Rabu, 10 Agustus 2011

PETHIK LAUT

http://hasanbasri08.wordpress.com/2009/10/17/pethik-laut/
Dadi wong Banyuwangi kudu akeh sukure nyang Gusti Pengeran. Kerana Pengeran wis ndadekaken Banyuwangi sing kurang paran-paran. Sawah gemelar sak weran-weran, subur nguripi tetanduran para tani. Segara gemelendheng jeru ngingu iwak kang sing entek-entek dikuras para nelayan. Pokoke sing kira kaeloman sapa bain wong kang urip ring Banyuwangi.
Kanggo wujud sukur nyang Gusti Pengeran iku para nelayan ring Banyuwangi nganakaken upacara adat kang diarani “Pethik Laut”. Kabeh kampung nelayan umume nganakaken adat iki. Sakat teka pesisir Pancer, Lampon, Gerajagan, Muncar, Bomo, Blimbingsari, Pakem sampek Bulusan. Pethik laut dianakaken ring ulan Sura. Tujuane kabeh padha yaiku muji sukur lan njaluk selamet nyang Gusti Pengeran, supaya asile laut dina mburi tambah akeh lan sing ana balak belai.
Angger panggonan Pethik Laut mau duwe cara dhewek-dhewek nurut adat kang diuri-uri teka leluhure. Sakliyane pethik laut Blimbingsari, kabeh ana larunge yaiku sesembahan nyang Gusti Pengeran kang rupa sesaji kang dikelekaken ring segara. Rupa-rupa sesajene beda-beda angger panggonan. Kang padha, mesthi kanggo ngeramekaken pethik laut iku digelar macem-macem kesenian. Ring Blimbingsari sing kathik nganggo larung, naming dianakaken istigosahan lan selametan kampung.
Pethik laut kang rame lan gedhe-gedhean iku ring Muncar. Kerana rame seru, penontone ewuan, pethik laut Muncar dilebokaken nyang calender event Dinas Pariwisata lan Kebudayaan Kabupaten Banyuwangi. Kadhung rika kober nyang Muncar pas pethik laut, nggolet tontonan paran bain, rika temu. Aja takon arane uwong. Melaku ring lurung bain sampek kangelan serange akehe uwong. Ndeleng gedhene acara, ketara kadhung kabeh warga Muncar guyub milu ubeg ngeramekaken upacara adat iku.
Pethik Laut dikawiti ambi tirakatan ring panggonan gitik. Gitik iku perau cilik kang direnggo apik kanggo panggonan sesaji kang dilarung. Ring langgar-langgar dianakaken pengajian lan semaan. Isuke, sedurunge gitik diarak keliling, dianakaken selametan. Sakmarine selametan, sarate kudu gandrungan sulung ring pareke gitik mau. Terus dianakaken ider bumi, yaiku gandrung lan gitike diarak keliling kutha Muncar. Sekira jam sanga, acara resmine dikawiti. Panggone ring TPI (Tempat Pelelangan Ikan ). Bupati lan tokoh masarakat milu nyakseni. Ring TPI iku Bupati disuguhi kesenian kang ditata apik ambi panitia. Serta mari acara resmi, acara kang ditunggu-tunggu yaiku larung sesaji dikawiti. Atusan perau kang bek penumpang wis nganteni arep milu ngelarung. Perau-perau iku kabeh dipajang apik, ndadekaken kahanan segara Muncar kaya ana perayaan gedhe. Gitik kang isi sesaji endhase kebo, jajan pasar, jenang, wowohan, pancing emas, candhu, pitik jago, digotong jakakehan nyang perau. Sakteruse perau kang nggawa gitik nuju tengah segara. Atusan perau liyane ngiring lan ngetutaken mburine. Ring perau kang nggawa gitik mau ana gandrung kang terus njuged lan nembang sak suwene ring tengah segara. Gadug panggonan kang dituju yaiku pas elore Sembulungan, gitik dilarung, diceburaken nyang segara ambi dibarengi wacaan selawat lan takbir, sakakehe wong kang ring atusan perau kang milu. Mari ngelarung, kabeh nuju Sembulungan. Ring Sembulungan ewuan wong uga wis nganteni gandrunge. Ring kana gandrung perlu nyekar nyang kuburane leluhur kelawan njuged ngubengi kuburan. Mari ngerampungaken ajat ring Sembulungan, kabeh aju balik maning nyang Muncar.
Adat pethik laut nduduhaken kadhung menungsa iki gemantung nyang kuwasane Gusti Pengeran. Mula muji sukur iku seru pentinge kanggo nyurasa peparinge Gusti Allah lan nyemendhekaken ati lan pengarep-arep nyang kang Maha Kuwasa

