Selasa, 11 September 2018


Hadrah Kuntulan Banyuwangi
Syiir Gendhing sholawatan hang Kukuh Siar Islam
Tulisane: Drs. Moh. Syaiful
            Hadrah Kuntulan salah sijine seni tradisi Banyuwangi hang kegolong magih kukuh lan urip sampek seprene. Kesenian iki nyatane magih dihemeni ambi masyarakate merga magih kenthel njaga siar agama ring bumi Banyuwangi iki. Anggone ngukuhi nyang sair lan lirik hang islami iku nyatane kesenian iki magih bisa kundangan ring kegiatan-kegiatan ring Banyuwangi. Sing mung kegiatan hang mambu agama bain naming uga kegiatan-kegiatan kemasyarakatan lan pemerintahan. Delengan bain bukti nyatane ring wong hang duwe gawe koyo wong duwe gawe nyunati, pengantenan lan kegiatan  bersih desa utawa selametan desa.

Nyerambah Nusantara dikenal wong Manca       
            Hadrah Kuntulan Banyuwangi moncer maning ring tahun 1980-an sampek tahun 1990-an. Kesenian hadrah hang kawitane mung kanggo tiba’an lan syiiran ring pesantren lan pondok-pondokan ring tahun iku mangkat rame maning ring desa-desa hang ana ring Banyuwangi. Meh saban desa duwe grup hadrah kuntulan. Desa-desa hang kesuwur kuntulane antarane bain desa Aliyan, desa Kertosari, desa Kemiren, Singojuruh, Kabat  lan desa Glagah.
            Hadrah Kuntulan tambah moncer maning ring tahun-tahun iku kala Inisisri salah sijine drummer Indonesia hang kesuwur duwe niyat  kolaborasi ambi kuntulan. Wong-wong kuntulan Banyuwangi diajak nggarap kuntulan dadi pertunjukan hang apik aju dipentasaken  keliling Nusantara lan nyang luar negeri. Nurut Adnan –salah sijine pemain kuntulan Banyuwangi asal teka Cungking Banyuwangi hang diajak main Inisisri, seru girange ring jaman iku merga kuntulan bisa nyerambah Nusantara. Iku uga merga pintere Inisisri hang hang andap asor musikalitase kuntulan. Lan maning masiya Inisisri wong musik modern naming bisa melebu nyang musik tradisionale wong Banyuwangi lan tempalane kuntulan hang khas Banyuwangi.

Sejarah Anane Kuntulan    
            Nurut keterangane Sumitro Hadi –salah sijine Budayawan Banyuwangi, nyatakaken kadhung hadrah kuntulan iki bengen asale teka hadrah caruk hang dikembangaken maning dadi hadrah kuntulan. Ring jaman bengen hadrah caruk iku anane rong grup hadrah hang dicarukaken hang nembangaken gendhing-gendhing selawat. Hadrah caruk asale sing nganggo rodad (penari) naming mung ana wong hang gendhingan selawat lan ana terbangane.
            Sakdurunge bengen ring tahun 1890-an wis ana hadrahan hang dikenalaken para ulama dienggo syiar agama islam. Sholawatan hang ana ring jaman iku dianakaken ring dina-dina utama kayata dina Maulud lan dina ngarepaken puasa. Para Kyai ngajak santrine maca sholawatan nganggo gendhing-gendhing sakmajade. Pondokan Al-Azhar desa Tugung kecamatan Sempu hang kegolong pondokan kuna iki akeh ngembangaken gendhing-gendhing sholawat. Sakteruse gendhing-gendhing sholawat mau digawa ring para santrine nyang desa-desa. Mulane wong-wng abangan hang angel diejak ngaji sakteruse padha gelem sholawatan liwat gendhing iku mau.
            Hadrah asale teka basa Arab yaiku hadoroh hang artine hadir utawa anekani. Kuntulan dhewek iku sakjane teka sebutan nyang para rodad (penari) hang mesti nganggo kelambi putih-putih kaya manuk kuntul. Manuk kuntul dhewek iku uga duwe ubah hang padha utawa seragam. Akhire rodad (penaria) hadrah hang njuget padha lan carem seragam iku mau pungkasane diarani kuntulan merga meh padha ambi manuk kuntul.
            Kadhung miturut keterangane Hasnan Singodimayan, kuntulan asale teka kuntu-lailan hang artine anane isngsun ring wayah bengi. Diarani gediku merga megiyate kuntulan mau ring wayah bengi sakmarine lare-lare pondokan ngaji.

