Jumat, 09 September 2011

KEBO-KEBOAN ALASMALANG

Tradisi Kebo Keboan Alasmalang
Oleh : Moh. SyaifuL
Kebo-keboan Alasmalang iku adat kang dilaksanakaken ana ring Alasmalang kecamatan Singojuruh Kabupaten Banyuwangi. Adat kang dilaksanakaken ana ring jerone ulan Syura iku arupo ucap syukur nyang pengeran mergane Pengeran wis nguweni keselametan nyang tetanduran kabeh. Ucap syukur lan dungo diucapaken ugo kanggo njaluk rejeki ring tahun kang arep teko mugo’o biso slamet maning ulihe panenane.
Asal muasale adat iki dinggo njaluk anane udan mergo lawase sing ana udan ana ring panas kang dawa,  terusane para tani njaluk udan ngganggo adat Kebo-keboan. Tradisi iki kelebu adat kang paling unik ana ring tanah jawa iki,  mergane para tani nganggo pacakan kaya kebo terus ngubengi desa sampek nyang sawah. Ana ring sawah kebo-kebo mau terus gulung kuming ndadi sampek kesusupan roh.
Sakdurunge adat  iku dilaksanakaken, ana ring bengine masyarakat Alasmalang ngias dalan kang arep diliwati Kebo-keboan nganggo sembarang Pala Gumantung (uwoh-uwohan koyo to blimbing, jambu, manggis, lan liya-liyane). Liyane Pala Gumantung ana maning Pala Kependem ( koyo to sabrang, sawi, kentang, buthe, lan liya-liyane. Ana ugo kacang-kacangan, janganan lan sakpinunggale asile tanduran. Tumekane esok masyarakat Alasmalang nggelar kloso ana ring perapatan, sakteruse tumpeng lan Ancak (panganan kang di deleh ring bungkus teko papahe gedhang lan godhong) d i tata ring dalan perapatan. Wong ngumpul ring kana terusane didongani ambi pak modin utawa wong kang dianggep tuwek ring desa kono, sakmarine didongane masyarakat ring kono mangan bareng ana ring perapatan.
Mari dilaksanakaken selametan ring perapatan sakteruse wong-wong tani kang macak kebo-keboan diarak keliling desa ana ugo singkal lan pacul dadi simbole pertanian, sing lali ambi lare perawan ayu kang dipacaki koyo Dewi Sri. Musik Angklung dinggo ngiringi arak-arakan mau. Ring sakdawane dalan Dewi Sri nyebaraken bibit nyang masyarakat , para kebo-kebo mau sakteruse ngawal bibit mau njaga lan nguber sapa baen kang arep ngerebut bibit pari kang disebaraken Dewi Sri. Iki nggambaraken semangate masyarkat Alasmalang anggone mapag tekone udan ambi usum tandur.
Ritual iki sakteruse dilaksanakaken ring sawahan, Kebo-kebo mau padha guyang ring sawah lan nguber sapa baen kang nggudo lan arep njuput bibit pari kang disebar Dewi Sri. Sakteruse ring dino bengine dianakaken kesenian ana Wayang Kulit, Janger, lan liyan-liyane dinggo ngibur masyarakat Alas malang lan sekitare.

5 komentar:

  1. Muhammad Fernando (023)

    Trims atas infonya
    Sekarang saya mengerti kalau tradisi kebo-keboan di alasmalang diadakan di desa alasmalang kecamatan singojuruh.adat kebo-keboan diadakan untuk bersyukur kepada yang kuasa atas panen yang diberikan.adat kebo keboan diadakan di bulan syura.adat kebo keboan diadakan mulai ngubengi deso sampe sawah-sawahan.Sakdurunge adat iku dilaksanakaken, ana ring bengine masyarakat Alasmalang ngias dalan kang arep diliwati Kebo-keboan .Sakdurunge adat iku dilaksanakaken, ana ring bengine masyarakat Alasmalang ngias dalan kang arep diliwati Kebo-keboan.Sakdurunge adat iku dilaksanakaken, ana ring bengine masyarakat Alasmalang ngias dalan kang arep diliwati Kebo-keboan

    BalasHapus
  2. lha wis bisa koment ning kene fernando..liyane kok sing biso

    BalasHapus
  3. Martining Shoffa (18 7d)

    Budaya Banyuwangi kudune tetep dilestarikaken, contone Kebo2an, supaya budaya2 Banyuwangi tetep ana sampe' pitung turunan. Lare2 enom Banyuwangi pisan kudu milu nglestarikaken.`

    BalasHapus
  4. Danika Yusuf Handoko
    7a

    Pak saiki isun wes weruh kadhung kebo-keboan iku dilaksanakaken ana ring Alasmalang kecamatan Singojuruh Kabupaten Banyuwangi. Adat kang dilaksanakaken ana ring jerone ulan Syura iku arupo ucap syukur nyang pengeran mergane Pengeran wis nguweni keselametan nyang tetanduran kabeh. Ucap syukur lan dungo diucapaken ugo kanggo njaluk rejeki ring tahun kang arep teko mugo’o biso slamet maning ulihe panenane.
    Asal muasale adat iki dinggo njaluk anane udan mergo lawase sing ana udan ana ring panas kang dawa, terusane para tani njaluk udan ngganggo adat Kebo-keboan. Tradisi iki kelebu adat kang paling unik ana ring tanah jawa iki, mergane para tani nganggo pacakan kaya kebo terus ngubengi desa sampek nyang sawah. Ana ring sawah kebo-kebo mau terus gulung kuming ndadi sampek kesusupan roh.

    BalasHapus