Jumat, 09 Desember 2011

Ulangan Semester Ganjil Tahun 2011/2012

Kelas 7 , Mapel : Kebudayaan banyuwangi
Kisi-kisi Soal

Kisi2
1. Nyebutaken Potensi Wisata Banyuwangi kang antarane potensi alam , adat, lan keseniane
2. Jelasaken pengertiane adat
3. nduduhaken contone adat ring daerah Banyuwangi
4. Jelasaken Adat Kebo-keboan
5. Njelasaken tahapane lan pengertiane Gandrung
6. nduduhaken penganggone utawa kelengakapane kostum gandrung
7. Njelasaken upacara adat Pethik Laut
8. Nduduhaken ubo rampe ring Pethik Laut Muncar
9.Mbedakaken Barong Ngarak lan Barong Bengi
10.Njelasaken adat endog-endogan
11. Nduduhaken perlambang lan simbol kang dikarepaken teko wujude Kembang Endog
12. Njelasaken Pengertian Perang bayu
13. Nduduhaken tokoh-tokoh Perang bayu
14. Njelasaken pengertiane dino dadine Kutho Banyuwangi
15. Nduduhaken salah sijine Legenda kang ana ring Banyuwangi

Minggu, 20 November 2011

Legenda Banyuwangi

Critakno maning ring ngarep kelas nganggo basa using kang apik, intonasi, mimik, lan ekspresi kang sesuai, crito banyuwangi kang biso dipilih, Asal Muasale aran Kutho Banyuwangi, Perang Bayu, lan crita-crita liyane duwene rakyat Banyuwangi..

Jumat, 11 November 2011

Legenda Banyuwangi

ASAL MUASALE ARAN KUTHO BANYUWANGI
(Ditulis lan diceritakaken maning ambi: Drs. Moh. Syaiful)

Ring jaman bengen, ring pucuk wetan tanah jawa iki ana kerajaan kang gedhe lan endah kang diarani kerajaan Sindhurejo. Kerajaan iki dipimpin Raja kang arane Sulahkromo. Sulahkromo nduwe patih kang sakti sagah wani tanding kang arane Patih Sidopekso. Patih  Sidopekso iku satriya kang ikhlas anggone ngabdi yang kerajaan. Patih Sidopekso duwe rabi kang alus budine lan ayu rupane kang aran Sritanjung, sampek Raja Sulahkromo kepencut katut lan kedanan nyang Sritanjung
Raja Sulahkromo duwe rasa kepingin nduweni Sritanjung, mulo soko iku Sulahkromo nggolet akal klendi carane biso nyingkiraken Sidopekso kadung perlu sampek tumekaning pati. Sulahkromo terus nduwe akal, Patih Sidopekso diperintah nglakoni tugase Negara kang sing bakal bisa dilakoni wujude menungsa.
Sing nduwe curigo, Patih Sidopekso langsung berangkat nglakoni kuwajiban njunjung tugase Negara lan nglakoni titah Raja. Sulahkromo seneng atine mergane Sidopekso menyang adoh nglakoni tugase Negara. Sakpeninggale Sidopekso Sulahkromo nekani Sritanjung ana ring kepatihan umahe Sritanjung, Sulahkromo nyampekaken kekarepane atine kepingin ngawini Sritanjung. Rayuane Sulahkromo kang arep ndadekaken Sritanjung Prameswari-ne  Raja ditolak ambi Sritanjung mergane Sritanjung magih nduweni kewajiban nyang lakine Patih Sidopekso.
Sulahkromo ngamuk lan panas atine serta ditolak  ambi Sritanjung. Lara atine Sulahkromo tambah nemen, Sulahkromo kepingin mbales lara atine merga sing diterima ambi Sritanjung. Sak balike teko tugase Sidopekso langsung ngadep nyang Raja Sulahkromo. Sulahkromo terus mitnahi Sritanjung, Sulahkromo nyeritakaken kadung Sritanjung wis dadi wong wadon sing bener, wani mara ngadep Raja njaluk didadekaken Prameswari lan bisa sanding ambi Raja kepingin urip enak ring kerajaan.
Rungu kabar sing enak teka Rajane Sidopekso sing kathik mikir liya maning, Sidopekso balik nggoleti rabine ning umahe. Sritanjung kaget nemoni lakine kang wis kesetanen, Sritanjung nyeritakaken kedadean sak benere, naming Sidopekso wis kepilu nyang pitnahe Sulahkromo. Sing kesuwen maning Sidopekso njuput kerise teko wrangkane, Sritanjung diseret ring pinggire jurang kalen kang banyune buthek lan kothor. Sritanjung gelem lan ikhlas mati ring tangane Sidopekso, naming sakdurunge Sritanjung mati, Sritanjung wekas nyang Sidopekso, kadung engko Sritanjung mati mayite diceburaken jurang,  kadung banyu kang buthek dadi tambah buthek lan mambu bathang  iku tandhane Sritanjung salah lan wis serong nyang wong lanang liyo.Naming sakbalike kadung banyu kang buthek berubah dadi kening lan ambune wangi artine Sritanjung sing salah magih suci lan jujur.
Sidopekso wis sing kuat nahan atine kang wis gemulak kaya mbanyu kang digodhok, Sidopekso nancepake kerise nyang dhadhane Sritanjung , getihe kemleler mili ring sak awake, sakmarine mateni kang wadon dhewek Sidopekso nyeburaken mayite Sritanjung nyang jurang kalen kang banyune buthek iku mau. Sidopekso kaget saknaliko banyu kang buthek iku mau dadi kening gandane wangi semebrung ring sekitare. Sidopekso gethun anggone mateni Sritanjung. Sakdawane dalan ambi nggetuni lakune Sidopekso ngucap , ….Banyu…wangi…., Banyu…Wangi….Dinggo ngenget- enget kedadean iku, panggonan kedadean iku diarani Banyuwangi.

Rabu, 02 November 2011

LEMBAR KEGIATAN SISWA

LEMBAR KERJA SISWA
MATA PELAJARAN/KELAS: SENI BUDAYA                                              SMT.      : GANJIL
SEKOLAH                             : SMPN 1 BANYUWANGI                               KD          : Ngungkapaken cerita/dongeng                                                                                                                                                 Banyuwangi
Bukaken Blogg Kebudayaan Banyuwangi ring : www.syaifulbanyuwangi.blogspot.com, Wacanen Bab Perang Bayu terus jawaben pitakonan ngisor iki:
1.       1. Perang kang paling gedhr ring bumi Banlambangan yoiku:……………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………………………………………………..
2.      2.  Diarani Perang Bayu Mergane………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………………………………………………..
3.       3. Dinggo mungkasi kekuatani Benteng Bayu VOC nekakaken bala bantuan teko…………………………….
……………………………………………………………………………………………………………………………………………………..
4.       4. Tulisen sebabe VOC (Bangsa Landa) kangelan anggone ngatasi kekuatan Benteng Bayu………………
……………………………………………………………………………………………………………………………………………………..
5.       Sak peninggale Mas Rempeg/Pangeran Jagapati Senopati Perang Balambangan diganti ambi……..
……………………………………………………………………………………………………………………………………………………..
5. Isinen kang kosong ring table ngisor iki!
NO
TANGGAL KEDADIAN
KEDADIANE
WONG-WONG KANG TERLIBAT
PANGGONANE
1
13 Desember 1771
……………………………………….
……………………………………….
……………………………………….
……………………………………….
……………………………………….
……………………………………….
……………………………………….
……………………………………….
……………………………….
……………………………….
……………………………….
……………………………….
……………………………….
……………………………….
……………………………….
………………………………
………………………
………………………
………………………
………………………
………………………
………………………
………………………
………………………
2
17 Desember  1771
……………………………………….
……………………………………….
……………………………………….
……………………………………….
……………………………………….
……………………………………….
……………………………………….
……………………………………….
……………………………….
……………………………….
……………………………….
……………………………….
……………………………….
……………………………….
……………………………….
………………………………
……………………………….
……………………………….
……………………………….
……………………………….
……………………………….
……………………………….
……………………………….
………………………………

Selasa, 01 November 2011


PERANG BAYU
Moh. Syaiful
(Ditulis Maning teko Sumber-sumber kang Dipercoyo)
            Kang aran perang ring bumi Blambangan rikolo jaman VOC utowo jaman Kolonial Landa koyo dene uripe jamur ring wayah udan. Mati ring kene mrujuk maning ring kana, sing ana entek-enteke, tapi perang ring Bumi Blambangan kang paling gedhe lan paling ngenes yo mung Perang Bayu. Perang Bayu diarani perang kang gedhe mergane perang iki wis akeh ngilangaken nyawa lan patine wong Balmbangan. Asale sakdurunge perang wong Blambangan akehe 65.000 wong,  merga perang kari mung 5000 uwong merga ilang lan mati ring peperangan.
            Perang iki diarani Perang Bayu mergane kedadeane ring daerah Bayu (sekitar daerah Kecamatan Songgon saiki). Ring Alas Bayu kang magih rapet ambi wit-witan gedhe iku  antarane perengan  wetan Gunung Raung rakyat Blambangan kang dipimpin Mas Rempeg utawa Pangeran  Jagapati perang ngelawan Landa.
            Tekade rakyat Blambangan anggone kepingin ngusir Bangsa Landa teko Bumi Blambangan wis sing biso surud, Alas Bayu terus didadekaken Benteng pertahanan terakhir kanggo ngadepi Landa. Kebukti serangan-serangane VOC biso diadepi ring Benteng Bayu. VOC ( Kumpeni Landa ) angel ngalahaken Prajurit Blambangan kang gawe Benteng ring Alas Bayu iku, sampek-sampek VOC nekakaken tentara teko daerah sekitar kekuasaane koyo to Semarang Surabaya lan Pasuruan kang akehe 10.000 tentara dingo ngancuraken Benteng Bayu.
            Tanggal 13 Desember 1771 Kapten Reygers , pimpinan tentara VOC ring Ulupangpang nyerang Bayu. Naming kerana benteng Bayu kuwat, pasukane malah ditumpes ambi pasukan Bayu. Pasukan Bayu kang lebih nguwasane palagan perang, ngelakoni perang kaya wong memengan sengidanan. Melencat teka wit siji nyang wit liyane, lan masang jiret lan barikade ring sak werane alas nuju Bayu. Pasukan VOC kang nyerang teka Susukan lan Songgon sing ana kang selamet. Kapten Reygers dhewek kerana tatu kang ahire mati ring pos Ulupampang. Pimpinan VOC sakteruse diganti ambi Van Schaar.
            Sak akehe kedadian perang lan serangan VOC nyang Benteng Bayu, tanggal 18 Desember taun 1771 iku kedadeane kang paling diengeti sampek didadekaken dina dadine Kutha Banyuwangi. Dina iku Prajurit Blambangan bisa numpes tentara VOC. Tentara VOC waktu iku kabeh dipateni kabeh sing ana sisane, sangking bangkele prajurit Blambangan nyang bangsa penjajah iku pimpinane kanga aran Van Schaar dipateni endhase ditugel terus ditancepaken ring landepe tumbak terus diarak keliling kampung. Menange prajurit Blambangan iku bisa gawe senenge prajurit Blambangan, naming senenge sing bisa terus, mergane rong dina sakmareke kedadean iku, Mas Rempeg utowo Pangeran Jagapati gugur sakwise ketaton ring perang mau.
            Tekade rakyat Blambangan sing mandheg sakmono, sakpeninggale Mas Rempeg perang magih terus dilakoni ring sisa-sisane parjurit Blambangan. Pimpinan Prajurit Blambangan saiki Sayu Wiwit, prajurit wanita senopati perang Bumi Blambangan ngelawan Landa.

Senin, 03 Oktober 2011

KD ngungkapaken pikiran lan perasaan lewat cerita/dongeng Banyuwangi

Ceritakno/dongengno salah sijine cerita sejarah/legenda Banyuwangi ring ngarep kelas nganggo urutan, lafal, suara, gestur, lan mimik kang apik!

Minggu, 25 September 2011

GANDRUNG BANYUWANGI


NONTON GANDRUNG
Oleh: Moh. Syaiful
Gandrung Banyuwangi iku arupo tontonan kesenian kang biasane digelar ring acara hajatan koyoto sunatan, kawinan, Slametan Desa, Pethik Laut lan acara liyan-liyane Kesenian Gandrung iku biasane digelar suwengi mulai jam 7 bengi sampek ngarepaken subuh. Gandrung biasane nggawa panjak kang akehe 5.  Wong lima mau diarani Panjak yoiku wong kang dinggo ngiringi njuget lan nggending nganggo tabuhan, ana Kendang, kempul, gong, bahola, lan kluncing.
Jejer Gandrung
Jejer Gandrung iku arupo komposisi sak tarian kang digawakaken gandrung kanggo mbuka acarane. Ring kono gandrung njuget ambi nggawakaken gending, biasane gending Podho Nonton. Jejer Gandrung iki dikarepaken dadi pembukaan dinggo ngawali pagelarane. Ring Sumitro Hadi salah sijine Penata Tari Banyuwangi Jejer gandrung dikreasi dadi tari lepas kang biso ditarikaken sing ring sakjeroning Gandrung, umpamane ana dayoh pejabat biso disuguhi tari “Jejer Gandrung” kang dijugetaken lare-lare sekolah.
Repenan Gandrung
Sak marine njuget Jejeran ring panggung biasane gandrung mudhun panggung nyalami penonton lan lungguh pareke penonton. Ring kono gandrung ngelayani gending penjaluke penonton.  Sakmarine gending biasane penonton nguweni picis sak ikhlase nyang gandrung, iki kang diarani Tuku Gending.
Pajuan
Pajuan iku gandrung njuget ring panggung ambi penonton. Gandrung biasane di paju ambi wong papat, gentenan pasangan siji-siji sampek wong papat mau uleh kebagian njuget pasangan ambi gandrung. Biasane diiringi ambi gending Embat-embat, Erang-erang, Gurit Mangir, lan gending-gending Liyane.
Seblang Gandrung
Tarian penutup kang biasane dinggo njaluk sepuro nyang kang nduwe gawe  lan penonton. Ring tarian lan gendingan iki gandrung pamitan lan ngucap syukur nyang pengeran ringa anggone ngelaksanakaken penggaweane diweni keselametan lan kesuksesan.

Selasa, 20 September 2011

Tugas KD Mahami Gandrung Banyuwangi

Paran bawen kang rika weruhi bab utowo masalah gandrung. Tulisen nganggo boso using kadung diketik nganggo spasi rangkep hurupe Time New roman 12 point, paling sithik 200 kata!

Conto bab lan masalah kang dibahas:
1. Gerak/Tariane
 2. Asal usule
3. Kostum/busanane
4. Pagelarane

Jumat, 09 September 2011

KEBO-KEBOAN ALASMALANG

Tradisi Kebo Keboan Alasmalang
Oleh : Moh. SyaifuL
Kebo-keboan Alasmalang iku adat kang dilaksanakaken ana ring Alasmalang kecamatan Singojuruh Kabupaten Banyuwangi. Adat kang dilaksanakaken ana ring jerone ulan Syura iku arupo ucap syukur nyang pengeran mergane Pengeran wis nguweni keselametan nyang tetanduran kabeh. Ucap syukur lan dungo diucapaken ugo kanggo njaluk rejeki ring tahun kang arep teko mugo’o biso slamet maning ulihe panenane.
Asal muasale adat iki dinggo njaluk anane udan mergo lawase sing ana udan ana ring panas kang dawa,  terusane para tani njaluk udan ngganggo adat Kebo-keboan. Tradisi iki kelebu adat kang paling unik ana ring tanah jawa iki,  mergane para tani nganggo pacakan kaya kebo terus ngubengi desa sampek nyang sawah. Ana ring sawah kebo-kebo mau terus gulung kuming ndadi sampek kesusupan roh.
Sakdurunge adat  iku dilaksanakaken, ana ring bengine masyarakat Alasmalang ngias dalan kang arep diliwati Kebo-keboan nganggo sembarang Pala Gumantung (uwoh-uwohan koyo to blimbing, jambu, manggis, lan liya-liyane). Liyane Pala Gumantung ana maning Pala Kependem ( koyo to sabrang, sawi, kentang, buthe, lan liya-liyane. Ana ugo kacang-kacangan, janganan lan sakpinunggale asile tanduran. Tumekane esok masyarakat Alasmalang nggelar kloso ana ring perapatan, sakteruse tumpeng lan Ancak (panganan kang di deleh ring bungkus teko papahe gedhang lan godhong) d i tata ring dalan perapatan. Wong ngumpul ring kana terusane didongani ambi pak modin utawa wong kang dianggep tuwek ring desa kono, sakmarine didongane masyarakat ring kono mangan bareng ana ring perapatan.
Mari dilaksanakaken selametan ring perapatan sakteruse wong-wong tani kang macak kebo-keboan diarak keliling desa ana ugo singkal lan pacul dadi simbole pertanian, sing lali ambi lare perawan ayu kang dipacaki koyo Dewi Sri. Musik Angklung dinggo ngiringi arak-arakan mau. Ring sakdawane dalan Dewi Sri nyebaraken bibit nyang masyarakat , para kebo-kebo mau sakteruse ngawal bibit mau njaga lan nguber sapa baen kang arep ngerebut bibit pari kang disebaraken Dewi Sri. Iki nggambaraken semangate masyarkat Alasmalang anggone mapag tekone udan ambi usum tandur.
Ritual iki sakteruse dilaksanakaken ring sawahan, Kebo-kebo mau padha guyang ring sawah lan nguber sapa baen kang nggudo lan arep njuput bibit pari kang disebar Dewi Sri. Sakteruse ring dino bengine dianakaken kesenian ana Wayang Kulit, Janger, lan liyan-liyane dinggo ngibur masyarakat Alas malang lan sekitare.