Unsur-unsure Hadrah Kuntulan    
            Paran bain hang ana ring hadrah kuntulan iku. Nomer siji mestine kudu ana syiir. Syiir hang dienggo yaiku sholawat lan Marhabanan (Asroqolan) lan donga-donga ring kitab-kitab liyane. Nomer loro yaiku gedhing utawane lagu. Gendhing utawane lagu iku digawe dhewek ring para santri mulane. Kadhang nganggo gendhing-gendhing saiki naming syaire nganggo sholawatan. Ana uga gendhing hang wis mula asale teka kyai ring pondhokan aju digawa nyang desa-desa. Hang angka telu mestine ya tabuhan utawane terbangan. Unsur terbangan iki mestine wajib anane merga dudu hadrah dung durung nganggo terbang. Unsur hang pungkasan mestine rodad (penari).
            Ring jaman bengen penari rodad lanang. Naming ring perkembangan hang saiki penari rodad wis ana hang wadon. Sakat tahun 1990-an rodad (penari) hadrah kuntulan kawitan ana wadone. Grup hadrah kuntulan “Melati Putih teka desa Aliyan hang ngawiti. Nyatane penari hadrah kuntulan hang wadon hang bisa diterima saiki ning masyarakat. Merga rodad (penari) hadrah kuntulan wadon dianggep lebih luwes lan alus dung njuget hadrahan tinimbang rodad (penari) lanang.
            Malak’an saiki rodad (penari) lanange wis sing pati ana. Sakliyane iku unsur jugetan. Jugete hadrah kuntulan iki duwe ciri wancine dhewek lan bisa bedakaken ambi jugetan-jugetan liya. Hang pungkasan mestine ya penting yaiku unsur busana. Busana utawane penganggone rodad (penari) iki seru pentinge. Merga kelambi putih-putih hang dienggo iku wis dadi cirine hadrah kuntulan.  
            Tabuhan (instrumen) paran bain hang dienggo ring hadrah kuntulan. Hang kudu ana mesti bain ya terbang. Terbang iki digawe teka kulite wedhus putih hang dipasang ring urung kayu hang digawe teka kayu nangka. Urunge iku kira-kira diameter antarane 27-30 cm. Sakliyane terbang ana uga Jedhor yaiku bedhug hang gedhe hang digawe teka plateser hang diendoni kulite sapi. Jedhor diameter antarane 60-90 cm. teruse maning ana hang aran pantus lan lencangan. Pantus lan lencangan uga digawe teka plateser bunder hang diendohi kulite wedhus. Diameter pantus kira-kira 40-50 cm, lan diametere lencangan kira-kira 25-30 cm.
            Jugete Hadrah kuntulan iki pancen khusus. Mestine maceme ubah lan rupane gerak iku mau sing adoh teka syiar islam hang mesti digawa ring kesenian hadrah kuntulan. Gerak iki sing padha ambi juget Banyuwangian liyane. Ring ngisor iki kelebu jugetan hadrah kuntulan:
1.       Hormat, 2. Salam, 3. Ngelangkah, 4. Takbir, 5. Rukuk. 6. Sujud, 7. Gebyaran, 9. Sagah, 10. Sirigan, 11. Slewahan, 12. Songkloh, 13. Deleg, 14. Anthuk, 15. Pencakan, 16. Jurus, 17. Sirigan, 18. Ukelan, 19 Japinan, 20. Ninggulan, lan magih akeh maning jugete hadrah Kuntulan. Naming 16 jugetean iku hang wajib hang durung dikreasi ambi jugetan Banyuwangian.
Gerak igelan wudlu  (model Gadis S. Sayuwiwit)                           
gerak ninggulan (model Gadis S. Sayuwiwit)
gerak slewahan   (model Gadis S. Sayuwiwit)                                 
gerak sujud (model Gadis S. Sayuwiwit)
           
Syair hang Kukuh ring Syi’ar Islam
            Seru dhemene kadhung ngerungokaken syair gendhinge hadrah Kuntulan. Syaire iki nganggo telung basa, ana basa arab, ana basa Indonesia (Basa Melayu), lan ana basa using. Sing diselaki pancene basa Melayu wis ana ring Banyuwangi sakat kuna-makuna. Iku nduduhaken uga kadhung hadrah kuntulan iki bisa melebu ring sekat-sekat basa hang merana-merene beda. Ring ngisor iki syair teka gendhing-gendhing hadrah kuntulan.
Hang nganggo basa Arab:
Bismillah tawakalna billah
Bismillah tawakalna billah
Bismillah ya dal jalali walikrom
Bismillah bismilah bismillah

            Bismillah ya Alloh ya rohim
            Bismillah ya Alloh ya Karim
            Bismillah tawakaltu alalloh
            Bismillah-bismilah bismillah

Hang nganggo basa Indonesia (Basa Melayu):
Ini Kuntulan seni asli Banyuwangi
Ini Kuntulan seni hadrah  Belambangan
Joget gendhing seni siar kebanggaan
Bila khilaf kami mohon dimaafkan
Disambunge ambi Basa using
            Hadrah kuntulan Joget gendhingan Banyuwangian
                        Gendhing tiba’an gendhing syi’iran
                        Ya rame-rame, ya sakkancaan
            Joget kuntulan larene cilik
            Jogete apek larene munyik
            Eseme manis ya nyenengaken
            Kuntulan cilik Banyuwangian
Hang nganggo basa using liyane :
Duh Gusti kula nyuwun sepura
Sekabehe dosa-dosa kula
Lan dosane tiyang sepuh kula
Lan dosane umat islam sedaya
Magih Kukuh Urip Seprene           
            Hadrah Kuntulan ring jaman saiki masiya sing keneng diarani rame naming magih ajeg ana ring acara-acara lan kegiyatan islam. Umpamane Muludan, Ulan Aji, nggo ngarak lare sunat uga ana ring acara santunan lare atim sing luput ring acara-acara kegiyatan pemerintah uga magih ana.
            Hadrah Kuntulan sakliyane awujud kesenian naming duwe misi syiar islam hang kuat. Gendhing lan syair hang gawe ajakan uga jugetan hang njuput teka ubahe awak ring waktu maca tahlil, rukuk, sujud, lan takbir kabeh ngengetaken menungsa makne balik nyang urip hang nganggo dasar iman lan islam. Nyatane Kesenian Hadrah kuntulan iki bisa dadi saranane syiar islam hang kenceng anggone masyarakat using Banyuwangi.