Minggu, 04 Maret 2012

contone tugas laporan museum..


Contone:
Tugas Pengamatan Outdoor Learning
(Museum Blambangan)
Keris
Versi Museum : tiap keris nduweni kekuatan supranatural lan nguweni pengaruh tertentu nang hang nduweni, kerana pas keris iku digawe, empunne, ngelaksanakaken ritual tertentu, makne pengaruhe gawe hang gnduwe
Versi Internet (Wikipedia)
Keris

Keris yaiku senjata tikam golongane belati (ujunge runcing lan  tajem ring loro sisine) akeh fungsi budaya hang dikenal ring  kawasan Nusantara bagian kulon lan tengah. Bentuke khas lan gampang dibedaaken teko senjata tajem liane merga sing simetris ring bagian pangkal hang*melebar, biyasane bilahe berliku-liku, lan akeh diantarane nduwe  pamor, yaiku guratan-guratan logam terang ring helai bilah. Jenise senjata tikam hang nduwe  kemiripan ambi keris yaiku badik. Senjata tikam lain asli Nusantara yaiku kerambit.
Ring njaman bengen keris gunane gawe senjata sakjeroning peperangan, ugo dinggo sesajen. Ring penggunaane jaman saiki, keris digunakaken benda aksesori (ageman) ring berbusana, nduweni sejumlah simbol budaya, atau dadi benda koleksi hang dinilai teka segi estetikane.
Gunane keris tergedi ring masyarakat sing ngenggoni wilayah hang tau terpengaruh ambi Sulawesi, Semenanjung Malaya, Thailand Selatan, dan Filipina Selatan (Mindanao). Keris Mindanao dikenalaken sarane kalis. Keris ring tiap daerah nduweni kekhasan dewek-dewek ring penampilane, fungsine, teknik garapane, serta peristilahane.
Keris Indonesia wes terdaftar ring UNESCO (Warisan Budaya Dunia Non-Bendawi Manusia sejak 2005).
Sarah Shabrina 7c/27

Kamis, 12 Januari 2012

KD : Mahami, njelasaken, lan nggambaraken Barong Banyuwangi

Tulisen ring ngisor iki bagian-bagiane barong kang riko weruhi!
1………………………………………………………………………………………………….
a.     a ………………………………………………………………………………………
b.    b  ………………………………………………………………………………………
c.    c   ………………………………………………………………………………………
d.    d  ………………………………………………………………………………………
2………………………………………………………………………………………………….
a.      a ………………………………………………………………………………………
b.      b………………………………………………………………………………………
c.      c ………………………………………………………………………………………
d.      d………………………………………………………………………………………
3………………………………………………………………………………………………….
a.      a  ………………………………………………………………………………………
b.      b ………………………………………………………………………………………
c.      c ………………………………………………………………………………………
d.      d………………………………………………………………………………………
4………………………………………………………………………………………………….
a.       a………………………………………………………………………………………
b.       b………………………………………………………………………………………
c.       c………………………………………………………………………………………
d.       d………………………………………………………………………………………

Senin, 09 Januari 2012

Standart Kompetensi Lan Kompetensi Dasar
Pelajaran Bahasa lan Kebudayaan Banyuwangi Kelas VII?Genap 
Standart Kompetensi
1. Mahami lan Njelasaken lan Ngawe Kreasi Kesenian Barong
Kompetensi Dasar
7.1      Ngidentifikasi  ciri khas kesenian Barong Banyuwangi

7.2     Njelaskan fungsi kesenian Barong

7.3      Nduduhaken sikap apresiatif nyang kesenian barong
7.4      Nggawe Gambar lan motif khas Barong

Standart Kompetensi 
8. Mahami, njelaskan lan nggawe kreasi adat Endhog-Endhogan



8.1 Njelaskan makna filosofis adat Endhog-endhogan

8.2 Njelaskan fungsi adat Endhog-Endhogan

8.3 Nduduhaken sikap apresiatif terhadap adat endhog-endhogan
8.4 Ngawe kreasi kembang Endog
 
Standart Kompetensi
9.Mahami lan  Ngapresiasi cagar budaya Inggrisan

9.1.1            Ngidentifikasi model bangunan Inggrisan

9.1.2            Ngerteni sejarah Inggrisan

9.1.3            Ngerteni  potensi Inggrisan

        9.2  Mahami lan  Ngapresiasi Monumen Pasukan 0032.

9.2.1            Ngidentifikasi monumen pasukan 0032

9.2.2            Ngerteni sejarah pasukan 0032

      10  Ngenal lan Ngerteni situs sejarah di Banyuwangi


10.1       Ngidentifikasi situs-situs sejarah di Banyuwangi

10.2        Nyebutkan situs sejarah di Banyuwangi

10.3        Njelaskan situs-situs sejarah di Banyuwangi

Jumat, 09 Desember 2011

Ulangan Semester Ganjil Tahun 2011/2012

Kelas 7 , Mapel : Kebudayaan banyuwangi
Kisi-kisi Soal

Kisi2
1. Nyebutaken Potensi Wisata Banyuwangi kang antarane potensi alam , adat, lan keseniane
2. Jelasaken pengertiane adat
3. nduduhaken contone adat ring daerah Banyuwangi
4. Jelasaken Adat Kebo-keboan
5. Njelasaken tahapane lan pengertiane Gandrung
6. nduduhaken penganggone utawa kelengakapane kostum gandrung
7. Njelasaken upacara adat Pethik Laut
8. Nduduhaken ubo rampe ring Pethik Laut Muncar
9.Mbedakaken Barong Ngarak lan Barong Bengi
10.Njelasaken adat endog-endogan
11. Nduduhaken perlambang lan simbol kang dikarepaken teko wujude Kembang Endog
12. Njelasaken Pengertian Perang bayu
13. Nduduhaken tokoh-tokoh Perang bayu
14. Njelasaken pengertiane dino dadine Kutho Banyuwangi
15. Nduduhaken salah sijine Legenda kang ana ring Banyuwangi

