Kamis, 30 Agustus 2012

 
NONTON GANDRUNG
Oleh: Moh. Syaiful
Gandrung Banyuwangi iku arupo tontonan kesenian kang biasane digelar ring acara hajatan koyoto sunatan, kawinan, Slametan Desa, Pethik Laut lan acara liyan-liyane  Gandrung biasane nggawa panjak kang akehe 5.  Wong lima mau diarani Panjak yoiku wong kang ngiringi njuget lan nggending nganggo tabuhan, ana Kendang, kempul, gong, bahola, lan kluncing. Kesenian Gandrung iku biasane digelar suwengi mulai jam 7 bengi sampek ngarepaken subuh. Sakjerone pentas, Gandrung saiki ngelakoni tahapan-tahapan anatarane: 
1. Jejer Gandrung
Jejer Gandrung iku arupo komposisi sak tarian kang digawakaken gandrung kanggo mbuka acarane. Ring kono gandrung njuget ambi nggawakaken gending, biasane gending Podho Nonton. Jejer Gandrung iki dikarepaken dadi pembukaan dinggo ngawali pagelarane. Ring Sumitro Hadi salah sijine Penata Tari Banyuwangi Jejer gandrung dikreasi dadi tari lepas kang biso ditarikaken sing ring sakjeroning Gandrung, umpamane ana dayoh pejabat biso disuguhi tari “Jejer Gandrung” kang dijugetaken lare-lare sekolah.
2. Repenan Gandrung
Sak marine njuget Jejeran ring panggung biasane gandrung mudhun panggung nyalami penonton lan lungguh pareke penonton. Ring kono gandrung ngelayani gending penjaluke penonton.  Sakmarine gending biasane penonton nguweni picis sak ikhlase nyang gandrung, iki kang diarani Tuku Gending.
3. Pajuan
Pajuan iku gandrung njuget ring panggung ambi penonton. Gandrung biasane di paju ambi wong papat, gentenan pasangan siji-siji sampek wong papat mau uleh kebagian njuget pasangan ambi gandrung. Biasane diiringi ambi gending Embat-embat, Erang-erang, Gurit Mangir, lan gending-gending Liyane.
4. Seblang Gandrung
Tarian penutup kang biasane dinggo njaluk sepuro nyang kang nduwe gawe  lan penonton. Ring tarian lan gendingan iki gandrung pamitan lan ngucap syukur nyang pengeran ringa anggone ngelaksanakaken penggaweane diweni keselametan lan kesuksesan.

Rembugan ambi kelompok Bab Gandrung, sakteruse jawaben soal ngisor iki ring buku latihane dhewek-dhewek!
1. Ana Pirang Tahapan pelaksanaane pentas Gandrung suwengi? Sebutno, lan Jelasno!
2. Paran   kang dimaksud ambi "Panjak"?
3. Jelasno kang dimaksud ambi "Tuku Gending"
4. Paran bedane "Seblang Adat" ambi "Seblang Gandrung"?

 PENGANGGONE GANDRUNG