Minggu, 25 September 2011

GANDRUNG BANYUWANGI


NONTON GANDRUNG
Oleh: Moh. Syaiful
Gandrung Banyuwangi iku arupo tontonan kesenian kang biasane digelar ring acara hajatan koyoto sunatan, kawinan, Slametan Desa, Pethik Laut lan acara liyan-liyane Kesenian Gandrung iku biasane digelar suwengi mulai jam 7 bengi sampek ngarepaken subuh. Gandrung biasane nggawa panjak kang akehe 5.  Wong lima mau diarani Panjak yoiku wong kang dinggo ngiringi njuget lan nggending nganggo tabuhan, ana Kendang, kempul, gong, bahola, lan kluncing.
Jejer Gandrung
Jejer Gandrung iku arupo komposisi sak tarian kang digawakaken gandrung kanggo mbuka acarane. Ring kono gandrung njuget ambi nggawakaken gending, biasane gending Podho Nonton. Jejer Gandrung iki dikarepaken dadi pembukaan dinggo ngawali pagelarane. Ring Sumitro Hadi salah sijine Penata Tari Banyuwangi Jejer gandrung dikreasi dadi tari lepas kang biso ditarikaken sing ring sakjeroning Gandrung, umpamane ana dayoh pejabat biso disuguhi tari “Jejer Gandrung” kang dijugetaken lare-lare sekolah.
Repenan Gandrung
Sak marine njuget Jejeran ring panggung biasane gandrung mudhun panggung nyalami penonton lan lungguh pareke penonton. Ring kono gandrung ngelayani gending penjaluke penonton.  Sakmarine gending biasane penonton nguweni picis sak ikhlase nyang gandrung, iki kang diarani Tuku Gending.
Pajuan
Pajuan iku gandrung njuget ring panggung ambi penonton. Gandrung biasane di paju ambi wong papat, gentenan pasangan siji-siji sampek wong papat mau uleh kebagian njuget pasangan ambi gandrung. Biasane diiringi ambi gending Embat-embat, Erang-erang, Gurit Mangir, lan gending-gending Liyane.
Seblang Gandrung
Tarian penutup kang biasane dinggo njaluk sepuro nyang kang nduwe gawe  lan penonton. Ring tarian lan gendingan iki gandrung pamitan lan ngucap syukur nyang pengeran ringa anggone ngelaksanakaken penggaweane diweni keselametan lan kesuksesan.

3 komentar:

  1. AKHMAD FUHAID ZAIDAN BARIZ ( 2 )
    KELAS 7A
    TUAK BALI ( 7A KOMPAK, BAIK, KEREN LAGI )

    Pak, isun arep takon kadung gandrung kang raino iku ono tah using?. Sepisankas, isun tau rungu teko konconisun kadung gandrung iku ono kang nganggo bonang. Pertanyaanne gandrung kang nganggo bonang iku ono tah using ?

    BalasHapus
  2. MOH. KHOLIL ( 22 )
    KELAS 7A
    TUAK BALI ( 7A KOMPAK, BAIK, KEREN LAGI )

    PAK, ISUN AREP TAKON. KADUNG GANDRUNG KANG RENG LIYANE BANYUWANGI IKU ONO TAH USING ?. LAN PODO NYANG KEBO KEBOAN. KEBO - KEBOAN IKU SELAINE RENG ALAS MALANG IKU ONO TAH RENG DAEREH LIYANE, KOYO RENG BONYOLANGU, RENG BONYOLANGU IKU JARE ONO KEBO - KEBOAN. SAUMPOMO ONO KEBO - KEBOAN RENG BONYOLANGU IKU PODO TAH BIDO KOYO KEBO - KEBOAN RENG ALAS MALANG.
    ISUN AREP TAKON MANENG, MASIO SENG ONO RENG BAB KANG RIKO TULISAKEN, TAPI ISUN PENASARAN NYANG ANGKLUNG CARUK. SEBENERE ANGKLUNG CARUK IKU ASALE TEKO RENG DAERAH ENDI ?

    WES SEMONO BAEN KANG ISUN TAKOKAKEN KESUWON NYANG JAWABANE.

    BalasHapus
  3. miturut isun.
    Gandrung Banyuwangi tarian paling apik lan paling tersuwur ing Banyuwangi, tarian hang nduweni arti hang apik.
    isun milu bangga ring Budaya Banyuwangi khusus'e ring Gandrung Banyuwangi.
    isun tau milu nampilake tarian gandrung Banyuwangi ing acara sekolah SD isun.
    Seneng banget wektu nampilake tarian tersuwur ing Banyuwangi iku.Taping sakniki isun wis lali ambi gerakan'e Gandrung niku. hehehe,:), taping isun tetep pingin nglestarikaken budaya hang paling apik lan tersuwur ing Banyuwangi niku

    Martining Shoffa Puspitaningrum (nomer absen 18)
    Pitu D

    BalasHapus