NJELU
UNYIKE PERAWAN
Cerita
Cendheke: Moh. Syaiful
“Lara gering bisa dilakoni,” gediku
omongan tanggan-tanggane Sriyati weruh nyang nasibe perawan bakalane Sugiyat
iki.
“Kang antenana isun, isun milu rika..!”
gediku melung-melunge Sriyati ambi arep milu pati nyang bakalane hang wis
sidakep kaku nong pelanca buru bain diadusi. Untunge bain dulur-dulure Sriyati
gancang nyandhak murungaken nyang niyate Sriyati hang arep bunuh diri. Anggone Sriyati,
Sugiyat gantelane ati. Nana maning wis wong lanang Liyan hang bakal bisa didhemeni
maning. Bangura iyane mati nututi bakalane iku dadi siji dipendem ana ring
kuburane, gediku pantese usik nong njero atine.
“Sri… Sri.. engeta. Nyebuta sira…!” saure Mbok Min ngengetaken
adhike hang sing bisa ngelalekaken bakalane iku.
“Kadhung gediki carane bisa edan lare iki, Min..!”
gesahe emake nyang emboke.
“Sarat lan banyu ya wis digoletaken gadug endi-endi.
Kelendi maning , Mak?” saure Mintarti nyang emake. Acake wong wadon hang endi
hang sing arep edan kadhung ana kedadean gediki iki. Lamaran buru bain ditampa
ring wong tuweke Sriyati. Kari nganteni jebege bain Sugiyat ninggal dunya.
Ninggalaken Sriyati perawan ayu kembang desane Sugiyat, hang wis didhemeni
sakat iyane magih lancing tanggung bengen.
Wis lawas ugo Sriyati dhemen nyang Sugiyat. Sakat Sri
magih perawan cilik iyane mesti kemesar dhung diceluk Sugiyat. Alihe Sugiyat
jaman semono magih durung duwe ati paran-paran nyang Sriyati. Tambah maning dhemene
Sriyati keliwat-liwat serta wong sak kloron wis janji laki-rabi ring dina mburi,
nggawa peningset wis ditampa wong tuweke sakkeloron.
Mendhung peteng, langite kaya arep
nyiciraken udan. Serngenge ya wis meh mudhun teka bucu kulon ndhuwur perengan Raung. Wis
mangkat samar wulu naming Sriyati magih nora bisa ninggalaken lemah kubure.
Kuburan anyar hang ana ring ngarepe wis katon kaya kuwadhe. Wis entek rasane
eluh temetes petung dina petung bengi lawase. Kepuse lemah kuburan lan paesan
iki dudu merga banyune udan teka langit belaka naming ugo merga tetes iluhe Sriyati.
Dhengkule wis kemerotok, kemelethak garing merga lemah kuburan hang jangget
sing dirasa.
Angger soren paceke Sriyati nyekar
nyang kuburan. Sakat Sugiyat dikubur
nong peturon langgenge Sriyati wis sing jenek umahe. Dina-dinane dientekaken
nong pesarean. Sing leren Sriyati nyangking kembang nyekar nyang kuburan. Hang
aran lemah kuburan sampek sing katon lemahe. Arum gandane lemah kuburan mung semebrung
arume kembang. Kelir lan tulisane paesan mung katon maneka rupane kelir kembang
kirim.
Wis telung dina iki Sriyati sing
gelem dijak mulih teka kuburane Sugiyat. Sakdurunge Sriyati magih bisa
diapus-apusi dijak mulih. Kabeh dulure pungkasane bisa ngarteni nyang kelakuane
Sriyati. Dipikir tinimbang edan bangura dituruti paran hang dikarepi.
Getune Sriyati nora ana surude. Nyatane wong lanang
hang wis bakal dadi lakine is tega ninggal melaku sulung. Sugiyat melaku nyang
panggongan hang adoh. Sugiyat wis manggon ana ring alam kelanggengan. Alam hang
dadi panggonane hang sing bakal bisa digape Sriyati. Iyane mung bisa nunggoni
Sugiyat nong ndhuwure lemah kuburan tememplek nong paesan anyar.
Telung dina iki ugo angger
ngarepaken magrib emboke hang aran Mintarti mesti marani nyang kuburan ngajak
mulih nyang Sriyati. Ya mung emboke iki hang bisa ngelus atine Sriyati. Anggere
Mintarti marani nyang kuburan Sriyati sing bisa nulak. Pungkase iyane mesti
bisa dijak mulih.
