masker..

 

Gandrung Tongkosan Normaltah New Normal?

Wis jangkep rong ulan  mangsa PSBB (Pembatasan Jarak Berskala Besar) dilakoni masyarakat. Sakat anane pagebluk covid-19 ring kawitan ulan April masyarakat Banyuwangi ngelakoni PSBB (Pembatasan Sosial Berskala Besar) sampek ulan Juni 2020 iki. Sakmono suwene masyarakat milu nyang aturane pemerintah sing ulih menyang-menyang lan sing ulih kumpul-kumpul kanggo nyegah penyebarane virus corona iku. 

Sampek Ulan Pasa lan ulan Syawal masyarakat magih ngelakoni kegiyatan ring ulan Puwasa kayata sholat terawih, tadarus, lan nyekar ring makam nganggo standart pencegahan  penyebaran covid-19. Akeh langgar hang sing bukak lan milih ngelakoni sembayang terawih ana ring umah bain. Naming ana uga masjid hang magih ngelakoni terawih lan tadarus naming mung nerima warga masyarakat sakkelimpekan masjid bain. Ana uga masjid hang nganggo semprotan sak awak hang wujude kaya kothakan isine semprotan sanitizer, lan ngukur suhune jamaah masjid sakdurunge melebu masjid.

Ring Ulan Juni iki mangsa PSBB (Pembatasan Jarak Berskala Besar)  diganti ambi mangsa New Normal yaiku mangsa masyarakat bisa urip kaya normal biasae naming nganggo protokol kesehatan covid-19. Umpamane pasar bisa bukak maning, naming hang dodol lan hang tuku kudu nganggo masker, wesuh nganggo sabun uga jaga jarak kadhung ana ring njero pasar. Hotel lan panggonan ngelencer ya wis ulih dibukak naming kudu nganggo protokol kesehatan hang kaya diatur ring pemerintah umpamane ana wastafel hang keneng dienggo wisuh lan ana sabun antiseptike ring panggonan melebu lan panggonan arep metu. Sing lali uga kudu diukur suhu awake nganggo thermo gun (pengukur suhu tubuh). Pegawe lan pengunjuge wajib nganggo masker.

Sing beda ambi masyarakat liya sambatane para seniman hang ana ring Banyuwangi uga sing kalah anter. Saklawase ana mangsa PSBB (Pembatasan Jarak Berskala Besar) para seniman sing bisa duwe kegiatan kesenian lan sing bisa duwe penghasilan. Merga panggonane manggung sing ulih dibukak kanggo nyegah penyebaran virus corona iki.

Sambatane para seniman iki nyatane ditanggapi ambi DKB lan Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Banyuwangi hang wis nganakaken rembug makne kesenian bisa manggung maning kaya hang wis diuwot ana ring belambangan.com , dina Senin 08 Juni 2020.

Gage njingkat Taufik Hidayat hang dadi ketua DKB Kab. Banyuwangi ngumpulaken seniman lan sanggar-sanggar kanggo nyatakaken kadhung kesenian bisa manggung maning naming kudu nganggo protokol kesehat covid-19. Umpamane wajib nganggo masker, jaga jarak, hand sanitizer, lan wisuh nganggo sabun antiseptik. Kelendi maning tinimbang meneng bain sing ana penghasilan, arep mangan paran? Gediku kira-kira pikirane para seniman Banyuwangi hang na ring kana.

Mesti bain hang dadi perkara yaiku penarine hang kudu nganggo masker pisan. Kamangka wis nyebar video ring Internet lan medsos anane gandrung hang nganggo tongkos lan nganggo topong (face shiled). Video Jejer Gandrung tongkosan lan topongan hang dianakaken ring desa-desa tanggap darurat iki  ulih tanggapan miring ring medsos. Sing sithik hang mencep lan alok-alok dhung gandrunge iku sing cocog merga sing bisa mesem lan sing katon raine ayutah using.

Ring medsos kayatah Facebook lan Status WA akeh hang ngunggah video gandrung tongkosan lan topongan iku. Sing sithik hang ngomong kadhung gandrung hang nganggo topong katone aneh kaya alien (mahluk angkasa luar), eseme sing katon lan raine gandrunge ilang  mung katon kethap-kethipe mata bain.

Untunge bain ring rembugan hang digagas ambi DKB lan Disbudpar Banyuwangi iki bisa nggoleti dalan tengahe. Maskere digawe kudu model scuba (model hang tongkosane cilik lan pres nyang bacot dadine aran rupa magih bisa dikatokaken). Kelire tongkos uga bisa nganggo kelir hang dipadhakaken uatawa dipasaken ambi kostum penarine. Umpamane sampur lan tapihe abang bisa bain tongkose abang. Bisa uga kelir hang sakrupa ambi kelire kulit.

Kelendi ngatasi mangsa New Normal hang wis mangkat sakat tanggal 04 Juni 2020 para seniman Banyuwangi kabeh hang biasane manggung ring acara-acara keramean kudu ngarteni protokol kesehatan pencegahan penyebaran covid-19 iki.

Sakteruse maning hang sing kalah pentinge yaiku bab idine penata tari. Penata tari hang tariane arep dipentasaken kudu dijaluki lega lilane merga penganggone ana perubahan sithik. Umpamane penata tarine sing ngidini tariane dienggoni tongkos lan topong yaiku masker lan face shield ya kudu bisa nerima. Sanggar utawa penari bisa milih tarian hang wis nguweni idinbain hang dipilih.

Mula iku Taufik Hidayat hang dadi Ketua DKB Banyuwangi hang uga pensiunan dokter iki arep gawe idin tertulis nyang para penata tari hang tariane digawa ring pementasan. Sing luput uga Sumitro Hadi hang duwe tari Jejer Jaran Dhawuk hang sabane dipentasaken ana ring Wijenan nganggo tongkos kelir ijo lan topong (face shild) hang ningguli omproge.

Hang pungkasan Ketua DKB iki arep nggawe surat edaran nyang sanggar-sanggar bab pelanggeran mentas lan manggung kesenian ring mangsa New Normal iki. Lan kudu ditegesi maning kadhung tongkos iku dudu kostum tari naming protokol kesehatan ring mangsa New Normal. Kadhung wis normal hang sakbenere normal mesti ya bakal balik nyang kostum gandrung hang mula. Muga-muga gelis normal maning.