Senin, 27 Agustus 2018


KSATRIYAN PAPAN DUNUNGE
SANG PENDEKAR WANITA ”SAYU WIWIT”
Kadhung gelem juger-juger sejarah Banyuwangi mestine akeh barang hang bisa ndadekaken ati kepincut seneng lan mongkog. Hang gawe mongkoge wong Banyuwangi mestine ya jiwa lan semangat perjuangane para pendekar  bangsa hang wis dadi tumbale bumi merdeka iki, Wong Agung Wilis, Rempek Jagapati, lan Sayu Wiwit. Sing salah kadhung wong telu iki arane mageh semebrung arum gandane sampek saiki.
Nyeritakaken Wong Agung Wilis lan Rempek mesti bain ndadekaken dhadha iki soyo milu gemulak merga ajege laku wong sak kloron anggone ngelawan penjajah sing ana surude. Paran maning Sayu Wiwit. Sayu Pendekar wadon iki nambahi moncer nung ati merga sing akeh wong wadon nung bumi Nusantara iki hang jelas-jelas wani berjuang ngelawan penjajah Londo wani tandhing adu rogo totoan nyawa.
Diceritakaken maning nung Babad Tawangalun dhung Sayu wiwit iki wanita hang nganggo penganggo lanang lan kadhung perang ngelawan Londo kaya wong hang kejimen utawa kelebon roh. Sayu Wiwit bisa munggah arane lan sapadha jerajate ambi Wong Agung Wilis lan rempek Jagapati merga Sayu Wiwit didadekaken pengarepe perang Bayu sak marine Rempek tatu ngelawan pendekar teka Pasuruan hang aran Alap-alap. Ring kana Sayu Wiwit dadi senapatine Belambangan sak marine Rempek Jagapati.
Ring kono uga diceritakaken dhung Sayu Wiwit umahe ana ring Ksatriyan. Nyatane sampek saiki aran Ksatriyan ring Banyuwangi iki mesti bain ya mung siji yaiku ring Desa Lemahbangdewo mlebu Kecamatan Rogojampi. Ksatriyan saiki mung dadi dusun ring antarane petang dusun ring desa Lemahbangdewo. Sakteruse Ksatriyan pinggir endi kirane umahe Sang Ayu Wiwit iki. Penulis wis juger-juger kanggone nggoleti ring endi petilasane utawa pecake umahe ring kampung cilik iki.
Wis sakat bengen dhung wong-wong iki magih percaya dhung panggonan hang dhuwur dibandhingaken ambi panggonan liyane dipercaya dadi panggonan hang suci. Mulo iku penulis aju nerusaken juger-juger nyang panggonan hang dhuwur ring kampung Ksatriyan. Panggonan iku ring wong-wong Ksatriyan diarani puthuk utawa gumuk.
Ring kana pancen ana puthuk utawa gumuk hang uga amgih dipercaya ring masyarakat kana dadi panggonan hang tenget utawa wingit. Puthuk utawa Gumuk iku ana loro hang siji Puthuk pinggir kidul hang sampek saiki magih dadi kebonan, lan puthuk hang elor hang saiki wis didadekaken Masjid ring wong kampong Ksatriyan. Bengen ring tahun 1970-an masjid iki magih arupa langgar cilik hang ngadeg ring ndhuwure watu-watu gedhe.




