NGOPENI JAJANG BADHENE ANGKLUNG
Drs. Moh. Syaiful
Bakalane angklung Banyuwangi mestine
bain yo jajang. Sing beda ambi panggonan-panggonan liyane, ring Desa Kemiren
ugo gediku. Maneka rupa jajang hang asal Banyuwangi bisa digawe angklung.
Naming akeh-akehe nganggo jajang benel lan jajang ori. Jajang benel lan jajang
ori dianggep paling trep anggone gawe angklung mergo ukurane sing kario gedhe
lan sing kario cilik. Mulo iku jajang iki kepilih dadi badhene angklung
Banyuwangi.
Sakliyane ring bab ukuran hang pas
anggone gawe angklung, jajang benel la nori ugo kelebu jajang hang sing gampang
uwah. Kadhung wis dilaras dadi angklung jajang iki mesti ajeg lungguhe nong
unine hang sing gampang munggah uatawane sing gampang mudhung bem-e (nada
dasare).
Jajang petung utawane jajang peting ya
sing kalah uleme dhung digawe angklung. Naming jajang iki ukuran bumbunge
kegedhen anggone digawe angklung. Akeh-akehe jajang iki digawe gong uatawa
digawe thethek patrol.
Ana maning jajang wuluh. Jajang iki bumbunge
cilik lan tipis kulitane. Jajang iki mung cocog digawe suling. Ring kanggone
wong tani jajang wuluh biasane dienggo anjiran tanduran. Umpamane anjirane
lobok, kacang, lan liyan-liyane.
JAJANG BENEL
Ring Desa Kemiren anane jajang hang
bisa digawe angklung magih akeh. Sing kurang tanduran iki ana ring desa
kemiren. Paran maning hang aran jajang benel putih. Jajang iki urip subur ring
antarane perengan jurang lan antarane sawahan.
Jajang benel putih iki jajang hang
didemeni uwong Kemiren anggone gawe angklung mergane gampang goletane lan
suarane ulem dhung wis dilaras. Lan maning jajang iki kuat sing gampang bencah
lan sing gampang dipangan nener dhung wis digawe angklung. Jajang benel dhewek iki akeh rupa
lan wernane. Umpamane Benel putih, benel cememng, ana ugo benel tutul. Ring
kemiren telung macem jajang iku kabeh amgih anal an urip ring kono. Benel tutul
menang ring rupa naming sing kuat ring kandele. Jajang iki akeh-akehe digawe
pekakas umah kaya kursi meja lan liyan-liyane. Benel tutul gampang bencah dhung
digawe angklung. Paran maning hang nabuh rodo anter sithik nabuhe.
Jajang Benel putih kulitane kandel lan
kuat dhung digawe angklung merga kulitane kandel lan sing keras (elastis).
Jajang benel putih bakalane angklung
sakdurunge ditegor kudune duwe umur hang cukup paling sithik setahun setengah
utawane ulih rong usum udan. Mesti bain sing kabeh jajang benel putih bisa
dienggo gawe angkl;ung. Jajang hang ketuweken utawane garing no ring barongan
sing apik dhung digawe bakalane angklung. Dhung maksa digawe angklunge engko
gampang bencah merga keras ketuweken.
Jajang benel hang urip nong nduwure
tanah pasir lan paras iku jajang benel hang paling apik anggone dienggo
angklung. Jajang hang urip nong kebonan hang lemahe lempung kurangt apik merga
lempung mau kakean kaolin (unsur tanah lempung). Jajang hang gediki biasae
gampang gabug lan unine kurang bisa anter.
Jajang petung, iki biasae dienggo Gong jajang lan
thethek patrol
Jajang Benel Putih, biasae nggo angklung
Jajang ori biasae dienggo angklung lebih kuat
Jajang
Wuluh Kuning, sing keneng nggo angklung naming keneng nggo badene suling
NEGOR LAN NGGARINGAKEN JAJANG
Dikawiti teka negor jajange, sing
sembarang dina lan saat bisa diewnggo negor jajang. Jajang hang dienggo
angklung mestine nagnggo itungan dhung arep negore. Mbuh iki weluri opo iki
ilmu pasti hang jelas negor jajang hang arep dienggo angklung kudu golet dina
hang paik, dhung kepingin gawe angklung hang apik unine.
