Rabu, 25 Mei 2016

Ksatriya Gung Belambangan
                Pangeran  Wilis  ksatriya gung Belambangan iki duwe aran jejuluk Mas Sirna. “Wilis,…” gediku bain iyane dhemen diceluk. Kadhung nganggo aran jejuluk mesti bain bisa mbidakaken antarane rakyat lan turune raja. Pangran Wilis sing kepingin dibidakaken ambi sapodho-podho paran maning ambi  rakyate. Iyane  sing dhemen nganggo aran jejuluk keraton. Mestine gediku, dung anggon urip nong njero keraton. Merga iyane  anak teka  Pangeran Danurejo ambi ibu Putri teka Kerajaan Mengwi.
                Sing koyo dene anak turune Prabu Tawangalun liyane mrana-mrene nganggo aran jejuluk Mas utawane Mas Ayu. Aran Wilis dhewek asale bengen teka emake hang turunan Bali. Sing patio ngarti paran karepe aran iku. Hang mesti hang nguweni aran duwe kekarepan hang apik lan dhuwur kanggone anake iku mau.
                Sakat cilik, Wilis dhemen urip ambi rakyate. Uri lan srawungan ring njaban, kumpul anake wong tani ring sawah lan kebonan. Memengan ring alas-alasan  lan panggonan-panggonan sunut ugo adat  liyane. Rodo gedhe sithik Pangeran iki dhemen urip nyepi, topo lan nglakoni  nong panggonan hang sing diambah menungso. “Golet paran endane,” takon isun nyang awakisun dhewek serto rungu ceritane uwong-uwong.  Jare wong-wong kene Wilis golek ilmu lan kaweruh  nggo sangu urip ring dino mburi . Iku  kosok baline ambi isun iki. Sak umuran isun iki magih  durung weruh rasane manggon nong panggonan hang sepi paran maning panggonan hang durung diambah menungso. “Hiii,…sing wani isun.”
                Kacang mestine sing bakal ninggalaken lanjaran. Prabu Tawang Alun sembah buyute Pangeran Willis bengen gediku. Dhemen urip madep nyang hang kuasa ring panggonan hang sepi lan sing tau diambah menungso. Mestine hang gediku iku anggone  bisa tanek lan jejeg madep nyang hang kuasa  merga sing ana hang nyerintungi.  Mupakat bain serto saiki , Pangeran Wilis bisa dadi wong hang kajen ring sak tlatah bumi Belambangan.  Didhemeni rakyat  mergo andap asor ring lakune. Diwedeni musuh mergo kesaktenane.