Masjid Baiturrohim Satriyan, umah-umahan rapet ana ring kidul lan wetane.Masjid iki bengen dibangun nung ndhuwure puthuk lor Ksatriyan. Bengen wektu gawe pondhasi Masjid lan pondhasi umah-umah ring sakubengane akeh wong nemu kawean ring kono.
Ring panggonan kana Puthuk loro iku mau ngapit dalan hang teka wetan tumuju nyang kampong Lemahbang. Lemahbang. Kadhung diurut-urut, dalan iku mau dalan hang dienggo njujug nyang kutho Lateng, ring jaman semono. Mulo iku gumuk kiwa tengene bisa dadi benteng hang kuat anggone kedaton Lemahbang.
Puthuk utawa gumuk loro hang ana ring Ksatriyan wetane Lemahang iku bengene mesti dadi  kampungane para prajurit lan ksatriya Blambangan. Umpama magih percaya nyang I Gusti Kuta Bedhah, wong iki  ndadekaken gumuk loro ring wetane kedatone iku saktemene dienggo mbentengi kedaton Lemahbang hang ana ring kulon. Saktekane I Gusti Kuta Bedhah ring bumi Blambangan iyane ndadekaken Lemahbang Kedaton utawa panggonane penguasa Blambangan.
Gumuk hang ana pinggir elor dalan diarani Puthuk Elor lan gumuk hang ana ring kidul dalan diarani Puthuk Kidul. Puthuk Elor dikanggokaken  papan turu lan umah-umahe para prajurit, lan ksatriya. Isun yakin ring kenen bengen Sayuwiwit lan ksatriya liyane manggon. Kadhung Puthuk Kidul dienggo panggonan gladden lan olah kanuragan para prajurit lan ksatriya Blambangan. Ring puthuk Kidul ana pecake watu-watu gedhe hang rata hang saiki wis pecah-pecah naming pedahane magih ngatokaken dhung watu iku bengene dadi siji. Ring kono uga akeh bata gedhe-gedhe hang diarani batu bata Majaphit.
Sedheng ring Puthuk Lor bengen akeh wong nemu kawean arupa gerabah, piring keramik, lan barang-barang rumah tangga, kabare baeang kawean mau wis padha diedoli nung kolektor barang antik ring Bali kana.
            Ring Blambangan, Rikala Blambangan di perintah I Gusti Kuta Bedhah kedaton dipanggokaken ana ring Lemahbang. Sampek saiki penulis durung bisa nemokaken ring endi petilasane kedaton lemahbang iku. Naming akeh cerita teka wong lemahbang ring kana bengen akeh kuburane wong Bali.
            Merga Lemahbang iku panggonan hang tepak anggone nggo nyengidakaken para Raja. Lemahbang dadi panggon umahe I Gusti Kuta Bedah.  Masio ibu nagari Blambangan ana ring kutho Lateng naming I Gusti Kuta Bedah milih manggon ana ring Lemahbang. Pancene Kedaton lemahbang dhung ditimbang-timbang iku  panggonan hang paling aman dibandhingaken ambi panggonan liya kanggo kedaton. Iku disebabaken Lemahbang manggon ana ring papan hang dhuwur tinimbang panggonan liyane. Sakteruse Kuta Bedhah ndadekaken gumuk loro hang ring wetane iku dadi panggonane para prajurit lan ksatriya Blambangan.
Taping nurut keterangane Sumono Abdul Hamid pecinta sejarah Blambangan hang ngutip teka buku Nagari Tawon Madhu. Panggonan puthuk iku wis anjrah dadi panggonan gladden sakat jaman Blambangan diperintah Pangeran Pati ring antarane tahun 1764. Ring Jaman Pangeran Pati hang merintah Blambangan rikala jaya-jayane Blambangan ring Kutho Lateng, Pangeran Pati dhemen nganakaken gladi prajurit. Ana adu ketangkasan manah, nunggang jaran, lan adu kesakten. Ring kono uga gelem ngundang para saudagar hang mampir nong Ulupangpang.
Pancen anane I Gusti Kutho Bedhah piyayi gung teka Bali hang merintah ring Blambangan iki magih dadi enyeng-enyengan antarane ana temenane uwonge tah opo uwong hang dianakaken ring cerita nggo tujuan-tujuan politik salah sijine kekuasaan rikala iku. Hang jelas teka rong golongan iki cetho-cetho nyatakaken dhung Gumuk Ksatriyan iku pancen ana lan dadi papan gladhen anggone para ksatriya lan prajurit Blambangan.
Sing salah dhung ring puthuk Kidul Ksatriyan akeh pecakane boto-boto gedhe. Boto-boto iku ana hang ngarani boto Majapahit. Hang dikarepi mestine boto hang digawe ring jaman jaya-jayane Mojopahit. Sak liyane boto uga ana pecakane watu hang koyo ditoto hang saiki wis penteng-ceweng sesehan merga keneng lindhu utawa pancen diseja diancuraken ring Londo sakmarine wong-wong podho surud menyang Bayu.
Mestine bengen Teka Puthuk loro iku ya magih dhuwur lan bisa ngawasi pesisir Banyualit hang ana ring wetan kana. Masio Pesisir Banyualit adohe pitung kilo teka panggonan kana naming kerana gumuk iku dhuwur magih katon kewela-wela mestine. Kadhung ana musuh hang arep teka lan arep nyerang Kutho Lateng mestine tekane musuh mau ya teka Pesisir Banyualit (saiki dadi Blimbingsari).
Dalan hang saiki nuju Genteng iku gaweane Londo, kadhung dalan hang lawas saiki wis dadi dalan cilik dalan Kampung. Lan saiki tembusan nyang Puspan wis ilang, mergane dalane diplinggukaken nyang dalan gaweane Londo.


Sumber Peta Rofik Laros
Bisa gamblang maning kadhung teka peta ndhuwur iku di gedhekaken nung panggonan Ksatriyan lan Lemahbang bain. Ring gambaran gdhe iki jelas nduduhaken usahane Londo nggo ngilangaken bukti-bukti sejarahe patriotismene wong Belambangan. Salah siji hang mesti ya nggawe dalan anyar sing nerusaken dalan mulo hang wis nyata-nyata ana hang ngubungaken Lemahbang nyang Lateng. Dalan anyar digawe ngubungaken dalan nyang Banyuwangi kutho ngeliwati Kebalen lan Lincing.


                Ring kene gamblang wis panggonan-panggonan hang bengen dienggo para prajurit ngalor ngidule. Lateng, Kepatihan Puspan, Ksatriyan lan Lemahbang jelas digathukaken ambi dalan-dalan lawas hang saiki wis diganti ambi dalan-dalan anyar. Juger-juger iki dikarepakaen ngengeti maning nyang sejarah. Paran maning bisa ana hang nambebi tinemu hang anyar anggone njangkepi tulisan sejarah rakyat iki.