“Ayo Kang, mulih nganu paran rika
meceger ring kene iki,” omonge Sriyati aleman ambi nggandheng wong lanang hang
sakat mau meceger nong ndhuwure kuburan. Ndilalah dina iki Mbok Min lali nyusul
nyang adhike ring kuburane Sugiyat.
“Wong-wong iku hang saktemene edan
ya, Kang…” rika kari seger waras jare diomong mati.” Sriyati ngajak ngadeg wong
lanang hang pawakane dokoh lan kulitane rijik iku.
Wong hang lencir kuning iku sing
nulak nyang ajakane Sriyati. Rambute hang ngandhan dicukur cendhek iku katon
gemilap disorot serngenge soren hang wis arep mapan turu. Iyane aju ngetutaken
lakune Sriyati. Padegane hang dokoh sanggup nampa nyang tangane Sriyati hang
temelung nong kempenge hang sigeg. Tangane hang jaya katon nggandheng nyang
tangane Sriyati hang sing gelem pedhot teka pelukane.
Kariya dhemen atine Sriyati nyaruki
bakalane maning. Kayadene dunya iki duwene wong sakkeloron. Melaku keloron
sakdawane dalan koyo penganten hang diarak ngubengi desa. Sing ana pedhote Sriyati
mandeng nyang rupane wong lanang iku. Wong lanang hang praupane rijik semorot
nyenengaken atine. Tangane gandholan rapet kaya emong dicoplok maning. Melaku
mulih nyang umahe kariya kerasa magih adoh dalane.
“Isun gindhongen… Ya Kang.”
Penjaluke Sriyati kemewed. Wong lanang iku sing nulak penjaluke Sriyati. Iyane
mung nuruti ambi munyik nyang peraupane Sriyati hang wis katon acum.
“Sedelo engkas rika lan isun
penganten Kang.” Sriyati ngomong edheng nyang kupinge hang nggindhong. Suwarane
kaya wong bisik-bisikan ambi munyik nemu dhemen nong pelukane hang lanang. Koyo
nggesuh ati hang tatu sak lawase iki. Wong lanang iku ya mung mbales munyik.
Sakat mau iyane sing patiya ngomong. Kabeh omongane Sriyati mung disauri unyik.
Lambene katon manise merga murah unyike.
Yung-layung temiyung tayongane wong
sakloron wis ilang saiki. Hang ana mung jangkah jejege Bambang wong lanang hang
nggindhong Sriyati. Bambang panceno ya jaya kadhung Sriyati bain sing ana
bobote anggone Bambang. Merga Bambang wonge patheng megawe sing beda ambi
Sugiyat. Apuwa Bambang memper Sugiyat, merga
Bambang iki ya bapake Sugiyat hang wis suwe bara ana ring kutha saiki teka ana
ring kene.
Ring umahe Sriyati kana wis rame
wong hang nganteni. Mbok Min hang rumangsa lali ngurusi adhike dina iki,
marani gancang nggudhak nyang wong sakkeloron.
Wong lanang iku sing nggindhong maning nyang Sriyati. Iyane ngelungaken Sriyati
teka pondhongane nyang Mbok Min lan dulur-dulure hang sakat mau nganteni.
Mintatrti gancang digape adhike mari
gediku emake aju nguber nututi.
“Sri…Sri…”
Mbok Min ngugah adhike hang sakat mau merem. Hang dikarepi gancango adhike
tangi koyo biyasahe. Sriyati sing ubah mung lambene bain hang munyik. Unyik
katon seru adheme. Njelu nong pinggirane lambene. Koyo-koyo unyike wong hang
mari dijaluk diweni penyingset bakale.
“Sriiii….!” Emake njerit sak
dawan-dawane aju gemebluk sing iling paran-paran.
“Mentala
sira ninggalaken isun, Sri…!” suwarane Mbok Min kaya bolak-balik. Bolak-balik suwarane
kaya suwara ring perengane gunung hang dhuwur. Sriyati sing semaur matane wis
merem tangane wis mangkat kaku lan njelu naming unyike kaya unyike penganten
wayah surup ring tengah kuwade.
Note: Ditulis teka kedadiyan sakbenere Sugiyat lan
Sriyati dadi cerita cendhek