Rabu, 10 Agustus 2011

BARONG BANYUWANGI

http://hasanbasri08.files.wordpress.com

Kadhung ring Banyuwangi ana kesenian Barong, ya sing mohal. Wong Banyuwangi iku seru dhemene nyang kesenian. Paran maning kesenian kaya Barong. Wujude bain apik tapi setengah medeni. Matane mendelik mencorong, rambute jibros, cangkeme merongos, siyunge nyocok, jenggot lan berengose nyerodok, kupinge mangklang, seriwi ndhaplang. Ring ndhuwur endhase ana makuthane, kelire maneka warna. Ana abang, kuning, ijo, lan sepiturute kelir kang barak. Sing dijugedaken bain medeni, paran maning kadhung dijugedaken. Aju jugedane jimprak-jimprak kaya arep nguber. Pokoke lare cilik sawanen kadhung buru weruh. [More...]

Barong iku dudu kanggo nggambaraken menungsa, naming perlu nggambaraken sebangsa kewan utawa mahluk teka alam alus, dudu muja bangsa alus, naming wong bengen rumangsa kadhung ring alam iki ana alam kasar uga ana alam alus. Alam kasar iku alam kang katon mata, alam alus yaiku alam kang sing katon mata. Menungsa uga gedigu. Duwe jasad kasar lan jasad alus. Jasad kasar iku rupa tangan, sikil lan sepiturute, jasad alus iku roh. Seteruse ring alam iki ana alam cilik lan alam gedhe. Alam cilik iku menungsa, alam gedhe iku jagad. Dadi alam kasar lan alam alus, jasad kasar lan jasad alus, alam cilik lan alam gedhe iku setemene nyawiji. Mula wong bengen nganggep penting ngerumat harmoni rong alam kang beda mau. Wujude, antarane nganggo kesenian barong.

Kesenian barong ring Banyuwangi ana rong macem. Ana barong kanggo ngarak, lan barong kanggo dipentasaken kang ana lakone. Dulur Kemiren lan saubenge ngarani barong kanggo ngarak iku “barong ngeraina” polahe biyasahe ngarak penganten utawa lare sunat iku wayah raina. Kadhung barong kang dipentasaken diarani ‘barong bengi’ polahe biyasahe dimainaken wayah bengi.

Barong ngeraina, akeh-akehe wong wis pating weruh kadhung barong bengi arang kang weruh lan ngerti polahe kesenian iki anane mung ring Banyuwangi dhaerah lor kulon. Persise ring desa-desa saubenge Kemiren Kecamatan Glagah. Barong bengi nganggo kubung, naming sing kathik genjot polahe ring ahir pentas wayah jam 3 isuk, ana macan-macanan kang ndadi. Kang apik maning ring kesenian barong iki antarane penonton lan pemain bisa omong-omongan kaya dene kesenian Lenong Betawi.

Kesenian iki duwe ciri has kang sing ana ring kesenian liyane yaiku bab sesambungane kang raket ambi leluhur pepundhen desa. Kerana sesambungan kang raket iku wis dadi yakine, angger arep tanggapan sing wani ninggal pamitan nyang Buyut. Malah kanggo dulur-dulur Kemiren, nguri-uri kesenian barong iku dudu mung kanggo nggolet picis, naming wujud tanggung jawab njaga keselametane desa. Njaga timbange alam kasar lan alam alus, alam lair lan batin.

Kerana niyate ngerumat barong iku wujud sesambungane nyang leluhur pepundhen desa, mula antara grup siji lan liyane sing tau kedaden tukaran, jugil-jugilan, bangkel, paran maning duwe karep ngebes grup liyane. kang kedaden umume pada tulung-tinulung nyang grup liyane. Mula setemene kesenian barong iki keneng dienggo tuladha ambi kesenian liya mergane nguri-uri lan ngerumat kesenian iku dudu mung perlu nggolet picis, naming kanggo tujuan kang lebih dhuwur lan luhur

13 komentar:

  1. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  2. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  3. Nama : Danika Yusuf Handoko
    Kelas: VII a

    Pak, barong neng indonesia iku sakjane ono piro? ambi kebo keboan iku ? lan kadung kesenian - kesenian neng papua ( Timika ) iku paran ?

    BalasHapus
  4. Kelompok 1 7B
    pertanyaan!
    1. Wujude barong iku mujudaken onone alam paran bain ?
    2. Ring daerah Banyuwangi, endi kang baronge terkenal ?
    3. Paran baen bagian-bagiane barong iku ?
    4. Ring endhase barong iku ono bagian paran bain ?
    jawaban!
    1. Alam kasar lan alam alus
    2. Daerah desa kemiren
    3. Endhas, sriwi, kuluk, awake, jamang
    4. Mata, bacot, cangkeme, untune, kuping, brengos.

    BalasHapus
  5. Kelompok 2 7D

    Bagian barong :
    1. Matane mendelik mencorong
    2. cangkeme merongos,
    3. siyunge nyocok,
    4. jenggot lan berengose nyerodok,
    5. kupinge mangklang,
    6. seriwi ndhaplang.
    Ring ndhuwur endhase ana makuthane, kelire maneka warna.

    BalasHapus
  6. Kelompok 5-7A
    Bagian-bagian Barong :
    1. Matane mendelik mencorong
    2. Rambute jibros
    3. Kupinge mangklang
    4. Cangkeme merongos
    5. Siyunge nyocok
    6. Jenggot lan brengose nyerodok
    7. Serwiwi ndhaplang
    Ring ndhuwure endhase ono makhutane kang kelire maneka warna.

    BalasHapus
  7. Kelompok 3-7A
    1. Akhmad fuhaid zaidan bariz
    2. Dimas wahyu setyawan
    3. Ardian arifka
    4. Atalanta oki agyansyah
    5. Danika yusuf handoko
    6. Moh. Kholil


    Bagiane barong yoiku :
    1. Cangkeme mangap artine kerahang.
    2. Motone mendelik artine kang tangar.
    3. Ilete seng dhowo artine seng pilipilian.
    4. Cunduk artine tunduk.
    5. Ana kupinge artine makne rungu.
    6. Jamang artine ojo mamang.
    7. Endhase artine ojo gumedhe.
    8. Ana rambute / keling artine supoyo iling.
    9. Ana cucuke garudo artine makne waspada.
    10. Ana angsang artine ojo pedheot angsang.
    11. Ana seriwi 2 cilik artine wong wadon kang patheng.
    12. Ana seriwi 2 gedhi artine wong lanang kang patheng.
    13. Ana buntute artine anak
    14. Ana selebrak artine makne gemah / rame
    15. Ana cet warna abang artine lambang semangat.
    16. Ana ejok artine makne tetep
    17. Ana cemeng artine langgeng
    18. Kuning artine ojo maning - maning

    BalasHapus
  8. B. Gawea limang soal lan jawabane masalah barong lan bagian-bagiane !
    1. Soal : Paran kelir makhutane barong kang ana ring nduwur endase ?....
    Jawab : Kelire maneka warna. Ana abang, kuning, ijo, lan sepiturute kelir kang barak.

    2. Soal : Apuwa diarani Barong Ngarak lan Barong Bengi ?.......
    Jawab :Mergane, Barong ngarak iku kanggo ngarak penganten utawa lare sunat wayah raina. Kadhung barong kang dipentasaken diarani ‘barong bengi’ polahe biyasahe dimainaken wayah bengi.

    3. Soal : Barong nggambaraken wujud paran ?....
    Jawab : Nggambaraken sebangsa kewan utawa mahluk teka alam alus, dudu muja bangsa alus, naming wong bengen rumangsa kadhung ring alam iki ana alam kasar uga ana alam alus.

    4. Soal : Paran baen bagian ring endhase barong ?....
    Jawab : Matane mendelik mencorong, rambute jibros, cangkeme merongos, siyunge nyocok, jenggot lan berengose nyerodok, kupinge mangklang, seriwi ndhaplang.

    5. Soal : Paran tujuane masyarakat Kemiren ngelestarikaken kesenian Barong ?....
    Jawab : Tujuan setemene kesenian barong iki keneng dienggo tuladha ambi kesenian liya mergane nguri-uri lan ngerumat kesenian iku dudu mung perlu nggolet picis, naming kanggo tujuan kang lebih dhuwur lan luhur

    Kelompok IV 7C:
    - Fiqih Faizara U. / 8
    - Mersa Puji Kinanty Ningtyas / 14
    - Meutia Tiesa Aprilliane / 15
    - Mita Fanissya / 17
    - Ni Putu Novia Putri / 22
    - Ratnanda Gita Al-Fitri / 24
    - Sarah Shabrina / 27
    - Zuyyina Alfa Romantika / 30

    BalasHapus
  9. 1. Wujude barong iku mujudaken onone alam paran bain ?
    -alam alus ambi kasar
    2. Kesenian barong ring Banyuwangi ana piro ?
    -rong macem
    3. opoae macem-macem kesenian barong neng banyuwangi?
    -Ana barong kanggo ngarak lan barong kang dipentasaken utowo diarani barong bengi
    4. barong bengi iku ananeng endi ae?
    -kesenian iki anane mung ring Banyuwangi dhaerah lor kulon
    5. Ring endhase barong iku ono bagian paran bain ?
    -Mata, bacot, cangkeme, untune, kuping, brengos.

    kelompok 1 7c
    -Gangsar lintas damai/9
    -Rizal Dwi Hermawan/26
    -Muhammad Azhar Basyir/20
    -M. Fajar pratama putra/19
    -Bayu Aji Rachmawan/6
    -Bagas Adi Waskita/5
    -M. Arif Juhriyanto/18
    -Fadie Bhara Arrofi/7

    BalasHapus
  10. Bagiane barong yoiku :
    1. Cangkeme mangap
    2. Motone mendelik
    3. Ilete seng dhowo
    4. Cunduk
    5. Ana kupinge
    6. Jamang
    7. Endhase
    8. Ana rambute / keling
    9. Ana cucuke garudo
    10. Ana angsang
    11. Ana seriwi 2 cilik lan 2 gedi
    12. Ana buntute
    13.Ana selebrak
    14. Ana cet warna abang,cemeng,kuning lan ijo

    kelompok 3, 7C
    1.Agista catur F/02
    2.Rima ayu fitli S/25
    3.Luthfiah hanifah/12
    4.Narulita lestari f/21
    5.Aliefia rizky/03
    6.Inas zakiyyah/11
    7.Alsia maulidia/04

    BalasHapus
    Balasan
    1. Bagiane barong yoiku

      1.Kuning artine ojo maning – maning.
      2.cemeng artine langgeng.
      3.ejok artine makne tetep.
      4.cet warna abang artine lambang semangat.
      5.selebrak artine makne gemah / rame.
      6.seriwi 2 gedhi artine wong lanang kang patheng.
      7.angsang artine ojo pedheot angsang.
      8.buntute artine anak.
      9.seriwi 2 cilik artine wong wadon kang patheng.
      10.Endhase artine ojo gumedhe.
      11.cucuke garudo artine makne waspada.
      12.rambute / keling artine supoyo iling.
      13.kupinge artine makne rungu.
      14.Jamang artine ojo mamang.
      15.Cangkeme mangap artine kerahang.
      16.Ilate seng dhowo artine seng pilipilian.
      17.Motone mendelik artine kang tangar.
      18.Cunduk artine tunduk.

      Kelompok 4 7A
      Nama Anggota :
      1. Risa Nurwahyuni (27)
      2. Rara Ayu Annisa Putri (26)
      3. Syafira Dwi Nastiti (29)
      4. Nanda Putri Rahmania (25)
      5. Icha Winda Dian Safira (17)
      6. Hanni Imanniar Rozana (16)

      Hapus
  11. Ciri Cirine Barong Banyuwangi.

    1.Wujude apik tapi setengah medeni.
    2.Matane mendelik
    3.rambute jibros
    4.cangkeme merongos
    5.siyunge nyocok
    5.jenggot lan berengose nyerodok
    6.kupinge mangklang, seriwi ndhaplang
    7.Ring ndhuwur endhase ana makuthane
    8.kelire maneka warna.Ana abang, kuning, ijo, lan sepiturute kelir kang barak.

    Maknane Barong.

    1.Kuning artine ojo maning – maning.
    2.cemeng artine langgeng.
    3.ejok artine makne tetep.
    4.selebrak artine makne gemah / rame.
    5.seriwi 2 gedhi artine wong lanang kang patheng.
    6.angsang artine ojo pedheot angsang.
    7.buntute artine anak.
    8.seriwi 2 cilik artine wong wadon kang patheng.
    9.Endhase artine ojo gumedhe.
    10.cucuke garudo artine makne waspada.
    11.Jamang artine ojo mamang.
    12.Cangkeme mangap artine kerahang.
    13.Ilate seng dhowo artine seng pilipilian.
    14.Motone mendelik artine kang tangar.
    15.Cunduk artine tunduk.

    Kelompok 7A
    Anggota:
    1.Adhara Damayanto (01)
    2.Alda Dian Rozanti Rahadi Putri (03)
    3.Della Kusumaning Putri (09)
    4.Devina Dwi Larasati (10)
    5.Firda Ainia Adha (14)
    6.Zhenia Ayu Nanda Permatasari (30)

    BalasHapus
  12. Maknane Barong.

    1.Kuning artine ojo maning – maning.
    2.cemeng artine langgeng.
    3.ejok artine makne tetep.
    4.cet warna abang artine lambang semangat.
    5.selebrak artine makne gemah / rame.
    6.seriwi 2 gedhi artine wong lanang kang patheng.
    7.angsang artine ojo pedheot angsang.
    8.buntute artine anak.
    9.seriwi 2 cilik artine wong wadon kang patheng.
    10.Endhase artine ojo gumedhe.
    11.cucuke garudo artine makne waspada.
    12.rambute / keling artine supoyo iling.
    13.kupinge artine makne rungu.
    14.Jamang artine ojo mamang.
    15.Cangkeme mangap artine kerahang.

    Bagiane Barong.


    1.Wujude apik tapi setengah medeni.
    2.Matane mendelik
    3.rambute jibros
    4.cangkeme merongos
    5.siyunge nyocok
    5.jenggot lan berengose nyerodok
    6.kupinge mangklang, seriwi ndhaplang
    7.Ring ndhuwur endhase ana makuthane
    8.kelire maneka warna.Ana abang, kuning, ijo, lan sepiturute kelir kang barak.

    Anggota kelompok 2 7a:
    Alvina Octaviani Putri (04)
    Jian Rizki (18)
    Karenina Marvinza Agatha (19)
    Lidya Hana R. (20)
    Nadya Umama (24)
    Suraida Nurul Oktavia (28)

    BalasHapus