BARONG BANYUWANGI

http://hasanbasri08.files.wordpress.com

Kadhung ring Banyuwangi ana kesenian Barong, ya sing mohal. Wong Banyuwangi iku seru dhemene nyang kesenian. Paran maning kesenian kaya Barong. Wujude bain apik tapi setengah medeni. Matane mendelik mencorong, rambute jibros, cangkeme merongos, siyunge nyocok, jenggot lan berengose nyerodok, kupinge mangklang, seriwi ndhaplang. Ring ndhuwur endhase ana makuthane, kelire maneka warna. Ana abang, kuning, ijo, lan sepiturute kelir kang barak. Sing dijugedaken bain medeni, paran maning kadhung dijugedaken. Aju jugedane jimprak-jimprak kaya arep nguber. Pokoke lare cilik sawanen kadhung buru weruh. [More...]

Barong iku dudu kanggo nggambaraken menungsa, naming perlu nggambaraken sebangsa kewan utawa mahluk teka alam alus, dudu muja bangsa alus, naming wong bengen rumangsa kadhung ring alam iki ana alam kasar uga ana alam alus. Alam kasar iku alam kang katon mata, alam alus yaiku alam kang sing katon mata. Menungsa uga gedigu. Duwe jasad kasar lan jasad alus. Jasad kasar iku rupa tangan, sikil lan sepiturute, jasad alus iku roh. Seteruse ring alam iki ana alam cilik lan alam gedhe. Alam cilik iku menungsa, alam gedhe iku jagad. Dadi alam kasar lan alam alus, jasad kasar lan jasad alus, alam cilik lan alam gedhe iku setemene nyawiji. Mula wong bengen nganggep penting ngerumat harmoni rong alam kang beda mau. Wujude, antarane nganggo kesenian barong.

Kesenian barong ring Banyuwangi ana rong macem. Ana barong kanggo ngarak, lan barong kanggo dipentasaken kang ana lakone. Dulur Kemiren lan saubenge ngarani barong kanggo ngarak iku “barong ngeraina” polahe biyasahe ngarak penganten utawa lare sunat iku wayah raina. Kadhung barong kang dipentasaken diarani ‘barong bengi’ polahe biyasahe dimainaken wayah bengi.

Barong ngeraina, akeh-akehe wong wis pating weruh kadhung barong bengi arang kang weruh lan ngerti polahe kesenian iki anane mung ring Banyuwangi dhaerah lor kulon. Persise ring desa-desa saubenge Kemiren Kecamatan Glagah. Barong bengi nganggo kubung, naming sing kathik genjot polahe ring ahir pentas wayah jam 3 isuk, ana macan-macanan kang ndadi. Kang apik maning ring kesenian barong iki antarane penonton lan pemain bisa omong-omongan kaya dene kesenian Lenong Betawi.

Kesenian iki duwe ciri has kang sing ana ring kesenian liyane yaiku bab sesambungane kang raket ambi leluhur pepundhen desa. Kerana sesambungan kang raket iku wis dadi yakine, angger arep tanggapan sing wani ninggal pamitan nyang Buyut. Malah kanggo dulur-dulur Kemiren, nguri-uri kesenian barong iku dudu mung kanggo nggolet picis, naming wujud tanggung jawab njaga keselametane desa. Njaga timbange alam kasar lan alam alus, alam lair lan batin.

