Jumat, 11 November 2011

Legenda Banyuwangi

ASAL MUASALE ARAN KUTHO BANYUWANGI
(Ditulis lan diceritakaken maning ambi: Drs. Moh. Syaiful)

Ring jaman bengen, ring pucuk wetan tanah jawa iki ana kerajaan kang gedhe lan endah kang diarani kerajaan Sindhurejo. Kerajaan iki dipimpin Raja kang arane Sulahkromo. Sulahkromo nduwe patih kang sakti sagah wani tanding kang arane Patih Sidopekso. Patih  Sidopekso iku satriya kang ikhlas anggone ngabdi yang kerajaan. Patih Sidopekso duwe rabi kang alus budine lan ayu rupane kang aran Sritanjung, sampek Raja Sulahkromo kepencut katut lan kedanan nyang Sritanjung
Raja Sulahkromo duwe rasa kepingin nduweni Sritanjung, mulo soko iku Sulahkromo nggolet akal klendi carane biso nyingkiraken Sidopekso kadung perlu sampek tumekaning pati. Sulahkromo terus nduwe akal, Patih Sidopekso diperintah nglakoni tugase Negara kang sing bakal bisa dilakoni wujude menungsa.
Sing nduwe curigo, Patih Sidopekso langsung berangkat nglakoni kuwajiban njunjung tugase Negara lan nglakoni titah Raja. Sulahkromo seneng atine mergane Sidopekso menyang adoh nglakoni tugase Negara. Sakpeninggale Sidopekso Sulahkromo nekani Sritanjung ana ring kepatihan umahe Sritanjung, Sulahkromo nyampekaken kekarepane atine kepingin ngawini Sritanjung. Rayuane Sulahkromo kang arep ndadekaken Sritanjung Prameswari-ne  Raja ditolak ambi Sritanjung mergane Sritanjung magih nduweni kewajiban nyang lakine Patih Sidopekso.
Sulahkromo ngamuk lan panas atine serta ditolak  ambi Sritanjung. Lara atine Sulahkromo tambah nemen, Sulahkromo kepingin mbales lara atine merga sing diterima ambi Sritanjung. Sak balike teko tugase Sidopekso langsung ngadep nyang Raja Sulahkromo. Sulahkromo terus mitnahi Sritanjung, Sulahkromo nyeritakaken kadung Sritanjung wis dadi wong wadon sing bener, wani mara ngadep Raja njaluk didadekaken Prameswari lan bisa sanding ambi Raja kepingin urip enak ring kerajaan.
Rungu kabar sing enak teka Rajane Sidopekso sing kathik mikir liya maning, Sidopekso balik nggoleti rabine ning umahe. Sritanjung kaget nemoni lakine kang wis kesetanen, Sritanjung nyeritakaken kedadean sak benere, naming Sidopekso wis kepilu nyang pitnahe Sulahkromo. Sing kesuwen maning Sidopekso njuput kerise teko wrangkane, Sritanjung diseret ring pinggire jurang kalen kang banyune buthek lan kothor. Sritanjung gelem lan ikhlas mati ring tangane Sidopekso, naming sakdurunge Sritanjung mati, Sritanjung wekas nyang Sidopekso, kadung engko Sritanjung mati mayite diceburaken jurang,  kadung banyu kang buthek dadi tambah buthek lan mambu bathang  iku tandhane Sritanjung salah lan wis serong nyang wong lanang liyo.Naming sakbalike kadung banyu kang buthek berubah dadi kening lan ambune wangi artine Sritanjung sing salah magih suci lan jujur.
Sidopekso wis sing kuat nahan atine kang wis gemulak kaya mbanyu kang digodhok, Sidopekso nancepake kerise nyang dhadhane Sritanjung , getihe kemleler mili ring sak awake, sakmarine mateni kang wadon dhewek Sidopekso nyeburaken mayite Sritanjung nyang jurang kalen kang banyune buthek iku mau. Sidopekso kaget saknaliko banyu kang buthek iku mau dadi kening gandane wangi semebrung ring sekitare. Sidopekso gethun anggone mateni Sritanjung. Sakdawane dalan ambi nggetuni lakune Sidopekso ngucap , ….Banyu…wangi…., Banyu…Wangi….Dinggo ngenget- enget kedadean iku, panggonan kedadean iku diarani Banyuwangi.

1 komentar: