Rabu, 20 Februari 2013


BASANAN USING

                Basanan utawa ana kang ngarani Wangsalan iku wujude karya sastra using kang ana ring Banyuwangi. Basanan kelebu ring sastra lisan, utawa sastra ucap, mergone bengen basanan iki sing tau ditulisaken naming diucapaken bawen.
                Ring daerah Nusantara liyane Basanan diarani Pantun, koyoto ring daerah Sumatera, Betawi, lan daerah-daerah liyane.  Ring daerah Suroboyooan Basanan diarani ugo Parikan. Bengen asale pantun iki dienggo wong kang demenan lanang wadon kang maksude disengedaken. Mergane ring jaman bengen magih kelebu ilok-ilok kadung wong demen nyangwong liyane terus diucapaken terus terang.
Contone:
Segoro yo ana pesisire
Sun welas nana watese
Wedang kopi telung nongko
Raino bengi yo mung katon riko
                Basanan utawa Pantun iku mau yo dienggo ring adat Gredoan  ring Macan Putih. Wong  kanga rep golet jejodoan ring adat Gredoan biasane  nganggo basanan iki anggone  gendingan (ngrayu) calon pasangane. Sakliyane dinggo nglamar Basanan ugo ana kang dilagukaken utawa didadikaken gending.  Gending-gending Seblang ring kemirien rata-rata nganggo wujud Basanan iki. Kayata:
Dipanasi diudani
Arep mampir nana kelasane
Diwelasi dikedani
Perandane nana rumangsane
                Basanan biasane ana rong baris, ana maning kang petang baris. Koyo dene Pantun lan Parikan Basanan biasane diangkati ambi kalimah perumpaan (sampiran) sakteruse ambi kalimah isi (kalimah kang dikandung maksud  koyo kang dikarepaken).
Contone:
Tuku kopat campur kelopo
Menawi lepat nedhi sepuro
Conto liyane:
Ampak-ampak nong stasiun
Lengo wangi yo botole biru
Riko kapak awakisun
Raino bengi yo sing biso turu.

Tugas:
Gaweo Basanan Using kang 4 baris, paling sithik 2, tulisen ring buku cathetan!


Tidak ada komentar:

Posting Komentar