Selasa, 20 November 2018

sayun



Sayun Sisiyanto, Mbangun Karakter Bangsa ring Syair Gendhinge
(tulisan  ini dimuat pada majalah "Lontar" edisi januari - juli 2017, sengaja saya post di sini untuk mengenang tujuh hari meninggalnya 16 November 2018)


Sapa wong hang sing kenal ambi Kang Sayun, anggone wong seni ring Banyuwangi. Guru hang saiki mulang ana ring SMPN 1 Srono iki uga penulis gendhing-gendhing Banyuwangi. “Belajar Ngaji”, “Sekolah”, “Isun Gandrung Gandrungana”, “Pelengkung”, “Rawa Bayu”,   lan “Pantai Boom” kelebu gendhing-gendhing Banyuwangi hang wis tau dianggit. “Jaga Desa” utamane gendhing hang wis kesuwur ring Banyuwangi. “Makaryo”, Kecaruk” , lan “Selendhang Wangi” uga repertoar hang wis.tau menang ring tingkat Propinsi Jawa Timur.
            Sakliyane gawe syair lan gendhing Kang Sayun utawa hang duwe aran jangkepe Sayu Sisiyanto iki uga kelebu penabuh hang wis kesuwur ring Banyuwangi. Keplakan kendhange wis anjrah ring bumi Belambangan. Liwat seni kuntulan Melati Putih  desa Aliyan  Kang Sayun bengen milu nggedhekaken maning Seni Kuntulan hang wis meh mati sampek bisa dadi mencirak maning. Sakteruse Kuntulan didhemeni masyarakat Banyuwangi sampek saiki. Ubet lan polahe Kang Sayun ring Seni Kuntulan sing mung sakmana, naming iyane uga ngasetaken lan ndadekaken ring rekaman CD Kuntulan iku mau  supaya masyarakat umum bisa ndeleng maning ring rekamane.
            Ring umahe Kang Sayun uga ngedekaken Sanggar dienggo nguripaken tabuhan lan gendhing Banyuwangian. Ring Sanggare hang aran “Sanggar Damar Wangi”, iyane ngajari lare cilik lan lare nom-noman ring kesenian Banyuwangian.
            Sing mung ring babakan penulisan syair lan gendhing bain nyatane wong using hang dilahiraken ring 20 Januari 1964 iki uga milu guyup ring paguyubane “Lalare Orkestra” yaiku paguyuban tabuh lan gendhing Banyuwangi hang anggotane lare-lare cilik sak Banyuwangi. Kang Sayun salah sijine Koordinator lan arranger (Penata tabuh lan gendhing).
            Kang Sayun hang uga salah sijine anggota Dewan Kesenian Belambangan (DKB) iki duwe peduli hang gedhe nyang bab kesenian daerah Banyuwangi utamane seni tabuh lan gendhing Banyuwangi. Sing salah kirane kepinterane Kang Sayun ring bab tabuh lan gendhing Banyuwangi iki merga iyane  sakat cilik wis nyantrik ring seniman kesuwur Banyuwangi kayata; Sumitro Hadi,  Pak Sahuni, H. Andang CY, Mbah Podo, lan Mas Soeroso.
            Mulo iku ring kene  kanggo ngerteni  sampek sak endi laku lan prestasine Sayun Sisiyanto iki utamane ring syair gendhing Basa Usinge lan kesenian tradisionil, M. Octavia Vidiyanti langsung wawancara ambi Kang Sayun ring panggonan latihan Lalare Orkestra:  
Assalamualaikum Kang Sayun,…Milu bungah atinisun merga rika bisa ajeg lan jejeg  nguri-uri nyang bab gawe gendhing Basa Using sampek seprene. Paran dasare rika gelem terus nguri-uri gendhing basa using sampek seprene iki?
Walaikum salam Mbok,… Iku kabeh merga isun dhemen , pedhuli lan eman nyang seni budaya Banyuwangi khususe seni tradisi supaya bisa langgeng lan lestari sing digerus jaman. Merga ring jaman hang modern iki jelas-jelas abot anggone ngeraksa seni tradisi utamane syair lan gendhing Using.
Sakat kapan Kang Sayun ngawiti nulis syair lan gendhing Banyuwangian iki?
Sakat tahun 1980 waktu iku magih sekolah SPG Pandan  kelas 1.
Kadhung sun rungok-rungokaken sing sithik penghargaan lan pengalaman rika ngelakoni kesenian tradisionil iki. Prestasi paran bain hang magih rika engeti seprana-seprene?
Tahun 1983 misi kesenian daerah nyang  Hongkong, isun ngendhangi jaman iku.  
1995 misi kesenian daerah nyang Finlandia, isun uga dadi penabuh.
Tahun 2006 misi kesenian nyang Jepang, Penata musik
Tahun 2007 misi kesenian nyang Istana Negara, dadi Penata Musik
Byek… Wis jajah mancanegara rika ya Kang? Teka sakmono akehe iku hang paling rika dhemeni lan gawe rika bisa mongkog hang endi iku?
Ya mestine hang nyang Jepang, merga isun bisa nggawa Kesenian Banyuwangi nyang negara hang magih kuwat njaga tradisi masiya negarane wis modern.
Sakliyane gawe syair lan gendhing uga dadi penata musik paran maning hang wis rika lakoni ring bab kesenian Kang Sayun?
Tahun 2014, 2015 lan 2016 Ring Sanggare isun dipercaya ambi SMKN 12 didadekaken pembimbing Prakerin jurusan Karawitan.
Tahun 2016 dipercaya Dinas Pendidikan Propinsi Jawa Timur dadi narasumber ring pelatihan guru kesenian sak Jawa Timur ring Malang.Bisa ngajaraken kesenian Banyuwangi nyang guru-guru kesenian sak Jawa Timur iku gawe isun dhemen.
Nggumun isun weruh rika dadi guru naming magih akeh kegiatane. Jempol temenan rika. Kang pungkasan, Paran hang sakbenere arep rika gayuh ring karya-karyan rika iku?
Ring saban syair lan gendhing karyanisun, kepingin nggugah masyarakat nyang nilai-nilai  kemanusiaan hang saiki mulai arep ditinggalaken. Karaktere wong Banyuwangi iki kudu tetep dilestarekaken aja sampek diganti ambi karakter teka njaban. Ngajak nyang masyarakat terus mbangun negarane lan sing lali nyang kebudayaan bangsane dhewek.
Muga kelaksan paran hang arep rika gayuh Kang… Amin


