Rabu, 02 April 2025

 

NJELU UNYIKE PERAWAN

Cerita Cendheke: Moh. Syaiful

 

            “Lara gering bisa dilakoni,” gediku omongan tanggan-tanggane Sriyati weruh nyang nasibe perawan bakalane Sugiyat iki.

            “Kang antenana isun, isun milu rika..!” gediku melung-melunge Sriyati ambi arep milu pati nyang bakalane hang wis sidakep kaku nong pelanca buru bain diadusi. Untunge bain dulur-dulure Sriyati gancang nyandhak murungaken nyang niyate Sriyati hang arep bunuh diri. Anggone Sriyati, Sugiyat gantelane ati. Nana maning wis wong lanang Liyan hang bakal bisa didhemeni maning. Bangura iyane mati nututi bakalane iku dadi siji dipendem ana ring kuburane, gediku pantese usik nong njero atine.

            “Sri… Sri.. engeta.  Nyebuta sira…!” saure Mbok Min ngengetaken adhike hang sing bisa ngelalekaken bakalane iku.

“Kadhung gediki carane bisa edan lare iki, Min..!” gesahe emake nyang emboke.

“Sarat lan banyu ya wis digoletaken gadug endi-endi. Kelendi maning , Mak?” saure Mintarti nyang emake. Acake wong wadon hang endi hang sing arep edan kadhung ana kedadean gediki iki. Lamaran buru bain ditampa ring wong tuweke Sriyati. Kari nganteni jebege bain Sugiyat ninggal dunya. Ninggalaken Sriyati perawan ayu kembang desane Sugiyat, hang wis didhemeni sakat iyane magih lancing tanggung bengen.

Wis lawas ugo Sriyati dhemen nyang Sugiyat. Sakat Sri magih perawan cilik iyane mesti kemesar dhung diceluk Sugiyat. Alihe Sugiyat jaman semono magih durung duwe ati paran-paran nyang Sriyati. Tambah maning dhemene Sriyati keliwat-liwat serta wong sak kloron wis janji laki-rabi ring dina mburi, nggawa peningset wis ditampa wong tuweke sakkeloron.

            Mendhung peteng, langite kaya arep nyiciraken udan. Serngenge ya wis meh mudhun teka  bucu kulon ndhuwur perengan Raung. Wis mangkat samar wulu naming Sriyati magih nora bisa ninggalaken lemah kubure. Kuburan anyar hang ana ring ngarepe wis katon kaya kuwadhe. Wis entek rasane eluh temetes petung dina petung bengi lawase. Kepuse lemah kuburan lan paesan iki dudu merga banyune udan teka langit belaka naming ugo merga tetes iluhe Sriyati. Dhengkule wis kemerotok, kemelethak garing merga lemah kuburan hang jangget sing dirasa.

            Angger soren paceke Sriyati nyekar nyang kuburan.  Sakat Sugiyat dikubur nong peturon langgenge Sriyati wis sing jenek umahe. Dina-dinane dientekaken nong pesarean. Sing leren Sriyati nyangking kembang nyekar nyang kuburan. Hang aran lemah kuburan sampek sing katon lemahe. Arum gandane lemah kuburan mung semebrung arume kembang. Kelir lan tulisane paesan mung katon maneka rupane kelir kembang kirim.

            Wis telung dina iki Sriyati sing gelem dijak mulih teka kuburane Sugiyat. Sakdurunge Sriyati magih bisa diapus-apusi dijak mulih. Kabeh dulure pungkasane bisa ngarteni nyang kelakuane Sriyati. Dipikir tinimbang edan bangura dituruti paran hang dikarepi.

Getune Sriyati nora ana surude. Nyatane wong lanang hang wis bakal dadi lakine is tega ninggal melaku sulung. Sugiyat melaku nyang panggongan hang adoh. Sugiyat wis manggon ana ring alam kelanggengan. Alam hang dadi panggonane hang sing bakal bisa digape Sriyati. Iyane mung bisa nunggoni Sugiyat nong ndhuwure lemah kuburan tememplek nong paesan anyar.

            Telung dina iki ugo angger ngarepaken magrib emboke hang aran Mintarti mesti marani nyang kuburan ngajak mulih nyang Sriyati. Ya mung emboke iki hang bisa ngelus atine Sriyati. Anggere Mintarti marani nyang kuburan Sriyati sing bisa nulak. Pungkase iyane mesti bisa dijak mulih.

            “Ayo Kang, mulih nganu paran rika meceger ring kene iki,” omonge Sriyati aleman ambi nggandheng wong lanang hang sakat mau meceger nong ndhuwure kuburan. Ndilalah dina iki Mbok Min lali nyusul nyang adhike ring kuburane Sugiyat.

            “Wong-wong iku hang saktemene edan ya, Kang…” rika kari seger waras jare diomong mati.” Sriyati ngajak ngadeg wong lanang hang pawakane dokoh lan kulitane rijik iku.

            Wong hang lencir kuning iku sing nulak nyang ajakane Sriyati. Rambute hang ngandhan dicukur cendhek iku katon gemilap disorot serngenge soren hang wis arep mapan turu. Iyane aju ngetutaken lakune Sriyati. Padegane hang dokoh sanggup nampa nyang tangane Sriyati hang temelung nong kempenge hang sigeg. Tangane hang jaya katon nggandheng nyang tangane Sriyati hang sing gelem pedhot teka pelukane.

            Kariya dhemen atine Sriyati nyaruki bakalane maning. Kayadene dunya iki duwene wong sakkeloron. Melaku keloron sakdawane dalan koyo penganten hang diarak ngubengi desa. Sing ana pedhote Sriyati mandeng nyang rupane wong lanang iku. Wong lanang hang praupane rijik semorot nyenengaken atine. Tangane gandholan rapet kaya emong dicoplok maning. Melaku mulih nyang umahe kariya kerasa magih adoh dalane.

            “Isun gindhongen… Ya Kang.” Penjaluke Sriyati kemewed. Wong lanang iku sing nulak penjaluke Sriyati. Iyane mung nuruti ambi munyik nyang peraupane Sriyati hang wis katon acum.

            “Sedelo engkas rika lan isun penganten Kang.” Sriyati ngomong edheng nyang kupinge hang nggindhong. Suwarane kaya wong bisik-bisikan ambi munyik nemu dhemen nong pelukane hang lanang. Koyo nggesuh ati hang tatu sak lawase iki. Wong lanang iku ya mung mbales munyik. Sakat mau iyane sing patiya ngomong. Kabeh omongane Sriyati mung disauri unyik. Lambene katon manise merga murah unyike.

            Yung-layung temiyung tayongane wong sakloron wis ilang saiki. Hang ana mung jangkah jejege Bambang wong lanang hang nggindhong Sriyati. Bambang panceno ya jaya kadhung Sriyati bain sing ana bobote anggone Bambang. Merga Bambang wonge patheng megawe sing beda ambi Sugiyat.  Apuwa Bambang memper Sugiyat, merga Bambang iki ya bapake Sugiyat hang wis suwe bara ana ring kutha saiki teka ana ring kene.

            Ring umahe Sriyati kana wis rame wong hang nganteni. Mbok Min hang rumangsa lali ngurusi adhike dina iki, marani  gancang nggudhak nyang wong sakkeloron. Wong lanang iku sing nggindhong maning nyang Sriyati. Iyane ngelungaken Sriyati teka pondhongane nyang Mbok Min lan dulur-dulure hang sakat mau nganteni.

            Mintatrti gancang digape adhike mari gediku emake aju nguber nututi.

            “Sri…Sri…” Mbok Min ngugah adhike hang sakat mau merem. Hang dikarepi gancango adhike tangi koyo biyasahe. Sriyati sing ubah mung lambene bain hang munyik. Unyik katon seru adheme. Njelu nong pinggirane lambene. Koyo-koyo unyike wong hang mari dijaluk diweni penyingset bakale.

            “Sriiii….!” Emake njerit sak dawan-dawane aju gemebluk sing iling paran-paran.

            “Mentala sira ninggalaken isun, Sri…!” suwarane Mbok Min kaya bolak-balik. Bolak-balik suwarane kaya suwara ring perengane gunung hang dhuwur. Sriyati sing semaur matane wis merem tangane wis mangkat kaku lan njelu naming unyike kaya unyike penganten wayah surup ring tengah kuwade.

 

Note: Ditulis teka kedadiyan sakbenere Sugiyat lan Sriyati dadi cerita cendhek


Tidak ada komentar:

Posting Komentar