Kerana niyate ngerumat barong iku wujud sesambungane nyang leluhur pepundhen desa, mula antara grup siji lan liyane sing tau kedaden tukaran, jugil-jugilan, bangkel, paran maning duwe karep ngebes grup liyane. kang kedaden umume pada tulung-tinulung nyang grup liyane. Mula setemene kesenian barong iki keneng dienggo tuladha ambi kesenian liya mergane nguri-uri lan ngerumat kesenian iku dudu mung perlu nggolet picis, naming kanggo tujuan kang lebih dhuwur lan luhur

ADAT ENDOG-ENDOGAN

http://hasanbasri08.files.wordpress.com
February 22, 2010 by Hasan Basri


Adat endhog-endhogan anane mung ring Banyuwangi, yaiku pas ulan Mulud. Adat iki digelar kanggo ngengeti lan ngeramekaken dina kelairane Nabi Muhammad. Angger kampung ring Banyuwangi utamane kampung-kampung Using nggelar adat iki. Ring adat iki dianakaken arak-arakan kembang endhog keliling kampung kang dipungkasi ambi serakalan ring masjid. Kerana adat iki apik lan ndhemenaken, saiki adat endhog-endhogan sing mung ning kampung-kampung Using baen naming wis nyebar nyang kampung-kampung Jawa lan Medura.

Hang aran endhog-endhogan, dudu endhog apen-apenan. Kaya umpamane ucap kebo-keboan. Merga miturut paramasastra Using, ucap hang dibaleni, maknane bisa apen-apenan, taping bisa uga maknane akehe barang, kaya umpamane wiji-wijian. Dadi endhog-endhogan iku karepe endhog kang akeh seru.

Kembang endhog iku digawe teka kuluban endhog kang disundukaken ring jajang kang dawane rong kilan aju direnggo ambi kembang kertas. Kembang endhog iku dudu memengan lan dudu mung rerenggan, masiyatah lare cilik mesti dhemen. Kembang endhog duwe perlambang kang jeru. Endhog ngelambangaken kelahirane Nabi Muhammad, jajang (garing) ngelambangaken garinge iman, kembang kertas ngelambangaken indahe iman. Dadi kembang endhog iku nduweni maksud, kahanan garinge iman ring Mekah jaman semono, serta Nabi Muhammad lahir, edheng-edhengan ring Mekah kembang-kembang iman mekar semebar.

Nalika arak-arakan, kembang endhog dipajang ning gedebog, ditancepaken jejer mundhuwur kaya gunungan kang diarani jodhang. Jejeran endhog sundukan ring gedebog, kudu ana itungane. Endhoge uga kang apik kudu endhoge bebek utawa menthok, dudu endhoge pitik. Merga pitik nalika ngendhog, masiyatah mung siji loro, betoke kerungu sak kampung. Bida ambi bebek lan menthok, masiya ngendhog sak arat-arat, tanggane baen sing weruh. Hang gedigu iku padha ambi wewarah “tangan tengen ngelungi, tangan kiwa sing ngarti”. Dadi wong amal iku kudu lila.
Aju endhog iku dhewek, duweni falsafah hang jeru. Merga sap-sapane endhog iki ana telu, yaiku hang diarani kulit, putihe endhog lan kuninge endhog. Antarane iku ana kopong sithik. Sap-sapan hang gedigu iku bisa diumpamakaken ragane menungsa, yaiku iman, islam lan ihsan. Hang kopong wis dadi sipate menungsa ana eleke sithik.
Akehe endhog hang ditancebaken nyang gedebog, itungane kudu tepak nyang angka ganjil, yaiku angka 3, angka 7, angka 9, angka 17, angka 33, angka 99. Kabeh iku duwe arti dhewek-dhewek miturut palsapah hang dianut masarakat. Umpamane angka 3 iku maksude: iman, islam lan ihsan. Angka 9 maksude nutupi hawa sanga, utawa wali sanga. Angka 17 maksude jumlahe rekaat sembahyang, utawa kemerdekaan Indonesia. Angka 33 maksude akehe wiji tasbeh. Angka 99 maksude asmaul husna.