Rabu, 10 Agustus 2011

PETHIK LAUT

http://hasanbasri08.wordpress.com/2009/10/17/pethik-laut/
Dadi wong Banyuwangi kudu akeh sukure nyang Gusti Pengeran. Kerana Pengeran wis ndadekaken Banyuwangi sing kurang paran-paran. Sawah gemelar sak weran-weran, subur nguripi tetanduran para tani. Segara gemelendheng jeru ngingu iwak kang sing entek-entek dikuras para nelayan. Pokoke sing kira kaeloman sapa bain wong kang urip ring Banyuwangi.
Kanggo wujud sukur nyang Gusti Pengeran iku para nelayan ring Banyuwangi nganakaken upacara adat kang diarani “Pethik Laut”. Kabeh kampung nelayan umume nganakaken adat iki. Sakat teka pesisir Pancer, Lampon, Gerajagan, Muncar, Bomo, Blimbingsari, Pakem sampek Bulusan. Pethik laut dianakaken ring ulan Sura. Tujuane kabeh padha yaiku muji sukur lan njaluk selamet nyang Gusti Pengeran, supaya asile laut dina mburi tambah akeh lan sing ana balak belai.
Angger panggonan Pethik Laut mau duwe cara dhewek-dhewek nurut adat kang diuri-uri teka leluhure. Sakliyane pethik laut Blimbingsari, kabeh ana larunge yaiku sesembahan nyang Gusti Pengeran kang rupa sesaji kang dikelekaken ring segara. Rupa-rupa sesajene beda-beda angger panggonan. Kang padha, mesthi kanggo ngeramekaken pethik laut iku digelar macem-macem kesenian. Ring Blimbingsari sing kathik nganggo larung, naming dianakaken istigosahan lan selametan kampung.
Pethik laut kang rame lan gedhe-gedhean iku ring Muncar. Kerana rame seru, penontone ewuan, pethik laut Muncar dilebokaken nyang calender event Dinas Pariwisata lan Kebudayaan Kabupaten Banyuwangi. Kadhung rika kober nyang Muncar pas pethik laut, nggolet tontonan paran bain, rika temu. Aja takon arane uwong. Melaku ring lurung bain sampek kangelan serange akehe uwong. Ndeleng gedhene acara, ketara kadhung kabeh warga Muncar guyub milu ubeg ngeramekaken upacara adat iku.
Pethik Laut dikawiti ambi tirakatan ring panggonan gitik. Gitik iku perau cilik kang direnggo apik kanggo panggonan sesaji kang dilarung. Ring langgar-langgar dianakaken pengajian lan semaan. Isuke, sedurunge gitik diarak keliling, dianakaken selametan. Sakmarine selametan, sarate kudu gandrungan sulung ring pareke gitik mau. Terus dianakaken ider bumi, yaiku gandrung lan gitike diarak keliling kutha Muncar. Sekira jam sanga, acara resmine dikawiti. Panggone ring TPI (Tempat Pelelangan Ikan ). Bupati lan tokoh masarakat milu nyakseni. Ring TPI iku Bupati disuguhi kesenian kang ditata apik ambi panitia. Serta mari acara resmi, acara kang ditunggu-tunggu yaiku larung sesaji dikawiti. Atusan perau kang bek penumpang wis nganteni arep milu ngelarung. Perau-perau iku kabeh dipajang apik, ndadekaken kahanan segara Muncar kaya ana perayaan gedhe. Gitik kang isi sesaji endhase kebo, jajan pasar, jenang, wowohan, pancing emas, candhu, pitik jago, digotong jakakehan nyang perau. Sakteruse perau kang nggawa gitik nuju tengah segara. Atusan perau liyane ngiring lan ngetutaken mburine. Ring perau kang nggawa gitik mau ana gandrung kang terus njuged lan nembang sak suwene ring tengah segara. Gadug panggonan kang dituju yaiku pas elore Sembulungan, gitik dilarung, diceburaken nyang segara ambi dibarengi wacaan selawat lan takbir, sakakehe wong kang ring atusan perau kang milu. Mari ngelarung, kabeh nuju Sembulungan. Ring Sembulungan ewuan wong uga wis nganteni gandrunge. Ring kana gandrung perlu nyekar nyang kuburane leluhur kelawan njuged ngubengi kuburan. Mari ngerampungaken ajat ring Sembulungan, kabeh aju balik maning nyang Muncar.
Adat pethik laut nduduhaken kadhung menungsa iki gemantung nyang kuwasane Gusti Pengeran. Mula muji sukur iku seru pentinge kanggo nyurasa peparinge Gusti Allah lan nyemendhekaken ati lan pengarep-arep nyang kang Maha Kuwasa

BARONG BANYUWANGI

http://hasanbasri08.files.wordpress.com

Kadhung ring Banyuwangi ana kesenian Barong, ya sing mohal. Wong Banyuwangi iku seru dhemene nyang kesenian. Paran maning kesenian kaya Barong. Wujude bain apik tapi setengah medeni. Matane mendelik mencorong, rambute jibros, cangkeme merongos, siyunge nyocok, jenggot lan berengose nyerodok, kupinge mangklang, seriwi ndhaplang. Ring ndhuwur endhase ana makuthane, kelire maneka warna. Ana abang, kuning, ijo, lan sepiturute kelir kang barak. Sing dijugedaken bain medeni, paran maning kadhung dijugedaken. Aju jugedane jimprak-jimprak kaya arep nguber. Pokoke lare cilik sawanen kadhung buru weruh. [More...]

Barong iku dudu kanggo nggambaraken menungsa, naming perlu nggambaraken sebangsa kewan utawa mahluk teka alam alus, dudu muja bangsa alus, naming wong bengen rumangsa kadhung ring alam iki ana alam kasar uga ana alam alus. Alam kasar iku alam kang katon mata, alam alus yaiku alam kang sing katon mata. Menungsa uga gedigu. Duwe jasad kasar lan jasad alus. Jasad kasar iku rupa tangan, sikil lan sepiturute, jasad alus iku roh. Seteruse ring alam iki ana alam cilik lan alam gedhe. Alam cilik iku menungsa, alam gedhe iku jagad. Dadi alam kasar lan alam alus, jasad kasar lan jasad alus, alam cilik lan alam gedhe iku setemene nyawiji. Mula wong bengen nganggep penting ngerumat harmoni rong alam kang beda mau. Wujude, antarane nganggo kesenian barong.

Kesenian barong ring Banyuwangi ana rong macem. Ana barong kanggo ngarak, lan barong kanggo dipentasaken kang ana lakone. Dulur Kemiren lan saubenge ngarani barong kanggo ngarak iku “barong ngeraina” polahe biyasahe ngarak penganten utawa lare sunat iku wayah raina. Kadhung barong kang dipentasaken diarani ‘barong bengi’ polahe biyasahe dimainaken wayah bengi.

Barong ngeraina, akeh-akehe wong wis pating weruh kadhung barong bengi arang kang weruh lan ngerti polahe kesenian iki anane mung ring Banyuwangi dhaerah lor kulon. Persise ring desa-desa saubenge Kemiren Kecamatan Glagah. Barong bengi nganggo kubung, naming sing kathik genjot polahe ring ahir pentas wayah jam 3 isuk, ana macan-macanan kang ndadi. Kang apik maning ring kesenian barong iki antarane penonton lan pemain bisa omong-omongan kaya dene kesenian Lenong Betawi.

