Selasa, 22 Mei 2018


NGOPENI JAJANG BADHENE ANGKLUNG
Drs. Moh. Syaiful
          Bakalane angklung Banyuwangi mestine bain yo jajang. Sing beda ambi panggonan-panggonan liyane, ring Desa Kemiren ugo gediku. Maneka rupa jajang hang asal Banyuwangi bisa digawe angklung. Naming akeh-akehe nganggo jajang benel lan jajang ori. Jajang benel lan jajang ori dianggep paling trep anggone gawe angklung mergo ukurane sing kario gedhe lan sing kario cilik. Mulo iku jajang iki kepilih dadi badhene angklung Banyuwangi.
          Sakliyane ring bab ukuran hang pas anggone gawe angklung, jajang benel la nori ugo kelebu jajang hang sing gampang uwah. Kadhung wis dilaras dadi angklung jajang iki mesti ajeg lungguhe nong unine hang sing gampang munggah uatawane sing gampang mudhung bem-e (nada dasare).
          Jajang petung utawane jajang peting ya sing kalah uleme dhung digawe angklung. Naming jajang iki ukuran bumbunge kegedhen anggone digawe angklung. Akeh-akehe jajang iki digawe gong uatawa digawe thethek patrol.
          Ana maning jajang wuluh. Jajang iki bumbunge cilik lan tipis kulitane. Jajang iki mung cocog digawe suling. Ring kanggone wong tani jajang wuluh biasane dienggo anjiran tanduran. Umpamane anjirane lobok, kacang, lan liyan-liyane.

JAJANG BENEL
          Ring Desa Kemiren anane jajang hang bisa digawe angklung magih akeh. Sing kurang tanduran iki ana ring desa kemiren. Paran maning hang aran jajang benel putih. Jajang iki urip subur ring antarane perengan jurang lan antarane sawahan.
          Jajang benel putih iki jajang hang didemeni uwong Kemiren anggone gawe angklung mergane gampang goletane lan suarane ulem dhung wis dilaras. Lan maning jajang iki kuat sing gampang bencah lan sing gampang dipangan nener dhung wis digawe angklung.            Jajang benel dhewek iki akeh rupa lan wernane. Umpamane Benel putih, benel cememng, ana ugo benel tutul. Ring kemiren telung macem jajang iku kabeh amgih anal an urip ring kono. Benel tutul menang ring rupa naming sing kuat ring kandele. Jajang iki akeh-akehe digawe pekakas umah kaya kursi meja lan liyan-liyane. Benel tutul gampang bencah dhung digawe angklung. Paran maning hang nabuh rodo anter sithik nabuhe.
          Jajang Benel putih kulitane kandel lan kuat dhung digawe angklung merga kulitane kandel lan sing keras (elastis).
          Jajang benel putih bakalane angklung sakdurunge ditegor kudune duwe umur hang cukup paling sithik setahun setengah utawane ulih rong usum udan. Mesti bain sing kabeh jajang benel putih bisa dienggo gawe angkl;ung. Jajang hang ketuweken utawane garing no ring barongan sing apik dhung digawe bakalane angklung. Dhung maksa digawe angklunge engko gampang bencah merga keras ketuweken.
          Jajang benel hang urip nong nduwure tanah pasir lan paras iku jajang benel hang paling apik anggone dienggo angklung. Jajang hang urip nong kebonan hang lemahe lempung kurangt apik merga lempung mau kakean kaolin (unsur tanah lempung). Jajang hang gediki biasae gampang gabug lan unine kurang bisa anter.
Jajang petung, iki biasae dienggo Gong jajang lan thethek patrol



Jajang Benel Putih, biasae nggo angklung


Jajang ori biasae dienggo angklung lebih kuat


Jajang Wuluh Kuning, sing keneng nggo angklung naming keneng nggo badene suling




NEGOR LAN NGGARINGAKEN JAJANG                 
          Dikawiti teka negor jajange, sing sembarang dina lan saat bisa diewnggo negor jajang. Jajang hang dienggo angklung mestine nagnggo itungan dhung arep negore. Mbuh iki weluri opo iki ilmu pasti hang jelas negor jajang hang arep dienggo angklung kudu golet dina hang paik, dhung kepingin gawe angklung hang apik unine.
          Dina kaya Sabtu duwe itungan sanga hang maksdude angka sanga iku angka hang paling dhuwur ring itungan. Dina iki apik anggone naptu lan pasaran kanggo negor jajang.          Pasarane milih pahing merga ring penanggalan jawa pahing dipercaya duwe rasa pahit. Iki dikarepaken jajang iku biusa pahit lan sing diarep kewan lan penyakit hang doyan nyang jajang kayata nener lan bubuk. Jajang hang dikethok ring dina Sabtu Pahing dikarepaken dadi jajang hang paling unggul lan sing diarepi penyakit dadine bisa awet lan sing gampang rusak. Angklung hang gediki iki hang dikarepakaken dadi tabuhan hang apik.
          Milih dina lan pasaran nggo negor jajang iki wis dipercoyo wong sing mung nong Kemiren thok naming uga panggonan-panggonan liya kayata desa Mangir lan Cawang ring Kecamatan Rogojampi.  
          Sakliyane golet dina hang apik, tekane ulan ring saban tahune uga kudu diengeti. Merga ulan hang apik iku nggawa tekane usum, kayata usum udan lan usum panas. Ring sakjerone ulan-ulan Agustus sampek ulan Desember kelebu ulan hang kurang Wong Kemiren utamane percaya dhung wayah usum iki jajang podho nyusuni anake. Jare jajang iki rasane manis mergo nggowo susu ring njerone. Kira-kira wayahe jajang ngebung.
          Maksa negor jajang ring mangsa gediki marai jajang didoyani penyakit. Jajang sing bisa awet merga gelis dipangan penyakit. Penyakit kayata nener lan bubuk seru dhemene nyang jajang hang ditegor wayah usum udan.

NGOPENI JAJANG UGO NGOPENI PENGURIPAN
                    Jajang hang mari dietgor sakteruse digaringaken ring panggonan hang adhem lan kudu diedegaken. Iki dikarepaken makne jajang iku garinge edheng-edheng, garing merga keneng icise angina dudu antere panas serngenge.
          Sakmarine jajang garing sakteruse jajang dikethok-kethok angger rong eros. Kethokan mau kudu ana erose ring pucuk, merga engko angklung digawe kualik. Pucuk ana ring ngisor bongkote ana ring dhuwur. Bumbung jajang kudu wutuh merga bumbung iku arep dienggo panggone mbengunge angklung.
Jajang digaringaken ring panggonan hang adem taping keneng silire angina


Jajang digaringaken ndhuwure pogo

           Mari digaringaken ring njaba utawane diicisaken nong angina, jajang dikethoki rong ros aju digaringaken nong ndhuwur pogo (ring dhuwure bengahan). Ring dhuwur pogo jajang digaringaken maning sampek tus kira-kira 3-4 ulan  paling sithik. Masayarakat desa Kemiren magih ngugemi anane gawe badhene angklung nagnggo coro gediki. Merga ngugemi cara iki ugo ngugemi adat lan tradisine Masyarakat desa Kemiren .
          Angklung hang apik mesti bain nganggo badhe jajang gawene sing sak deg sak yet. Saiki jajang ditegor saiki ugo jajang dikeroti digawe angklung, iki dudu cara gawe angklung hang bener. Merga angklung durung tutas banyune. Jajang hang durung garing lan tus temenan banyune sing bisa digawe angklung hang apik.



          LARAS  ANGKLUNG BANYUWANGI
       Larase angklung Banyuwangi iku unine angklung kawit suara hang endhep sampik pungkasane suara hang dhuwur. Antarane bem siji lan bem loro lan sakteruse iku ana beda ring munggah mudhune suara.
       Laras angklung Banyuwangi ana 2 maceme hang siji laras pelog lan laras selendro. Iki diarani laras Pentatonis merga akehe mung 5 suara. Kadhung akehe 7 suara (nada) iku diarani laras Diatonis.
Jajang hang wis garing dikethoki rong ros, sakteruse digaringaken nong pogo. Ulih 3-4 ulang jajang keneng dienggo gawe angklung dilaras.

Interval laras pentatonic selendro Banyuwangian
a        c   d          e          g          a
La     do re         mi        sol        la
Na     nu ne        ni         no        na
Laras selendro 10 wilahan  kenthulitan Kemiren


                 
Laras Selendro Angklung Banyuwangian 15 wilah.       

Gambar Kenthulitan Kemiren

Gambar Angklung teka ngarep



Gambar angklung teka mburi, katon bumbunge nggo larase


Tidak ada komentar:

Posting Komentar