Selasa, 01 November 2011


PERANG BAYU
Moh. Syaiful
(Ditulis Maning teko Sumber-sumber kang Dipercoyo)
            Kang aran perang ring bumi Blambangan rikolo jaman VOC utowo jaman Kolonial Landa koyo dene uripe jamur ring wayah udan. Mati ring kene mrujuk maning ring kana, sing ana entek-enteke, tapi perang ring Bumi Blambangan kang paling gedhe lan paling ngenes yo mung Perang Bayu. Perang Bayu diarani perang kang gedhe mergane perang iki wis akeh ngilangaken nyawa lan patine wong Balmbangan. Asale sakdurunge perang wong Blambangan akehe 65.000 wong,  merga perang kari mung 5000 uwong merga ilang lan mati ring peperangan.
            Perang iki diarani Perang Bayu mergane kedadeane ring daerah Bayu (sekitar daerah Kecamatan Songgon saiki). Ring Alas Bayu kang magih rapet ambi wit-witan gedhe iku  antarane perengan  wetan Gunung Raung rakyat Blambangan kang dipimpin Mas Rempeg utawa Pangeran  Jagapati perang ngelawan Landa.
            Tekade rakyat Blambangan anggone kepingin ngusir Bangsa Landa teko Bumi Blambangan wis sing biso surud, Alas Bayu terus didadekaken Benteng pertahanan terakhir kanggo ngadepi Landa. Kebukti serangan-serangane VOC biso diadepi ring Benteng Bayu. VOC ( Kumpeni Landa ) angel ngalahaken Prajurit Blambangan kang gawe Benteng ring Alas Bayu iku, sampek-sampek VOC nekakaken tentara teko daerah sekitar kekuasaane koyo to Semarang Surabaya lan Pasuruan kang akehe 10.000 tentara dingo ngancuraken Benteng Bayu.
            Tanggal 13 Desember 1771 Kapten Reygers , pimpinan tentara VOC ring Ulupangpang nyerang Bayu. Naming kerana benteng Bayu kuwat, pasukane malah ditumpes ambi pasukan Bayu. Pasukan Bayu kang lebih nguwasane palagan perang, ngelakoni perang kaya wong memengan sengidanan. Melencat teka wit siji nyang wit liyane, lan masang jiret lan barikade ring sak werane alas nuju Bayu. Pasukan VOC kang nyerang teka Susukan lan Songgon sing ana kang selamet. Kapten Reygers dhewek kerana tatu kang ahire mati ring pos Ulupampang. Pimpinan VOC sakteruse diganti ambi Van Schaar.
            Sak akehe kedadian perang lan serangan VOC nyang Benteng Bayu, tanggal 18 Desember taun 1771 iku kedadeane kang paling diengeti sampek didadekaken dina dadine Kutha Banyuwangi. Dina iku Prajurit Blambangan bisa numpes tentara VOC. Tentara VOC waktu iku kabeh dipateni kabeh sing ana sisane, sangking bangkele prajurit Blambangan nyang bangsa penjajah iku pimpinane kanga aran Van Schaar dipateni endhase ditugel terus ditancepaken ring landepe tumbak terus diarak keliling kampung. Menange prajurit Blambangan iku bisa gawe senenge prajurit Blambangan, naming senenge sing bisa terus, mergane rong dina sakmareke kedadean iku, Mas Rempeg utowo Pangeran Jagapati gugur sakwise ketaton ring perang mau.
            Tekade rakyat Blambangan sing mandheg sakmono, sakpeninggale Mas Rempeg perang magih terus dilakoni ring sisa-sisane parjurit Blambangan. Pimpinan Prajurit Blambangan saiki Sayu Wiwit, prajurit wanita senopati perang Bumi Blambangan ngelawan Landa.

3 komentar:

  1. Nama : Risa nurwahyuni
    Kelas : 7a
    No.aben : 27

    Perang Bayu
    Diarani Perang Bayu kerana kedadean perange ring dhaerah Bayu (saiki wilayah kecamatan Songgon). Bayu kala iku mageh rupa alas gedhe.Kang milu bela pati ring Bayu dudu wong Blambangan baen, naming direwangi ambi dulur-dulur nusantara kang padha-padha bangkel nyang penjajahan Landa.
    Kedadeane perang :
    Serta VOC bisa nguwasani Banyualit, Ulupampang lan Lateng taun 1767, Welanda ngawiti praktek penjajahan kang paling kejem kang tau dilakoni ambi VOC. Komandan VOC kang arane Colmond nganakaken patroli nyang kabeh wilayah Blambangan kang dipimpin ambi Hounold lan Heilbronner kanggo ngerampas kabeh berase rakyat lan panganan-pangan liyane. Kadhung sing gelem, diperintahaken supaya dikarang abang. Kadhung wis usum rendheng, kabeh rakyat dipaksa supaya nandur pari, serta panen dirampas maning ambi Welanda.Ndeleng kahanan rakyat kang gedigu, Mas Rempeg ngelumpukaken rakyat nyusun kekuwatan ring Bayu. Kerana Mas Rempeg wis akrab ambi rakyat lan kabeh rakyat weruh kadhung iyane wis lawas milu berjuang ambi Wong agung Wilis, mula sing butuh waktu suwe, kabeh rakyat Blambangan ambak-ambakan milu gabung ring Bayu. Sing sepira suwe, Bayu kang maune alas, saiki dadi kampungan rame. Naming sing kampung kaya umume, iki kampung kang saubenge ana pager teka gelondongan kayu gedhe lan ana juglangane mubeng. Kampung benteng Bayu.