Minggu, 20 November 2011

Legenda Banyuwangi

Critakno maning ring ngarep kelas nganggo basa using kang apik, intonasi, mimik, lan ekspresi kang sesuai, crito banyuwangi kang biso dipilih, Asal Muasale aran Kutho Banyuwangi, Perang Bayu, lan crita-crita liyane duwene rakyat Banyuwangi..

Jumat, 11 November 2011

Legenda Banyuwangi

ASAL MUASALE ARAN KUTHO BANYUWANGI
(Ditulis lan diceritakaken maning ambi: Drs. Moh. Syaiful)

Ring jaman bengen, ring pucuk wetan tanah jawa iki ana kerajaan kang gedhe lan endah kang diarani kerajaan Sindhurejo. Kerajaan iki dipimpin Raja kang arane Sulahkromo. Sulahkromo nduwe patih kang sakti sagah wani tanding kang arane Patih Sidopekso. Patih  Sidopekso iku satriya kang ikhlas anggone ngabdi yang kerajaan. Patih Sidopekso duwe rabi kang alus budine lan ayu rupane kang aran Sritanjung, sampek Raja Sulahkromo kepencut katut lan kedanan nyang Sritanjung
Raja Sulahkromo duwe rasa kepingin nduweni Sritanjung, mulo soko iku Sulahkromo nggolet akal klendi carane biso nyingkiraken Sidopekso kadung perlu sampek tumekaning pati. Sulahkromo terus nduwe akal, Patih Sidopekso diperintah nglakoni tugase Negara kang sing bakal bisa dilakoni wujude menungsa.
Sing nduwe curigo, Patih Sidopekso langsung berangkat nglakoni kuwajiban njunjung tugase Negara lan nglakoni titah Raja. Sulahkromo seneng atine mergane Sidopekso menyang adoh nglakoni tugase Negara. Sakpeninggale Sidopekso Sulahkromo nekani Sritanjung ana ring kepatihan umahe Sritanjung, Sulahkromo nyampekaken kekarepane atine kepingin ngawini Sritanjung. Rayuane Sulahkromo kang arep ndadekaken Sritanjung Prameswari-ne  Raja ditolak ambi Sritanjung mergane Sritanjung magih nduweni kewajiban nyang lakine Patih Sidopekso.
Sulahkromo ngamuk lan panas atine serta ditolak  ambi Sritanjung. Lara atine Sulahkromo tambah nemen, Sulahkromo kepingin mbales lara atine merga sing diterima ambi Sritanjung. Sak balike teko tugase Sidopekso langsung ngadep nyang Raja Sulahkromo. Sulahkromo terus mitnahi Sritanjung, Sulahkromo nyeritakaken kadung Sritanjung wis dadi wong wadon sing bener, wani mara ngadep Raja njaluk didadekaken Prameswari lan bisa sanding ambi Raja kepingin urip enak ring kerajaan.
Rungu kabar sing enak teka Rajane Sidopekso sing kathik mikir liya maning, Sidopekso balik nggoleti rabine ning umahe. Sritanjung kaget nemoni lakine kang wis kesetanen, Sritanjung nyeritakaken kedadean sak benere, naming Sidopekso wis kepilu nyang pitnahe Sulahkromo. Sing kesuwen maning Sidopekso njuput kerise teko wrangkane, Sritanjung diseret ring pinggire jurang kalen kang banyune buthek lan kothor. Sritanjung gelem lan ikhlas mati ring tangane Sidopekso, naming sakdurunge Sritanjung mati, Sritanjung wekas nyang Sidopekso, kadung engko Sritanjung mati mayite diceburaken jurang,  kadung banyu kang buthek dadi tambah buthek lan mambu bathang  iku tandhane Sritanjung salah lan wis serong nyang wong lanang liyo.Naming sakbalike kadung banyu kang buthek berubah dadi kening lan ambune wangi artine Sritanjung sing salah magih suci lan jujur.
Sidopekso wis sing kuat nahan atine kang wis gemulak kaya mbanyu kang digodhok, Sidopekso nancepake kerise nyang dhadhane Sritanjung , getihe kemleler mili ring sak awake, sakmarine mateni kang wadon dhewek Sidopekso nyeburaken mayite Sritanjung nyang jurang kalen kang banyune buthek iku mau. Sidopekso kaget saknaliko banyu kang buthek iku mau dadi kening gandane wangi semebrung ring sekitare. Sidopekso gethun anggone mateni Sritanjung. Sakdawane dalan ambi nggetuni lakune Sidopekso ngucap , ….Banyu…wangi…., Banyu…Wangi….Dinggo ngenget- enget kedadean iku, panggonan kedadean iku diarani Banyuwangi.