Rabu, 18 April 2012

Kesenian Banyuwangi Liyane

Kesenian Damarwulan Banyuwangi
  1. Damarwulan iku arupo kesenian awujud drama kang urip ana ring daerah Banyuwangi. Ana kang ngarani kesenian iki ambi “Janger” lan ana kang ngarani ugo “Jinggoan”. Diarani Damarwulan mergane saban pementasan meh keneng diarani sering nggawa lakon “Damarwulan” (Damarwulan iku nggambaraken Ksatriyo Majapahit kang diutus Putri Kencono Wungu sakperlu numpes Minak Jinggo Adipati Blambangan), semono ugo kang ngarani “Jinggoan” mergane sering nonton lakon Menak Jinggo.
  2. Damarwulan iki ring sakjrone nggawa lakone biasane ditabuhi ambi gamelan kang larase Pelog Barang (Pelog Bali), Naming Lakone nganggo boso Jawa Baru. Panggunge biasane digawe kubung nganggo layar kang biso dibuka tutup nggo bedakaken setting ceritane.
  3. Crita Drama Damarwulan biasane crita-crita Panji seperti Panji Asmara Bangun lan Dewi Sekartaji, Babad Blambangan (Minak Jinggo Dayun, Damarwulan Ngarit , Minak Jinggo Diwisuda, cerita sejarah Banyuwangi juga koyoto: Agung Wilis, Prabu Tawang Alun, Sayu Wiwit.
  4. Damarwulan kelebu ring kelompok Seni Teater mergane salah sijine kesenian kang nyampur kabeh seni ring sakjroning pementasane, kayata Seni Drama, Seni Tari, seni Musik, lan Seni Rupa. Ring daerah Kulon Damarwulan meh sejenis ambi Ludruk, kadung ring Bali Arja utawa Drama Gong.


Jawaben soal ring ngisor iki kelawan uraian kan bener!
1.       Paran wujude Kesenian Damarwulan iku?
2.       Asal muasale aran Damarwulan iku teko lakone cerito, sapa sakbenere “Damarwulan” iku nurut cerito ?
3.       Liya daerah yo liya anggone ngarani Damarwulan, diarani paran baen Damarwulan iku ring Banyuwangi?
4.       Kelendi gambarane panggunge Damarwulan iku?
5.       Sebutno paling sithik 4 lakon drama kang sering dimainaken sakjroning pentas Damarwulan!