Kesenian iki duwe ciri has kang sing ana ring kesenian liyane yaiku bab sesambungane kang raket ambi leluhur pepundhen desa. Kerana sesambungan kang raket iku wis dadi yakine, angger arep tanggapan sing wani ninggal pamitan nyang Buyut. Malah kanggo dulur-dulur Kemiren, nguri-uri kesenian barong iku dudu mung kanggo nggolet picis, naming wujud tanggung jawab njaga keselametane desa. Njaga timbange alam kasar lan alam alus, alam lair lan batin.

Kerana niyate ngerumat barong iku wujud sesambungane nyang leluhur pepundhen desa, mula antara grup siji lan liyane sing tau kedaden tukaran, jugil-jugilan, bangkel, paran maning duwe karep ngebes grup liyane. kang kedaden umume pada tulung-tinulung nyang grup liyane. Mula setemene kesenian barong iki keneng dienggo tuladha ambi kesenian liya mergane nguri-uri lan ngerumat kesenian iku dudu mung perlu nggolet picis, naming kanggo tujuan kang lebih dhuwur lan luhur

ADAT ENDOG-ENDOGAN

http://hasanbasri08.files.wordpress.com
February 22, 2010 by Hasan Basri


Adat endhog-endhogan anane mung ring Banyuwangi, yaiku pas ulan Mulud. Adat iki digelar kanggo ngengeti lan ngeramekaken dina kelairane Nabi Muhammad. Angger kampung ring Banyuwangi utamane kampung-kampung Using nggelar adat iki. Ring adat iki dianakaken arak-arakan kembang endhog keliling kampung kang dipungkasi ambi serakalan ring masjid. Kerana adat iki apik lan ndhemenaken, saiki adat endhog-endhogan sing mung ning kampung-kampung Using baen naming wis nyebar nyang kampung-kampung Jawa lan Medura.

Hang aran endhog-endhogan, dudu endhog apen-apenan. Kaya umpamane ucap kebo-keboan. Merga miturut paramasastra Using, ucap hang dibaleni, maknane bisa apen-apenan, taping bisa uga maknane akehe barang, kaya umpamane wiji-wijian. Dadi endhog-endhogan iku karepe endhog kang akeh seru.

Kembang endhog iku digawe teka kuluban endhog kang disundukaken ring jajang kang dawane rong kilan aju direnggo ambi kembang kertas. Kembang endhog iku dudu memengan lan dudu mung rerenggan, masiyatah lare cilik mesti dhemen. Kembang endhog duwe perlambang kang jeru. Endhog ngelambangaken kelahirane Nabi Muhammad, jajang (garing) ngelambangaken garinge iman, kembang kertas ngelambangaken indahe iman. Dadi kembang endhog iku nduweni maksud, kahanan garinge iman ring Mekah jaman semono, serta Nabi Muhammad lahir, edheng-edhengan ring Mekah kembang-kembang iman mekar semebar.

Nalika arak-arakan, kembang endhog dipajang ning gedebog, ditancepaken jejer mundhuwur kaya gunungan kang diarani jodhang. Jejeran endhog sundukan ring gedebog, kudu ana itungane. Endhoge uga kang apik kudu endhoge bebek utawa menthok, dudu endhoge pitik. Merga pitik nalika ngendhog, masiyatah mung siji loro, betoke kerungu sak kampung. Bida ambi bebek lan menthok, masiya ngendhog sak arat-arat, tanggane baen sing weruh. Hang gedigu iku padha ambi wewarah “tangan tengen ngelungi, tangan kiwa sing ngarti”. Dadi wong amal iku kudu lila.
Aju endhog iku dhewek, duweni falsafah hang jeru. Merga sap-sapane endhog iki ana telu, yaiku hang diarani kulit, putihe endhog lan kuninge endhog. Antarane iku ana kopong sithik. Sap-sapan hang gedigu iku bisa diumpamakaken ragane menungsa, yaiku iman, islam lan ihsan. Hang kopong wis dadi sipate menungsa ana eleke sithik.
Akehe endhog hang ditancebaken nyang gedebog, itungane kudu tepak nyang angka ganjil, yaiku angka 3, angka 7, angka 9, angka 17, angka 33, angka 99. Kabeh iku duwe arti dhewek-dhewek miturut palsapah hang dianut masarakat. Umpamane angka 3 iku maksude: iman, islam lan ihsan. Angka 9 maksude nutupi hawa sanga, utawa wali sanga. Angka 17 maksude jumlahe rekaat sembahyang, utawa kemerdekaan Indonesia. Angka 33 maksude akehe wiji tasbeh. Angka 99 maksude asmaul husna.

