Minggu, 18 November 2012

PERANG BAYU
Moh. Syaiful
(Ditulis Maning teko Sumber-sumber kang Dipercoyo)
            Kang aran perang ring bumi Blambangan rikolo jaman VOC utowo jaman Kolonial Landa koyo dene uripe jamur ring wayah udan. Mati ring kene mrujuk maning ring kana, sing ana entek-enteke, tapi perang ring Bumi Blambangan kang paling gedhe lan paling ngenes yo mung Perang Bayu. Perang Bayu diarani perang kang gedhe mergane perang iki wis akeh ngilangaken nyawa lan patine wong Balmbangan. Asale sakdurunge perang wong Blambangan akehe 65.000 wong,  merga perang kari mung 5000 uwong merga ilang lan mati ring peperangan.
            Perang iki diarani Perang Bayu mergane kedadeane ring daerah Bayu (sekitar daerah Kecamatan Songgon saiki). Ring Alas Bayu kang magih rapet ambi wit-witan gedhe iku  antarane perengan  wetan Gunung Raung rakyat Blambangan kang dipimpin Mas Rempeg utawa Pangeran  Jagapati perang ngelawan Landa.
            Tekade rakyat Blambangan anggone kepingin ngusir Bangsa Landa teko Bumi Blambangan wis sing biso surud, Alas Bayu terus didadekaken Benteng pertahanan terakhir kanggo ngadepi Landa. Kebukti serangan-serangane VOC biso diadepi ring Benteng Bayu. VOC ( Kumpeni Landa ) angel ngalahaken Prajurit Blambangan kang gawe Benteng ring Alas Bayu iku, sampek-sampek VOC nekakaken tentara teko daerah sekitar kekuasaane koyo to Semarang Surabaya lan Pasuruan kang akehe 10.000 tentara dingo ngancuraken Benteng Bayu.
            Tanggal 13 Desember 1771 Kapten Reygers , pimpinan tentara VOC ring Ulupangpang nyerang Bayu. Naming kerana benteng Bayu kuwat, pasukane malah ditumpes ambi pasukan Bayu. Pasukan Bayu kang lebih nguwasane palagan perang, ngelakoni perang kaya wong memengan sengidanan. Melencat teka wit siji nyang wit liyane, lan masang jiret lan barikade ring sak werane alas nuju Bayu. Pasukan VOC kang nyerang teka Susukan lan Songgon sing ana kang selamet. Kapten Reygers dhewek kerana tatu kang ahire mati ring pos Ulupampang. Pimpinan VOC sakteruse diganti ambi Van Schaar.
            Sak akehe kedadian perang lan serangan VOC nyang Benteng Bayu, tanggal 18 Desember taun 1771 iku kedadeane kang paling diengeti sampek didadekaken dina dadine Kutha Banyuwangi. Dina iku Prajurit Blambangan bisa numpes tentara VOC. Tentara VOC waktu iku kabeh dipateni kabeh sing ana sisane, sangking bangkele prajurit Blambangan nyang bangsa penjajah iku pimpinane kanga aran Van Schaar dipateni endhase ditugel terus ditancepaken ring landepe tumbak terus diarak keliling kampung. Menange prajurit Blambangan iku bisa gawe senenge prajurit Blambangan, naming senenge sing bisa terus, mergane rong dina sakmareke kedadean iku, Mas Rempeg utowo Pangeran Jagapati gugur sakwise ketaton ring perang mau.
            Tekade rakyat Blambangan sing mandheg sakmono, sakpeninggale Mas Rempeg perang magih terus dilakoni ring sisa-sisane parjurit Blambangan. Pimpinan Prajurit Blambangan saiki Sayu Wiwit, prajurit wanita senopati perang Bumi Blambangan ngelawan Landa.


Wacanen Bab “Perang Bayu” ring Blog Kebudayaan Banyuwangi sakteruse jawaben soal ring ngisor iki!
1.       Mergo paran perang kang paling gedhe ring Banyuwangi iku diarani Perang bayu?
2.       Sapa kang mandegani Rakyat Banyuwangi ring Perang kang paling gedhe ring Banyuwangi iku?
3.       Sapa kang dadi korbane amuke para striyo Banyuwangi ring perang iku?
4.       Sapa kang ngganteni Rempeg Jagapati sakwise gugur?
5.       Tanggal piro kedadean kang paling bersejarah iku sakteruse didadekaken dino dadine kutho Banyuwangi?