    BalasHapus
  2. Diarani Perang Bayu kerana kedadean perange ring dhaerah Bayu (saiki wilayah kecamatan Songgon). Bayu kala iku mageh rupa alas gedhe. Panggonane ring pereng wetane Gunung Raung. Uwit-uwit gedhe ngadeg rapet. Sesawangan kiwa tengen akeh puthuk-puthuk gunung kaya tumpeng kang dijejer-jejer. Kerana panggonane dhuwur, teka Rogojampi, Bayu wis bisa katon samar-samar. Kadhung isuk-isuk katon ketelo-telo.

    Kang milu bela pati ring Bayu dudu wong Blambangan baen, naming direwangi ambi dulur-dulur nusantara kang padha-padha bangkel nyang penjajahan Landa. Ring Bayu, prajurit Blambangan nggawe benteng kang kukuh kang diarani palisade, yaiku benteng kang digawe teka gelondhongan kayu gedhe kang dipasang jejer rapet lan dilincipi pucuke. Dhuwure sekira petang dhepa, ngarepe ana kalene, werane nem dhepa. Karena benteng iki kukuh lan njerone benteng lemahe subur nguripi tanduran, mula para kawula lan prajurit kang ana ring njero benteng uripe kecukupan sing kurang paran-paran. Ring njero benteng iku uga ana sumber kang seru gedhene kang bisa nyepakaken banyu sak akeh-akehe (saiki sumber iku dadi rawa).

    Kahanan njero benteng kang gedigu iku ndadekaken perajurit Bayu angel dikalahaken. Perang Bayu dadi palagan perang kang kesuwur nyang endi-endi. Kanggo ngelawan perajurit Blambangan, VOC nekakaken 10.000 lebih pasukan teka garnisum-garnisum Batavia, Yogyakarta, Surakarta, Surabaya lan Pasuruan uga pasukan “Dragonders” teka Semarang. Karena perang iki mangan korban akeh, diakoni dhewek ambi Welanda Perang Bayu iki dadi “de dramatische vernietiging het Compagniesleger”.

    Kedadeane perang gedigi:

    Serta VOC bisa nguwasani Banyualit, Ulupampang lan Lateng taun 1767, Welanda ngawiti praktek penjajahan kang paling kejem kang tau dilakoni ambi VOC. Komandan VOC kang arane Colmond nganakaken patroli nyang kabeh wilayah Blambangan kang dipimpin ambi Hounold lan Heilbronner kanggo ngerampas kabeh berase rakyat lan panganan-pangan liyane. Kadhung sing gelem, diperintahaken supaya dikarang abang. Kadhung wis usum rendheng, kabeh rakyat dipaksa supaya nandur pari, serta panen dirampas maning ambi Welanda.

    Sakliyane iku Colmond uga merintah rakyat kerja bakti mbangun benteng VOC ring ulupampang lan Kuta Lateng. Uga nggawe lurung-lurung, lan nggawe tangkise banyu segara ring kang dienggo ngawasi pasukan teka Bali. Naming wong-wong kang megawe mau tanpa diuweni madhang, saenggo akeh kang kaeloman, keneng penyakit ahire pating mati.

    Ndeleng kahanan rakyat kang gedigu, Mas Rempeg ngelumpukaken rakyat nyusun kekuwatan ring Bayu. Kerana Mas Rempeg wis akrab ambi rakyat lan kabeh rakyat weruh kadhung iyane wis lawas milu berjuang ambi Wong agung Wilis, mula sing butuh waktu suwe, kabeh rakyat Blambangan ambak-ambakan milu gabung ring Bayu. Sing sepira suwe, Bayu kang maune alas, saiki dadi kampungan rame. Naming sing kampung kaya umume, iki kampung kang saubenge ana pager teka gelondongan kayu gedhe lan ana juglangane mubeng. Kampung benteng Bayu.

    Kuwatir nyang kekuwatane Mas Rempeg ring Bayu, VOC mangkat nyusun lan ngelumpukaken keuwatan gedhe-gedhean. Urut-urutane kedadean perang kaya ngisor iki:


    Kerana perang Bayu iki rakyat Blambangan kang sedurung akehe 65.000, kari mung 5000 wong. Kanggo perang Bayu iki VOC ngentekaken bandha 8 ton emas kang ndadekaken VOC bangkrut. Masiya benteng bayu bisa direbut VOC, naming rakyat Blambangan terus nganakaken perlawanan nyang Welanda.

    BalasHapus