Rabu, 10 Agustus 2011

ADAT ENDOG-ENDOGAN

http://hasanbasri08.files.wordpress.com
February 22, 2010 by Hasan Basri


Adat endhog-endhogan anane mung ring Banyuwangi, yaiku pas ulan Mulud. Adat iki digelar kanggo ngengeti lan ngeramekaken dina kelairane Nabi Muhammad. Angger kampung ring Banyuwangi utamane kampung-kampung Using nggelar adat iki. Ring adat iki dianakaken arak-arakan kembang endhog keliling kampung kang dipungkasi ambi serakalan ring masjid. Kerana adat iki apik lan ndhemenaken, saiki adat endhog-endhogan sing mung ning kampung-kampung Using baen naming wis nyebar nyang kampung-kampung Jawa lan Medura.

Hang aran endhog-endhogan, dudu endhog apen-apenan. Kaya umpamane ucap kebo-keboan. Merga miturut paramasastra Using, ucap hang dibaleni, maknane bisa apen-apenan, taping bisa uga maknane akehe barang, kaya umpamane wiji-wijian. Dadi endhog-endhogan iku karepe endhog kang akeh seru.

Kembang endhog iku digawe teka kuluban endhog kang disundukaken ring jajang kang dawane rong kilan aju direnggo ambi kembang kertas. Kembang endhog iku dudu memengan lan dudu mung rerenggan, masiyatah lare cilik mesti dhemen. Kembang endhog duwe perlambang kang jeru. Endhog ngelambangaken kelahirane Nabi Muhammad, jajang (garing) ngelambangaken garinge iman, kembang kertas ngelambangaken indahe iman. Dadi kembang endhog iku nduweni maksud, kahanan garinge iman ring Mekah jaman semono, serta Nabi Muhammad lahir, edheng-edhengan ring Mekah kembang-kembang iman mekar semebar.

Nalika arak-arakan, kembang endhog dipajang ning gedebog, ditancepaken jejer mundhuwur kaya gunungan kang diarani jodhang. Jejeran endhog sundukan ring gedebog, kudu ana itungane. Endhoge uga kang apik kudu endhoge bebek utawa menthok, dudu endhoge pitik. Merga pitik nalika ngendhog, masiyatah mung siji loro, betoke kerungu sak kampung. Bida ambi bebek lan menthok, masiya ngendhog sak arat-arat, tanggane baen sing weruh. Hang gedigu iku padha ambi wewarah “tangan tengen ngelungi, tangan kiwa sing ngarti”. Dadi wong amal iku kudu lila.
Aju endhog iku dhewek, duweni falsafah hang jeru. Merga sap-sapane endhog iki ana telu, yaiku hang diarani kulit, putihe endhog lan kuninge endhog. Antarane iku ana kopong sithik. Sap-sapan hang gedigu iku bisa diumpamakaken ragane menungsa, yaiku iman, islam lan ihsan. Hang kopong wis dadi sipate menungsa ana eleke sithik.
Akehe endhog hang ditancebaken nyang gedebog, itungane kudu tepak nyang angka ganjil, yaiku angka 3, angka 7, angka 9, angka 17, angka 33, angka 99. Kabeh iku duwe arti dhewek-dhewek miturut palsapah hang dianut masarakat. Umpamane angka 3 iku maksude: iman, islam lan ihsan. Angka 9 maksude nutupi hawa sanga, utawa wali sanga. Angka 17 maksude jumlahe rekaat sembahyang, utawa kemerdekaan Indonesia. Angka 33 maksude akehe wiji tasbeh. Angka 99 maksude asmaul husna.

Ditancebaken nyang gedebog, merga gedebog iku bisa diumpamakaken ragane menungsa. Dibungkus pajangan hang diumpamakaken kelambi. Masiya ning njaba bosok utawa berek, kapan dibiyak magih katon apike, sampek dibiyak ping kaping-kaping magih katon apik sampek nemu empole hang katon putih. Hang ning menungsa diarani nurani .
Endhog-endhogan hang wis dipaes apik kaya gunungan, aju diseleh nyang jodhang. Yaiku panggonan hang digawe kaya lincak hang dipikul bareng-bareng digawa nyang masjid. Jodhang hang gedhe bisa dipikul wong akeh, jodhang hang cilik dipikul wong papat utawa wong loro. Diarak keliling desa sampek gadug masjid.

Adat endhog-endhogan kang rame yaiku ring desa Macanputih lan desa Tambong kecamatan Kabat lan ring desa Cangkring kecamatan Rogojampi. Biasahe dianakaken ring ahir ulan Mulud. Dianakaken wayah bengi. Arak-arakene rame seru. Angger RT/lingkungan adu kreatifitas apik-apikan nggawe tapekong kang ukurane gedhe. Serang gedhene, tapekong iki kudu dipikul 8 sampek 10 wong. Wujude tapekong macem-macem. Ana kang nggambaraken setan kang nggudho menungsa, Raja Firaun, gajahe Raja Abraha, unta lan liya-liyane. Sing kelalen ring arak-arakan iku uga ana atraksi geni. Marine arak-arakan sak akehe macem kesenian tampil. Ana samroh, gambus, drama, lan akeh maning liyane. Sak dawane lurung ring kampung ebek wong nggolet kesenian kang didhemeni. Kerana akeh kesenian, wong-wong liya kampung anbak-ambakan milu ngeramekaken bengi iku.

Kadhung wis wayahe adat endhog-endhogan iki, kabeh warga ubret ruwed olah-olah jajan lan panganan. Sak liyane kanggo selametan serakalan, uga kanggo nyuguhi dhayoh beraya teka kampung liya. Masiya butuh bandha akeh, naming masyarakat guyub dhemen nganakaken adat iki. Polane, ambi adat iki masyarakat bisa ngumpulaken dulur-dulure kanggo ngeraketaken seduluran. Mula seduluran sing keneng diukur ambi picis. Picis entek keneng digoleki, pedhote seduluran sing keneng ditangisi, gediku jare Pak Kiyai

Tugas:

Gaweo soal pilihan ganda akehe 5 sakwise maca bab Adat Endog-endogan iki!

6 komentar:

  1. Nama: Suraida Nurul Oktavia (7A No. Absen 28)
    Adat Endog –Endog Iku Tradisi Kang Ono Sakat Zaman Mbah Buyut ,Taping Adat Endog –Endogan Iku Adat Wong Islam Kanggo Nyambut Bulan Romadhon.Adat Endog –Endogan Iku Wis Ana Ring Hadist Al Qur’an Taping, Adat Endog-Endogan Iku Saiki Jarang Dianakaken Poale Wong –Wong Zaman Saiki Podo Seneng Ambi Kang Instan – Instan , Ring Omah Isun Adat Endog – Endogan Iku Wis Jarang Dianakaken, Polae Wis Hing Ono Hang Pating Ngarak Keliling Kampung .Mergane Ring Omah Isun Hing Pating Ono Hang Ngarak Polane, Kabeh Podo Sibuk Ambi Pegaweane Dhewek, Taping Isun Milu Ngerayakaken Ring Omahe Mbah Isun. Polane Ring Kana Magih Akeh Kesenian Hang Magih Terawat Lan Lestari Ring Kono. Taping Isun Gak Kemisin Ambek Kebudayaan Kang Ono Ring Banyuwanngi,Mergane Iku Isun Kudu Ngelestarikaken Kanggo Biso Dinikmati Ambi Anak,Putu Lan Sedulur Liyane Kang Gorong Ngerti Ambi Adat Banyuwangi.

    BalasHapus
  2. lha kadung wis biso komentar ring kene..kancane kudu ..diajari yo..

    BalasHapus
  3. Endog hang digawe endog-endogan kudu endog bebek duduk endog pitik, mergane:
    a.Pitik wadon kadung arep ngendog mesti metukaken suara-suara hang banter. Iki kadung dicermati ngelambangaken sifat "Riya'". Yaiku mestii mameraken seng didueni.
    b. Pitik wadon pas ngendog mesti njaga nemen endog iku. Iku ngelambangaken sifat "Bakhil (pelit)". Taping yen bebek wadon ngendog mesti ngucap "wekwekwekwek". Kayak arep ngomong "wekwekno wekwekno"
    c. Ngidari sifat pitik hang wedi banyu. Dimaksudkaken wong muslim sing ora gelem ngesucikaken awak.e dewe lan ora tau wudhu.
    d. Ngindari sifat pitik han soro diatur lan diarahaken. Taping bebek mesti gelem diarahaken.

    BalasHapus
  4. Nama: M Alfithra kelas:7B no 23
    Adat endog-endogan anane ning banyuwangi, digelar gawe ngengeti kelahirane nabi Muhammad SAW
    kerana adat iki apik sampe nyebar ning kampung jawa-madura, apuwo endog sing ditancepaken mesthi jumlahe kudu ganjil? soale nduwe arti dewe-dewe
    kerana endhog endhogane gedhi kudu dipikul 8-10 orang, diarak keliling deso sampe mesjid
    kabeh lare using kudu iso ngelestarikno budaya
    osing iki. Pak apuwo endhog pithik gak oleh dienggo endog-endogan tapi ning kampung isun ngawe endog pitik lan endog bebek?

    BalasHapus
  5. Nama : Kalleh Adji Lanang
    Kelas: VII B No. 22
    Adat Endog –Endog Iku Tradisi Kang Ono Sakat Zaman Mbah Buyut ,Taping Adat Endog –Endogan Iku Adat Wong Islam Kanggo Nyambut Bulan Romadhon.Adat Endog –Endogan Iku Wis Ana Ring Hadist Al Qur’an Taping, Adat Endog-Endogan Iku Saiki Jarang Dianakaken Poale Wong –Wong Zaman Saiki Podo Seneng Ambi Kang Instan – Instan , Ring Omah Isun Adat Endog – Endogan Iku Wis Jarang Dianakaken, Polae Wis Hing Ono Hang Pating Ngarak Keliling Kampung .Mergane Ring Omah Isun Hing Pating Ono Hang Ngarak Polane, Kabeh Podo Sibuk Ambi Pegaweane Dhewek, Taping Isun Milu Ngerayakaken Ring Omahe Mbah Isun. Polane Ring Kana Magih Akeh Kesenian Hang Magih Terawat Lan Lestari Ring Kono. Taping Isun Gak Kemisin Ambek Kebudayaan Kang Ono Ring Banyuwanngi,Mergane Iku Isun Kudu Ngelestarikaken Kanggo Biso Dinikmati Ambi Anak,Putu Lan Sedulur Liyane Kang Gorong Ngerti Ambi Adat Banyuwangi.

    BalasHapus
  6. Pak opo kelompok kang dikongkon nggae vidio adat endog-endogan kang mari ngene arep dianakaken , niku poco ?

    BalasHapus