Ditancebaken nyang gedebog, merga gedebog iku bisa diumpamakaken ragane menungsa. Dibungkus pajangan hang diumpamakaken kelambi. Masiya ning njaba bosok utawa berek, kapan dibiyak magih katon apike, sampek dibiyak ping kaping-kaping magih katon apik sampek nemu empole hang katon putih. Hang ning menungsa diarani nurani .
Endhog-endhogan hang wis dipaes apik kaya gunungan, aju diseleh nyang jodhang. Yaiku panggonan hang digawe kaya lincak hang dipikul bareng-bareng digawa nyang masjid. Jodhang hang gedhe bisa dipikul wong akeh, jodhang hang cilik dipikul wong papat utawa wong loro. Diarak keliling desa sampek gadug masjid.

Adat endhog-endhogan kang rame yaiku ring desa Macanputih lan desa Tambong kecamatan Kabat lan ring desa Cangkring kecamatan Rogojampi. Biasahe dianakaken ring ahir ulan Mulud. Dianakaken wayah bengi. Arak-arakene rame seru. Angger RT/lingkungan adu kreatifitas apik-apikan nggawe tapekong kang ukurane gedhe. Serang gedhene, tapekong iki kudu dipikul 8 sampek 10 wong. Wujude tapekong macem-macem. Ana kang nggambaraken setan kang nggudho menungsa, Raja Firaun, gajahe Raja Abraha, unta lan liya-liyane. Sing kelalen ring arak-arakan iku uga ana atraksi geni. Marine arak-arakan sak akehe macem kesenian tampil. Ana samroh, gambus, drama, lan akeh maning liyane. Sak dawane lurung ring kampung ebek wong nggolet kesenian kang didhemeni. Kerana akeh kesenian, wong-wong liya kampung anbak-ambakan milu ngeramekaken bengi iku.

Kadhung wis wayahe adat endhog-endhogan iki, kabeh warga ubret ruwed olah-olah jajan lan panganan. Sak liyane kanggo selametan serakalan, uga kanggo nyuguhi dhayoh beraya teka kampung liya. Masiya butuh bandha akeh, naming masyarakat guyub dhemen nganakaken adat iki. Polane, ambi adat iki masyarakat bisa ngumpulaken dulur-dulure kanggo ngeraketaken seduluran. Mula seduluran sing keneng diukur ambi picis. Picis entek keneng digoleki, pedhote seduluran sing keneng ditangisi, gediku jare Pak Kiyai

Tugas:

Gaweo soal pilihan ganda akehe 5 sakwise maca bab Adat Endog-endogan iki!

Selasa, 09 Agustus 2011

SELAMAT DATANG SISWA KELAS 7 SMPN 1 BANYUWANGI

Iki Blog kanggo riko siswa - siswi smpn1 Banyuwangi Kelas 7 kang arep belajar lan sinau Kebudayaan Banyuwangi..

Standart Kompetensi
1. Mahami lan Ngapresiasi potensi lan ragam seni budaya Banyuwangi.
Kompetensi Dasar
1. Njelasaken Potensi Seni Budaya Banyuwangi
2. Nyebutaken Macem2 Kesenian Banyuwangi
3. Nyebutaken Macem2 adat Banyuwangi
4. Nduduhaken sikap Apresiatif yang potensi
seni budaya BanyuwangI
2. Mahami Kesenian Gandrung Banyuwangi lan Sejarahe
1. Njelasken latar belakang lahire kesenian Gandrung Banyuwangi
2. Njelasken peranan lan fungsine kesenian Gandrung ring asal mulane
3. Njelasaken makna filosofis kostum gandrung