Dina kaya Sabtu duwe itungan sanga
hang maksdude angka sanga iku angka hang paling dhuwur ring itungan. Dina iki
apik anggone naptu lan pasaran kanggo negor jajang. Pasarane milih pahing merga ring penanggalan jawa pahing
dipercaya duwe rasa pahit. Iki dikarepaken jajang iku biusa pahit lan sing
diarep kewan lan penyakit hang doyan nyang jajang kayata nener lan bubuk.
Jajang hang dikethok ring dina Sabtu Pahing dikarepaken dadi jajang hang paling
unggul lan sing diarepi penyakit dadine bisa awet lan sing gampang rusak.
Angklung hang gediki iki hang dikarepakaken dadi tabuhan hang apik.
Milih dina lan pasaran nggo negor
jajang iki wis dipercoyo wong sing mung nong Kemiren thok naming uga panggonan-panggonan
liya kayata desa Mangir lan Cawang ring Kecamatan Rogojampi.
Sakliyane golet dina hang apik, tekane
ulan ring saban tahune uga kudu diengeti. Merga ulan hang apik iku nggawa
tekane usum, kayata usum udan lan usum panas. Ring sakjerone ulan-ulan Agustus
sampek ulan Desember kelebu ulan hang kurang Wong Kemiren utamane percaya dhung
wayah usum iki jajang podho nyusuni anake. Jare jajang iki rasane manis mergo
nggowo susu ring njerone. Kira-kira wayahe jajang ngebung.
Maksa negor jajang ring mangsa gediki
marai jajang didoyani penyakit. Jajang sing bisa awet merga gelis dipangan
penyakit. Penyakit kayata nener lan bubuk seru dhemene nyang jajang hang
ditegor wayah usum udan.
NGOPENI
JAJANG UGO NGOPENI PENGURIPAN
Jajang
hang mari dietgor sakteruse digaringaken ring panggonan hang adhem lan kudu
diedegaken. Iki dikarepaken makne jajang iku garinge edheng-edheng, garing
merga keneng icise angina dudu antere panas serngenge.
Sakmarine jajang garing sakteruse
jajang dikethok-kethok angger rong eros. Kethokan mau kudu ana erose ring
pucuk, merga engko angklung digawe kualik. Pucuk ana ring ngisor bongkote ana
ring dhuwur. Bumbung jajang kudu wutuh merga bumbung iku arep dienggo panggone
mbengunge angklung.
Jajang
digaringaken ring panggonan hang adem taping keneng silire angina
Jajang
digaringaken ndhuwure pogo
Mari digaringaken ring njaba utawane
diicisaken nong angina, jajang dikethoki rong ros aju digaringaken nong ndhuwur
pogo (ring dhuwure bengahan). Ring dhuwur pogo jajang digaringaken maning
sampek tus kira-kira 3-4 ulan paling
sithik. Masayarakat desa Kemiren magih ngugemi anane gawe badhene angklung
nagnggo coro gediki. Merga ngugemi cara iki ugo ngugemi adat lan tradisine
Masyarakat desa Kemiren .
Angklung hang apik mesti bain nganggo
badhe jajang gawene sing sak deg sak yet. Saiki jajang ditegor saiki ugo jajang
dikeroti digawe angklung, iki dudu cara gawe angklung hang bener. Merga
angklung durung tutas banyune. Jajang hang durung garing lan tus temenan
banyune sing bisa digawe angklung hang apik.
LARAS ANGKLUNG BANYUWANGI
Larase angklung Banyuwangi iku unine angklung kawit suara hang
endhep sampik pungkasane suara hang dhuwur. Antarane bem siji lan bem loro lan
sakteruse iku ana beda ring munggah mudhune suara.
Laras angklung Banyuwangi ana 2 maceme hang siji laras pelog lan
laras selendro. Iki diarani laras Pentatonis merga akehe mung 5 suara. Kadhung
akehe 7 suara (nada) iku diarani laras Diatonis.
Jajang
hang wis garing dikethoki rong ros, sakteruse digaringaken nong pogo. Ulih 3-4
ulang jajang keneng dienggo gawe angklung dilaras.
Interval laras pentatonic selendro Banyuwangian
a c d e g a
La do re mi sol la
Na nu ne ni no na
Laras
selendro 10 wilahan kenthulitan Kemiren
Laras Selendro Angklung
Banyuwangian 15 wilah.
Gambar Kenthulitan
Kemiren
Gambar
Angklung teka ngarep
Gambar
angklung teka mburi, katon bumbunge nggo larase
Tidak ada komentar:
Posting Komentar