CURRICULUM VITTAE

A.    BIODATA PRIBADI
1.      Nama                         : Sayun Sisiyanto
2.      Jenis Kelamin            : Laki-laki
3.      TTL                           : Banyuwangi, 20 januari 1964
4.      Kewarganegaran       : Warga Negara Indonesia
5.      Pekerjaan                   : Guru SMP
6.      Status                        : Menikah
7.      Istri                            : Niswati,
8.      Anak 1                      : Charisma Eko Utomo, 28 tahun
9.      Anak 2                      : Adi Setyo utomo, 26 tahun
10.  Agama                       : Islam
11.  Nama Ayah               : Sabik
12.  Nama Ibu                  : Suhaenah
13.  Alamat                      : Jl. Pringgondani, RT 03, RW 06 Dusun Krajan Desa Mangir                    Rogojampi
14.  Nomor Hp                 : 081234958257

B.     RIWAYAT PENDIDIKAN
SD                             : SDN 1 Mangir 1977 tamat
SMP                          : SMP kosgoro Srono 1980
SMA                         : SPG Pandan 1983
Perguruan Tinggi       : S1 Universitas PGRI BAnyuwangi 1997
                                    S2 Univ. Kanjuruan  Malang 2002
C.    PENGALAMAN ORGANISASI
1.      Anggota DKB sejak tahun  2012 sampai sekarang
2.      Anggota Paguyuban Pencipta Lagu Banyuwangi sampai sekarang
3.      PCNU Rogojampi bidang Lesbumi sampai sekarang
D.    PRESTASI
1.      Penata Musik Tingkat nasional untuk iringan tari tahun 2000
2.      Penata Musik tingkat Asean tahun 2009
3.      Penata Musik Tingkat propinsi tahun 2013




Tidak ada komentar:

Posting Komentar