KSATRIYAN
PAPAN DUNUNGE
SANG
PENDEKAR WANITA ”SAYU WIWIT”
Kadhung
gelem juger-juger sejarah Banyuwangi mestine akeh barang hang bisa ndadekaken
ati kepincut seneng lan mongkog. Hang gawe mongkoge wong Banyuwangi mestine ya
jiwa lan semangat perjuangane para pendekar
bangsa hang wis dadi tumbale bumi merdeka iki, Wong Agung Wilis, Rempek
Jagapati, lan Sayu Wiwit. Sing salah kadhung wong telu iki arane mageh
semebrung arum gandane sampek saiki.
Nyeritakaken
Wong Agung Wilis lan Rempek mesti bain ndadekaken dhadha iki soyo milu gemulak
merga ajege laku wong sak kloron anggone ngelawan penjajah sing ana surude.
Paran maning Sayu Wiwit. Sayu Pendekar wadon iki nambahi moncer nung ati merga
sing akeh wong wadon nung bumi Nusantara iki hang jelas-jelas wani berjuang
ngelawan penjajah Londo wani tandhing adu rogo totoan nyawa.
Diceritakaken
maning nung Babad Tawangalun dhung Sayu wiwit iki wanita hang nganggo penganggo
lanang lan kadhung perang ngelawan Londo kaya wong hang kejimen utawa kelebon
roh. Sayu Wiwit bisa munggah arane lan sapadha jerajate ambi Wong Agung Wilis
lan rempek Jagapati merga Sayu Wiwit didadekaken pengarepe perang Bayu sak
marine Rempek tatu ngelawan pendekar teka Pasuruan hang aran Alap-alap. Ring
kana Sayu Wiwit dadi senapatine Belambangan sak marine Rempek Jagapati.
Ring
kono uga diceritakaken dhung Sayu Wiwit umahe ana ring Ksatriyan. Nyatane
sampek saiki aran Ksatriyan ring Banyuwangi iki mesti bain ya mung siji yaiku
ring Desa Lemahbangdewo mlebu Kecamatan Rogojampi. Ksatriyan saiki mung dadi
dusun ring antarane petang dusun ring desa Lemahbangdewo. Sakteruse Ksatriyan
pinggir endi kirane umahe Sang Ayu Wiwit iki. Penulis wis juger-juger kanggone
nggoleti ring endi petilasane utawa pecake umahe ring kampung cilik iki.
Wis
sakat bengen dhung wong-wong iki magih percaya dhung panggonan hang dhuwur
dibandhingaken ambi panggonan liyane dipercaya dadi panggonan hang suci. Mulo
iku penulis aju nerusaken juger-juger nyang panggonan hang dhuwur ring kampung
Ksatriyan. Panggonan iku ring wong-wong Ksatriyan diarani puthuk utawa gumuk.
Ring
kana pancen ana puthuk utawa gumuk hang uga amgih dipercaya ring masyarakat
kana dadi panggonan hang tenget utawa wingit. Puthuk utawa Gumuk iku ana loro
hang siji Puthuk pinggir kidul hang sampek saiki magih dadi kebonan, lan puthuk
hang elor hang saiki wis didadekaken Masjid ring wong kampong Ksatriyan. Bengen
ring tahun 1970-an masjid iki magih arupa langgar cilik hang ngadeg ring
ndhuwure watu-watu gedhe.
Masjid Baiturrohim
Satriyan, umah-umahan rapet ana ring kidul lan wetane.Masjid iki bengen
dibangun nung ndhuwure puthuk lor Ksatriyan. Bengen wektu gawe pondhasi Masjid
lan pondhasi umah-umah ring sakubengane akeh wong nemu kawean ring kono.
Ring
panggonan kana Puthuk loro iku mau ngapit dalan hang teka wetan tumuju nyang
kampong Lemahbang. Lemahbang. Kadhung diurut-urut, dalan iku mau dalan hang
dienggo njujug nyang kutho Lateng, ring jaman semono. Mulo iku gumuk kiwa
tengene bisa dadi benteng hang kuat anggone kedaton Lemahbang.
Puthuk
utawa gumuk loro hang ana ring Ksatriyan wetane Lemahang iku bengene mesti
dadi kampungane para prajurit lan
ksatriya Blambangan. Umpama magih percaya nyang I Gusti Kuta Bedhah, wong
iki ndadekaken gumuk loro ring wetane
kedatone iku saktemene dienggo mbentengi kedaton Lemahbang hang ana ring kulon.
Saktekane I Gusti Kuta Bedhah ring bumi Blambangan iyane ndadekaken Lemahbang
Kedaton utawa panggonane penguasa Blambangan.
Gumuk
hang ana pinggir elor dalan diarani Puthuk Elor lan gumuk hang ana ring kidul
dalan diarani Puthuk Kidul. Puthuk Elor dikanggokaken papan turu lan umah-umahe para prajurit, lan
ksatriya. Isun yakin ring kenen bengen Sayuwiwit lan ksatriya liyane manggon. Kadhung
Puthuk Kidul dienggo panggonan gladden lan olah kanuragan para prajurit lan ksatriya
Blambangan. Ring puthuk Kidul ana pecake watu-watu gedhe hang rata hang saiki
wis pecah-pecah naming pedahane magih ngatokaken dhung watu iku bengene dadi
siji. Ring kono uga akeh bata gedhe-gedhe hang diarani batu bata Majaphit.
