Jambewangi dadi saksi, Angklung Caruk Banyuwangi magih sakti
Ring tanggal 4 April 2025 kelebu Lebaran petang dina, Desa
Jambewangi Kecamatan Sempu manggon ana ring Gerbang Raung dadi saksi kadhung Angklung
Caruk Banyuwangi magih durung mati sampek dina iki. Ring panggonan wisata Perkebunan
hang akeh wit-witane pinus iki dianakaken gebyar seni pertunjukan Angklung Caruk
Sumber Wangi Pasinan musuh Sritanjung Banje desa Bubuk.
Masiya ana hang ngomong dhung iki angklung caruk mini
tapi pakem lan urut-urutane tabuhan angklung caruk meh digawa kabeh. Dikawiti
Giro-giroan ring wayah esuk aju diterusaken larasan, hormat, embat, sampek
rebut gendhing lan keok. Saksinge masiya mung angklung mini (cilik) bisa dadi
tamba kangene ati nong kesenian Banyuwangi hang wis meh ilang iki.
M. Ikwan hang dadi kumendane Angklung Caruk Sri
Tanjung nerangaken dhung iki angklung caruk mini(sing jangkep kaya biyasae) merga
sing nggawa gamelan pul kaya angklung caruk mupakate. Angklunge tetep sak
setel, mung sarone disuda siji lan pekinge disuda siji. Ya kelendi maniing pak
merga iki penjaluke hang ngundang, gediku M. Ikwan nerusaken keterangane.
Ya aran penjalukan hang ngundang kudu dituruti, gediku
Adlin Mustika hang uga milu cawe-cawe nong Gebyar Seni Angklung Caruk iki. Iki
bain gamelane sing nggawa gamelan asli Angklung caruk Pasinan naming nggawa
angklung laras anyar yaiku laras C# duwene JEB, hang Banje nggawa duwene angklung
Pak M. Ikwan padha-padha laras anyar.
Hang dadi kabar anyar mestine mudhune Sajidi Kendang
asal Aliyan hang milu Sri Tanjung Banje. Wis lawas pengendang Sajidi iki sing
ngendangi merga bengen magih ana P. Waras Bolot. Sak peninggale P. Waras pungkase Sajidi Kendang Aliyan iki
dadi gantine.
Sakliyane dikuwati Sajidi
Kendang Sri Tanjung Banje uga nggawa pantuse hang aran Sahlan, M. Ikwan,
Mulyadi Pak Parno lan Cak Nartok. Hang dadi badhute Cak Bandik. Sing kaya
biyasae iki dadi kawitane Cak Bandik mbadhut merga wis 18 tahun iyane menyang
Kalimantan lan buru bisa milu angklung carukan maning ring dina iki, gediku
ceritane Cak Bandi badhut Sri Tanjung.
Sumber Wangi Pasinan magih dikendhangi Heru Kendang
Jos. Sahlan lan Tohan hang ana ring angklung. Hang ana ring Selenthem Pak
Slamet lan Pak Kethut. Sumber Wangi uga dikuwati lare nom-noman hang ana ring
saron kayadene Bagus, Egy, Rizal lan ditambah hang tuwek Pak Sahak. Kang Do’om magih
ngethuk Afis ana ring gong. Magih kaya biyase Sumber Wangi nganggo badhut Cak
Majik badhut andalane Sumber Wangi Pasinan.
Masiya sing akeh hang nonton merga manggon ana ring Perkebunan
saksinge iki dadi thukul kawitan perujuke angklung caruk ring taun iki.
Muga-muga bain magih bisa nemoni angklung caruk maning ring taun iki.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar