Rabu, 10 Agustus 2011

PETHIK LAUT

http://hasanbasri08.wordpress.com/2009/10/17/pethik-laut/
Dadi wong Banyuwangi kudu akeh sukure nyang Gusti Pengeran. Kerana Pengeran wis ndadekaken Banyuwangi sing kurang paran-paran. Sawah gemelar sak weran-weran, subur nguripi tetanduran para tani. Segara gemelendheng jeru ngingu iwak kang sing entek-entek dikuras para nelayan. Pokoke sing kira kaeloman sapa bain wong kang urip ring Banyuwangi.
Kanggo wujud sukur nyang Gusti Pengeran iku para nelayan ring Banyuwangi nganakaken upacara adat kang diarani “Pethik Laut”. Kabeh kampung nelayan umume nganakaken adat iki. Sakat teka pesisir Pancer, Lampon, Gerajagan, Muncar, Bomo, Blimbingsari, Pakem sampek Bulusan. Pethik laut dianakaken ring ulan Sura. Tujuane kabeh padha yaiku muji sukur lan njaluk selamet nyang Gusti Pengeran, supaya asile laut dina mburi tambah akeh lan sing ana balak belai.
Angger panggonan Pethik Laut mau duwe cara dhewek-dhewek nurut adat kang diuri-uri teka leluhure. Sakliyane pethik laut Blimbingsari, kabeh ana larunge yaiku sesembahan nyang Gusti Pengeran kang rupa sesaji kang dikelekaken ring segara. Rupa-rupa sesajene beda-beda angger panggonan. Kang padha, mesthi kanggo ngeramekaken pethik laut iku digelar macem-macem kesenian. Ring Blimbingsari sing kathik nganggo larung, naming dianakaken istigosahan lan selametan kampung.
Pethik laut kang rame lan gedhe-gedhean iku ring Muncar. Kerana rame seru, penontone ewuan, pethik laut Muncar dilebokaken nyang calender event Dinas Pariwisata lan Kebudayaan Kabupaten Banyuwangi. Kadhung rika kober nyang Muncar pas pethik laut, nggolet tontonan paran bain, rika temu. Aja takon arane uwong. Melaku ring lurung bain sampek kangelan serange akehe uwong. Ndeleng gedhene acara, ketara kadhung kabeh warga Muncar guyub milu ubeg ngeramekaken upacara adat iku.
Pethik Laut dikawiti ambi tirakatan ring panggonan gitik. Gitik iku perau cilik kang direnggo apik kanggo panggonan sesaji kang dilarung. Ring langgar-langgar dianakaken pengajian lan semaan. Isuke, sedurunge gitik diarak keliling, dianakaken selametan. Sakmarine selametan, sarate kudu gandrungan sulung ring pareke gitik mau. Terus dianakaken ider bumi, yaiku gandrung lan gitike diarak keliling kutha Muncar. Sekira jam sanga, acara resmine dikawiti. Panggone ring TPI (Tempat Pelelangan Ikan ). Bupati lan tokoh masarakat milu nyakseni. Ring TPI iku Bupati disuguhi kesenian kang ditata apik ambi panitia. Serta mari acara resmi, acara kang ditunggu-tunggu yaiku larung sesaji dikawiti. Atusan perau kang bek penumpang wis nganteni arep milu ngelarung. Perau-perau iku kabeh dipajang apik, ndadekaken kahanan segara Muncar kaya ana perayaan gedhe. Gitik kang isi sesaji endhase kebo, jajan pasar, jenang, wowohan, pancing emas, candhu, pitik jago, digotong jakakehan nyang perau. Sakteruse perau kang nggawa gitik nuju tengah segara. Atusan perau liyane ngiring lan ngetutaken mburine. Ring perau kang nggawa gitik mau ana gandrung kang terus njuged lan nembang sak suwene ring tengah segara. Gadug panggonan kang dituju yaiku pas elore Sembulungan, gitik dilarung, diceburaken nyang segara ambi dibarengi wacaan selawat lan takbir, sakakehe wong kang ring atusan perau kang milu. Mari ngelarung, kabeh nuju Sembulungan. Ring Sembulungan ewuan wong uga wis nganteni gandrunge. Ring kana gandrung perlu nyekar nyang kuburane leluhur kelawan njuged ngubengi kuburan. Mari ngerampungaken ajat ring Sembulungan, kabeh aju balik maning nyang Muncar.
Adat pethik laut nduduhaken kadhung menungsa iki gemantung nyang kuwasane Gusti Pengeran. Mula muji sukur iku seru pentinge kanggo nyurasa peparinge Gusti Allah lan nyemendhekaken ati lan pengarep-arep nyang kang Maha Kuwasa

4 komentar:

  1. Upacara pethik laut iki bisa dadi syirik neng agama Islam , merga iku nyekutukaken Gusti Allah. Tapi kerana iku adat Banyuwangi, Upacara Pethuk Laut kudu di lestarikaken. Karo masyarakat Banyuwangi khususe. Apa maneh Upacara Pethik Laut bisa ngundang wisatawan, kang ndadekaken ekonomi ring Banyuwangi meningkat. Merga kadhung ana wisatawan kang teko , dodolan ambi jasa hang di sediakaken ring Banyuwangi akeh hang nggae. Intine , Upacara Pethik Laut bisa nambah rejeki . Rejeki iku dewe kudu di sukuraken , ambi sembahyang kang patheng.

    Abduh Ariq Afifuddin
    VII B/ 01

    BalasHapus
    Balasan
    1. Lah kui sok kemeru nek acara adat niku syirik.niku njalok menyang pengeran mboten menyang laut

      Hapus
  2. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  3. intine opo ae hang ngerupaken bentuk budaya warisan nenek moyang hang nduwe makna utowo nilai positif dlm rangka wujud syukur utowo bentuk doa nang gusti allah hang maha esa jg dlm hal iki tradisi petik laut kudu dilestarikaken.

    Amelia Murti Kuncoro
    7B / 05

    BalasHapus