Ditancebaken nyang gedebog, merga gedebog iku bisa diumpamakaken ragane menungsa. Dibungkus pajangan hang diumpamakaken kelambi. Masiya ning njaba bosok utawa berek, kapan dibiyak magih katon apike, sampek dibiyak ping kaping-kaping magih katon apik sampek nemu empole hang katon putih. Hang ning menungsa diarani nurani .
Endhog-endhogan hang wis dipaes apik kaya gunungan, aju diseleh nyang jodhang. Yaiku panggonan hang digawe kaya lincak hang dipikul bareng-bareng digawa nyang masjid. Jodhang hang gedhe bisa dipikul wong akeh, jodhang hang cilik dipikul wong papat utawa wong loro. Diarak keliling desa sampek gadug masjid.

Adat endhog-endhogan kang rame yaiku ring desa Macanputih lan desa Tambong kecamatan Kabat lan ring desa Cangkring kecamatan Rogojampi. Biasahe dianakaken ring ahir ulan Mulud. Dianakaken wayah bengi. Arak-arakene rame seru. Angger RT/lingkungan adu kreatifitas apik-apikan nggawe tapekong kang ukurane gedhe. Serang gedhene, tapekong iki kudu dipikul 8 sampek 10 wong. Wujude tapekong macem-macem. Ana kang nggambaraken setan kang nggudho menungsa, Raja Firaun, gajahe Raja Abraha, unta lan liya-liyane. Sing kelalen ring arak-arakan iku uga ana atraksi geni. Marine arak-arakan sak akehe macem kesenian tampil. Ana samroh, gambus, drama, lan akeh maning liyane. Sak dawane lurung ring kampung ebek wong nggolet kesenian kang didhemeni. Kerana akeh kesenian, wong-wong liya kampung anbak-ambakan milu ngeramekaken bengi iku.

Kadhung wis wayahe adat endhog-endhogan iki, kabeh warga ubret ruwed olah-olah jajan lan panganan. Sak liyane kanggo selametan serakalan, uga kanggo nyuguhi dhayoh beraya teka kampung liya. Masiya butuh bandha akeh, naming masyarakat guyub dhemen nganakaken adat iki. Polane, ambi adat iki masyarakat bisa ngumpulaken dulur-dulure kanggo ngeraketaken seduluran. Mula seduluran sing keneng diukur ambi picis. Picis entek keneng digoleki, pedhote seduluran sing keneng ditangisi, gediku jare Pak Kiyai

Tugas:

Gaweo soal pilihan ganda akehe 5 sakwise maca bab Adat Endog-endogan iki!

Selasa, 09 Agustus 2011

SELAMAT DATANG SISWA KELAS 7 SMPN 1 BANYUWANGI

Iki Blog kanggo riko siswa - siswi smpn1 Banyuwangi Kelas 7 kang arep belajar lan sinau Kebudayaan Banyuwangi..

Standart Kompetensi
1. Mahami lan Ngapresiasi potensi lan ragam seni budaya Banyuwangi.
Kompetensi Dasar
1. Njelasaken Potensi Seni Budaya Banyuwangi
2. Nyebutaken Macem2 Kesenian Banyuwangi
3. Nyebutaken Macem2 adat Banyuwangi
4. Nduduhaken sikap Apresiatif yang potensi
seni budaya BanyuwangI
2. Mahami Kesenian Gandrung Banyuwangi lan Sejarahe
1. Njelasken latar belakang lahire kesenian Gandrung Banyuwangi
2. Njelasken peranan lan fungsine kesenian Gandrung ring asal mulane
3. Njelasaken makna filosofis kostum gandrung