Sedheng
ring Puthuk Lor bengen akeh wong nemu kawean arupa gerabah, piring keramik, lan
barang-barang rumah tangga, kabare baeang kawean mau wis padha diedoli nung
kolektor barang antik ring Bali kana.
Ring Blambangan, Rikala Blambangan
di perintah I Gusti Kuta Bedhah kedaton dipanggokaken ana ring Lemahbang. Sampek
saiki penulis durung bisa nemokaken ring endi petilasane kedaton lemahbang iku.
Naming akeh cerita teka wong lemahbang ring kana bengen akeh kuburane wong
Bali.
Merga Lemahbang iku panggonan hang
tepak anggone nggo nyengidakaken para Raja. Lemahbang dadi panggon umahe I
Gusti Kuta Bedah. Masio ibu nagari
Blambangan ana ring kutho Lateng naming I Gusti Kuta Bedah milih manggon ana
ring Lemahbang. Pancene Kedaton lemahbang dhung ditimbang-timbang iku panggonan hang paling aman dibandhingaken ambi
panggonan liya kanggo kedaton. Iku disebabaken Lemahbang manggon ana ring papan
hang dhuwur tinimbang panggonan liyane. Sakteruse Kuta Bedhah ndadekaken gumuk
loro hang ring wetane iku dadi panggonane para prajurit lan ksatriya
Blambangan.
Taping
nurut keterangane Sumono Abdul Hamid pecinta sejarah Blambangan hang ngutip
teka buku Nagari Tawon Madhu. Panggonan puthuk iku wis anjrah dadi panggonan
gladden sakat jaman Blambangan diperintah Pangeran Pati ring antarane tahun
1764. Ring Jaman Pangeran Pati hang merintah Blambangan rikala jaya-jayane
Blambangan ring Kutho Lateng, Pangeran Pati dhemen nganakaken gladi prajurit.
Ana adu ketangkasan manah, nunggang jaran, lan adu kesakten. Ring kono uga
gelem ngundang para saudagar hang mampir nong Ulupangpang.
Pancen
anane I Gusti Kutho Bedhah piyayi gung teka Bali hang merintah ring Blambangan
iki magih dadi enyeng-enyengan antarane ana temenane uwonge tah opo uwong hang
dianakaken ring cerita nggo tujuan-tujuan politik salah sijine kekuasaan rikala
iku. Hang jelas teka rong golongan iki cetho-cetho nyatakaken dhung Gumuk
Ksatriyan iku pancen ana lan dadi papan gladhen anggone para ksatriya lan
prajurit Blambangan.
Sing
salah dhung ring puthuk Kidul Ksatriyan akeh pecakane boto-boto gedhe.
Boto-boto iku ana hang ngarani boto Majapahit. Hang dikarepi mestine boto hang
digawe ring jaman jaya-jayane Mojopahit. Sak liyane boto uga ana pecakane watu
hang koyo ditoto hang saiki wis penteng-ceweng sesehan merga keneng lindhu utawa
pancen diseja diancuraken ring Londo sakmarine wong-wong podho surud menyang
Bayu.
Mestine
bengen Teka Puthuk loro iku ya magih dhuwur lan bisa ngawasi pesisir Banyualit
hang ana ring wetan kana. Masio Pesisir Banyualit adohe pitung kilo teka
panggonan kana naming kerana gumuk iku dhuwur magih katon kewela-wela mestine.
Kadhung ana musuh hang arep teka lan arep nyerang Kutho Lateng mestine tekane
musuh mau ya teka Pesisir Banyualit (saiki dadi Blimbingsari).
Dalan
hang saiki nuju Genteng iku gaweane Londo, kadhung dalan hang lawas saiki wis
dadi dalan cilik dalan Kampung. Lan saiki tembusan nyang Puspan wis ilang,
mergane dalane diplinggukaken nyang dalan gaweane Londo.
Sumber Peta Rofik Laros
Bisa gamblang maning kadhung teka peta
ndhuwur iku di gedhekaken nung panggonan Ksatriyan lan Lemahbang bain. Ring
gambaran gdhe iki jelas nduduhaken usahane Londo nggo ngilangaken bukti-bukti
sejarahe patriotismene wong Belambangan. Salah siji hang mesti ya nggawe dalan
anyar sing nerusaken dalan mulo hang wis nyata-nyata ana hang ngubungaken
Lemahbang nyang Lateng. Dalan anyar digawe ngubungaken dalan nyang Banyuwangi
kutho ngeliwati Kebalen lan Lincing.
Ring
kene gamblang wis panggonan-panggonan hang bengen dienggo para prajurit ngalor
ngidule. Lateng, Kepatihan Puspan, Ksatriyan lan Lemahbang jelas digathukaken
ambi dalan-dalan lawas hang saiki wis diganti ambi dalan-dalan anyar.
Juger-juger iki dikarepakaen ngengeti maning nyang sejarah. Paran maning bisa
ana hang nambebi tinemu hang anyar anggone njangkepi tulisan sejarah rakyat
iki.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar